Nama :
Nailufar Halilatul. A
Nim :
2601413101
Rombe : 04
Assalamu’alaikum
Wr.Wb
Katentreman,
kawilujengan, kabahagyan mugi kajiwa
kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi.
Nuwun, sanggyaning para sesepuh ingkang
pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri, para mudha wredha ingkang tansah ing
suka basuki.
Linambaran
kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang
sampun paring pinten-pinten rahmat kaliyan hidayahipun. Katitik ing wekdal
punika, kula panjenengan sedaya saged makempal wonten ing dalemipun Bapak
Suhendro saperlu mengeti adicara tedhak siten kangge putranipun, inggih punika
dhik Agung.
Para
tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Sak derengipun adicara tedhak
siten dipunwiwiti, kula minangka pambiwara badhe nglantaraken rantaman adicara
tedhak siten ing sonten punika :
Sepisan :
Pambuka
Kaping kalih :
Atur Pambagyaharja saking sohibul hajat
Kaping tiganipun :
Acara inti inggih punika tedhak siten
Kaping
sekawan : Panutup
Bapak Ibu saha para tamu sedaya ingkang winantu ing
pakurmatan
Mekaten rantaman adicara Tedhak Siten ing sonten
menika. Sakderengipun adicara dipunwiwiti sumangga sareng-sareng maos basmallah
langkung rumiyin: Bismillah hirahmannirrohim.
Bapak saha Ibu ingkang winantu ing kamulyan
Menggah titilaksana adicara sak lajengipun inggih punika
atur pambagyaharja dening Sohibul hajat Bapak Suhendro, Katur Panjenenganipun
Bapak Agus, kula sumanggaaken.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr.Wb