Sabtu, 29 November 2014

SEMAR MBANGUN KAHYANGAN

Salah siji keluarga Punakawan sing nduweni rupa sarwendah lan nduweni aura kang bisa nenangake marang sapa wae sing mandeng yaiku Semar. Kanthi dasa nama Batara Ismaya. Dheweke lair dadi wong ora nduwe utawa mlarat. Semar ngabdi dadi tukang asuh para raja sing ngedegkake kabecikan. Dheweke namung wong ndesa sing nglayani umate kanthi lila lan tenanan. Kuncung putih nggambarake yen Semar iku mesthi mikir perkara kang suci anggawa kabecikan. Ana ing kauripan Jawa, Semar iku nandakake Ketuhanan.
            Sawijining dina ing negara Ngamarta, Dewi Drupadi, para dayang lan Prabu Puntadewa mlebu ing  pagelaran agung. Ing kana Patih Tambakganggeng, Raden Werkudara, Raden Janaka, Raden Nakula, Raden Sadewa, Raden Antareja, Raden Gathotkaca, dan Raden Pancawala sampun ngadep. Ora let suwe raja Dwarati teka.
“Kakanda Prabu, niat ku ngundang tekamu namung kepengin mangerti apa sabenere sing nyebabake bencana lan kerusakan ing bumi Ngamarta iki”.
 “Yayi Prabu! bencana lan kerusakan ing bumi Amarta iki disebabake dening Kakang Semar sing kepengin mbangun kahyangan. Panggonane dewa tri dasa nawa.”
“Walah dalah, banjur kudu kepiye marang Kakang Semar?”. Prabu Kresna mangsuli “Kakanda Prabu, kekarepan Kakang Semar kudu digagalake, menawa ora gelem Kakang Semar kudu dipenjara”.
Banjur Prabu Puntadewa prentah Janaka ngundang Semar supaya ngadep menyang  Ngamarta. Nalika, Janaka durung lunga, Petruk kanthongbolong teka. Taksih ngos-ngosan lan kringete gemrobyos, Petruk banjur ngadep Prabu Puntadewa lan njelasake yen dheweke diprentah Kakang Semar supaya njilih telu pusaka. Jamus  Kalimasada, Tumbak kyai Karawelang lan Payung  Kyai Tunggulnaga.
Dene telung pusaka kui njelasake niat apike Semar. Kalimasada nduweni makna syahadat. Kanthi pusaka iki Semar duweni niat arep mbangun jiwa kang mulya. Tumbak Kyai Karawelang duweni arti ketajeman utawa landep, maksude yaiku Semar nduweni karep membangun landepe ati para Pandawa. Dene Payung Tunggulnaga maknane yaiku menawa Pandawa dadi pemimpin kudu duweni jiwa lan rasa ngayomi kaya dene gunane payung.
Ananging Kresna ora setuju, dheweke nganggep rencana Kakang Semar kui nglawan kodrate. Sebab  sing mbangun kahyangan kudune Sang Hyang Jagad Girinata dudu Semar.  Prabu Puntadewa banjur ngusir Petruk saka Ngamarta lan prentah supaya nunggu jawaban ing alun-alun.
Sak wise Petruk lunga, Prabu Kresna, Arjuna, Patih Tamakganggeng, Gathotkaca, Antareja lan Setyaki metu ninggalake pagelaran agung. Banjur Raden Sadewa nyepaki Prabu Puntadewa. Dheweke ngomong “Kanda Prabu, apa sing diomongake prabu Kresna durung mesthi bener. Merga sing dimaksud Kakang Semar arep mbangun kahyangan durung mesthi kahyangan para dewa. Nanging sing dimaksud bisa ugi batin, jiwa, rasa lan ruhani keluarga Pandawa”
“Banjur kepiye carane supaya bisa ngerti kahyangan ndi sing arep dibangun dening  Kakang Semar, Dhimas?”. “kita kabeh kudu semedi ing njero gedhong pusaka, Kanda Prabu”.
Banget gugupe kapengin ngerti ndi sing sebenere, Prabu Puntadewa, Raden Werkudara, Raden Sadewa, lan Raden Nakula mlayu banter banget menyang gedhong pusaka banjur semedi njaluk petunjuk dhateng Gusti Kang Maha Kuwasa. Menawa bener Kakang Semar arep bangun kahyangan Jong Giri Saloka, telung pusaka mau bakale tetep ana ing panggonane. Nanging yen kakang Semar arep bangun atine para Pandawa, telung pusaka kui bakal ilang saka panggonanae.  Sakrampunge Semedi, Pandawa kaget meruhi telung pusaka mau ilang saka panggonane lan pindah menyang Karangkabuyutan. Delok kedadean  mangkana, akhire para Pandawa sadar lan meneng-meneng mangakat menyang Karangkabuyutan lewat lawang mburi tanpa dimangerteni Kresna.
***
Ing ngisore wit ringin kembar nang tengah alun-alun Ngamarta, karo nyekeli rokok klobote Petruk ngenteni jawabane Prabu Puntadewa. Lagi asik ngisep rokok, saka mburi ana sing jawil pundake. Jebule Antasen. Ing kana Antasena jelasake yen telung pusaka arep teka ning Petruk, nanging sak durunge Petruk bakale ngadepi striya sing arep ngusir deweke disik saka Ngamarta.
“huhu...huu..hu...” Petruk nangis keweden kaya bocah cilik nyambat marang ibune.
“Aja khawatir Truk, aku arep jelma melbu ana ing awakmu. Aku bakal nglindungi awakmu, kanthi cara mangkana kowe bisa nglerem emosine Puntadewa”. Banjur Petruk merem lan narik napas, Antasena melbu ana ragane Petruk.
Pas Petruk mbukak matane, Setyaki teka lan ngongkon Petruk bali marang Karangkabuyutan. Nanging Petruk ora gelem bali, Antasena banjur ngantem sirahe Petruk nganggo Gada. Gada mau saya di antemake malah saya cilik. Mangerteni kaya mangkana Setyaki kisinan banjur bali.
Ora keletan suwi saka lungane Setyaki, Gathotkaca teka marani Petruk. Tujuane pada karo Setyaki yaiku ngongkon bali Petruk marang Karangkabuyutan. Nanging merga Gathotkaca ora bisa mangsuli pitakonane Petruk, banjur Petruk oleh yen ora bali disik. Durung keletan suwi bayangne Gathotkaca ilang, Antareja metu saka jero bumi nyemburake wisa Naga marang dadane Petruk. Langsung Petruk males nganggo Sungute Antasena, Antareja ora kuat nahan banjur mlebu ana njero bumi maneh.
Sakwise rampunge adu serang kuwi, tugase Antasena nglindungi Petruk uwis rampung. Saka kadoan katon telung pusaka teka cepet kaya kilat mandek pas ana dadane Petruk. Petruk bungah banget bisa ngolehi telung pusaka sing diamanahake marang deweke, saka Rapa Semar. Petruk banjur bali marang Karangkabuyutan.
Raden Antareja, Setyaki lan Antasena ora kenal kesel napaki alas waton, munggah gunung mudun gunung, nyebrang kali seduwur dada supaya bisa tekan Karangkabuyutan.
 ***
Prabu Kresna lan Janaka menyang Jonggring Saloka ngiadep Batara Guru. Loro satriya iki nglaporna yen Semar nduwe rencana arep mbangun kayangan Jonggiring Saloka. Dilapori kaya mangkana, Batara Guru murka lajeng prentah Kresna, Janaka lan Batara Durga supaya ngalang-ngalangi kepinginane Semar. Banjur Kresna nyamar dadi raksasa ireng segede gunung lan Janaka nyamar dadi macan putih gedene sak jaran teji.
Dene ing Karangkabuyutan Semar wis dadi siji karo alam batine  Sang Hyang Wenang. Ora let suwi teka Prabu Puntadewa, Werkudara, nakula, Sadewa lan Petruk nggawa telung pusaka Ngamarta.
“Putu-putu..ulun Pandawa.. melbu a ning ragane Semar”.
“Inggih Sang Pukulun Hyang Wenang”.
Banjur putu-putu Pandawa melbu ing awakke Pandawa. Nang kana para putu Pandawa oleh wejangan urip, ilmu lan lima inti ajaran Sastra Jendral Hayuningrat Pangruwate Diyu. Yaiku tapa jasad, tapa budi, tapa nafsu, tapa sukma, tapa cahaya lan tapa gesang.
Wektu putu Pandawa lagi diwenei wejangan. Ana njaba kelakon perang antarane macan putih lan raksasa ireng nglawan Setyaki, Antareja lan Gathotkaca. Saking wedi lan bingunge Petruk banjur nglaporake marang Setyaki. “bener cilaka ndara.. macan putih lan raksasa ireng bisa ngalahake kabehane. Banjur kepiye karo keslametane Semar?”. “tenanga awakmu Truk”.
Ing ngarep mungsuhe, Antasena ngucap ajian tolak bala. “kajate ora dadi. teguh, rahayu,wiyana, slamet. Slamet saka kersane dewa..”. banjur mungsuh loro mau malih marang wujud asline. Semar murka marang Krsna, amarga rumangsa dadi raja ora telsih ngadepi masalah. Durung jelas duduk perkarane uwis main lakob sekarepe dhewe. Semar uga murka marang Batara Guru banjur ngobrak abrik kayangan Jonggring Saloka, kabeh pusaka ora ana kang bisa ngalahake Semar. Saking kewedene Batara guru mlayu ing Karangkabuyutan. Nanging murkane Semar ora bisa dihindari maneh. Nangendi wae papan Batara Guru umpetan bisa ditemokake Semar. Nganti akhire Batara Guru jaluk pitulungan marang Pandawa lan jaluk pangapura marang Semar.
Sakwise emosine Semar lerem, Batara Guru, Kresna lan Janaka dingapurani. Akhire tujuane Semar mbangun batine para Pandawa bisa klakon. Awan pekat sing nylimuti alon-alon semingkir. Kasi sang Surya mancarake sinare ing kabeh penjuru jagad Ngamarta. Lan kabeh umat bali ing dalan kang lurus, urip kang ayem tentrem.