Selasa, 31 Maret 2015

Pranatacara adicara tedhak siten

Nama   : Nailufar Halilatul. A
Nim     : 2601413101
Rombe : 04


Assalamu’alaikum Wr.Wb
Katentreman, kawilujengan, kabahagyan  mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sadaya waradin sagung dumadi.
Nuwun, sanggyaning para sesepuh ingkang pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri, para mudha wredha ingkang tansah ing suka basuki.

            Linambaran kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat kaliyan hidayahipun. Katitik ing wekdal punika, kula panjenengan sedaya saged makempal wonten ing dalemipun Bapak Suhendro saperlu mengeti adicara tedhak siten kangge putranipun, inggih punika dhik Agung.
            Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Sak derengipun adicara tedhak siten dipunwiwiti, kula minangka pambiwara badhe nglantaraken rantaman adicara tedhak siten ing sonten punika :
Sepisan                        : Pambuka
Kaping kalih                : Atur Pambagyaharja saking sohibul hajat
Kaping tiganipun        : Acara inti inggih punika tedhak siten
Kaping  sekawan         : Panutup

Bapak Ibu saha para tamu sedaya ingkang winantu ing pakurmatan
Mekaten rantaman adicara Tedhak Siten ing sonten menika. Sakderengipun adicara dipunwiwiti sumangga sareng-sareng maos basmallah langkung rumiyin: Bismillah hirahmannirrohim.
Bapak saha Ibu ingkang winantu ing kamulyan
Menggah titilaksana adicara sak lajengipun inggih punika atur pambagyaharja dening Sohibul hajat Bapak Suhendro, Katur Panjenenganipun Bapak Agus, kula sumanggaaken.
Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Rabu, 25 Maret 2015

Mandeg

Dening : Nailufar Halilatul Aniskurli

Saya suwe saya judeg
Meruhi lakumu sing ajeg, 
Ora tau bisa jejeg 
Owalah Cah, kapan anggonmu bisa teteg? 
Idu iki nganti ora bisa ka eleg 
Nahan tatu nganti ndredeg 
Kaya-kaya mak jenggirat kepengin ngadeg 
Banjur njerit sejatine "AKU KEPENGIN MANDEG"

Selasa, 06 Januari 2015

Gunungan


GUNUNGAN utawa kayon sajrone gelaran wayang kulit ora mung digunakake dhalang minangka piranti kanggo njangkepi crita supaya bisa lumaku kanthi samesthine. Nanging, luwih saka iku nduweni maksud lan kekarepan: tanpa gunungan, wayang kulit ora bisa diparagakake. Ora bakal ana kauripan, ora bakal ana crita wayang.
Kepriye lire? Kita asring mangerteni, nalika ki dhalang durung munggah sasana pentas, nalika para pengrawit wus miwiti gendhing-gendhing manguyu-uyu, gunungan wis ditancepake ana tengah kelir. Wektu iku, dunya durung ana crita.
Dunya saisine nalika durung ana manungsa temtu isih wujud alam liar. Ora beda kaya digambarake sajrone gunungan, ana wit gedhe, kewan awujud ula, macan, bantheng, manuk, kethek. Saliyane iku uga ana buta sing cacahe loro lagi njaga gapura.
Sawise gendhing patalon rampung diungelake lan ki dhalang wus mapan, kayon dijabud saka gedebog. Nembe sawise iki, urip lan crita lagi diwiwiti dening ki dhalang sing ora liya diibaratake minangka “titahe Gusti”. Sawise dijabud, gunungan banjur ditancepake ana kiwa lan tengene ki dhalang. Nalika iku, urip lagi ana, crita lagi diwiwiti.
Ora mung kanggo dipajang, kayon uga bakal digunakake maneh kanggo misahake pathet sajrone crita wayang: ana pathet nem, sanga, lan manyura. Saliyane iku, kayon digunakake kanggo kabutuhan adegan khusus, kaya nggambarake segara, alas, utawa mbedakake adegan siji lan liyane.

Filosofi Gunung
Yen disawang saka wujude, kayon ora liya kajaba niru wujude gunung. Sacara filosofis, pucuk gunung sing lincip nggambarake sapa wae sing gelem ngupaya bakal nggayuh karaharjan sanajan pancen angel bisa nganti pucuke. Pancen ora gampang lan merlokake pangurbanan supaya bisa tekan pucuke.
Nyawang pucuke gunung, ora liya tansah eling marang tujuan sing wis dadi kekarepan sing kudu tansah diudi. Pancen ora gampang tekan kana amarga akeh godha lan rubeda. Nanging yen wis tekan pucuk bakal bisa nyawang ngisor kanthi rasa marem amarga wis nglakoni akehe panandhang.
Sajrone gunungan wayang kulit mesthi digambarake ana wit, manuk, lan ula. Iku ora liya kejaba manungsa gunung saisine tansah kepengin dijaga. Gunung minangka peparing saka Gusti kang ora kinira. Ora bisa dibayangake uripe manungsa tanpa gunung saisine.
Prof Stephen Oppenheimer, peneliti saka Universitas Oxford Inggris, ngandhakake yen wit, manuk, lan ula minangka sumber saka kauripan. Sajrone buku Eden in The East: Benua yang Tenggelam di Asia Tenggara (1998), piyambake nyerat yen nalika bumi isih ana ing jaman es, wit-witan satemene dadi punjere urip.
Thukule wit mratandhani yen lemah subur. Saka wit, wektu iku manungsa bisa dhahar buah. Yen manuk lan ula, miturut Prof Stpehen, nyimbulake Sing Gawe Urip. Manuk iku sejatine nggambarake langit lan sipate wong lanang. Suwalike, yen ula minangka wujud bumi lan nduweni sipat wadon. Yen wit-witan, manuk, lan ula bisa kumpul, bumi bakal subur.
Saliyane iku, ana buta loro sing lagi nyekel gada. Sing sapa wae kepengin munggah ana pucuke gunung, kudu ngadhepi buta sing wengis. Wujud yen pancen ora gampang bisa nggayuh kamulyan. Ana uga sato kewan kayata macan, bantheng, lan kethek. Kabeh bisa urip bebarengan ana sajrone gunung.
Saiki, gunung wis seseg dening manungsa, kelebu kabeh kekarepane. Wit lan kewan dadi kurban. Ora itungan maneh lan embuh nganti kapan kabeh mau dadi kurbane manungsa. Yen wis kaya mangkono, kita mung bisa nyawang tanpa bakal bisa tekan pucuke gunung


http://jawa.unnes.ac.id/esai/kayon/

Senin, 05 Januari 2015

Blangkon

Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)

Jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:
Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:

1.    Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
2.    Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3.    Blangkon Kedhu.
4.    Blangkon Banyumas.
5.    Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.


Wayang Kulit


Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.



Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké,UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi. 


Panyebaran 

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaikuGagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé.

Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.


Minggu, 04 Januari 2015

Kérata basa


Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung. Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok kenging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana dipunkinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.

Tuladha: 
Bapak = bab apa-apa wis pepak (pepak kawruh lan pengalaman). 
Batur = embat-embataning tutur. 
Bocah = mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah. 
Brekat = mak breg diangkat. 
Cangkir = dianggo nyancang pikir. 
Cengkir = kencenging pikir. 
Copet = ngaco karo mepet-mepet. 
Denawa = ngeden hawa (nguja hawa napsu). 
Desember= gedhe-gedhene sumber. 
Garwa = sigaraning nyawa. 
Gedhang = digeget leh bar madhang. 
Gelas = yèn tugel ora bisa dilas 
Gethuk = yen digeget karo manthuk-manthuk. 
Gerang = segere wis arang. 
Guru = digugu lan ditiru. 
Gusti = bagusing ati. 
Jungkat = majuning tekat 
Kaji = tekade mung siji(ngantebi panembahe marang Gusti Allah). 
Kathok = diangkat sithok-sithok. 
Kodhok = teka-teka ndhodhok. 
Krikil = keri ing sikil. 
Kuping = kaku njepiping. 
Kupluk = kaku nyempluk. 
Kursi = yen diungkurake banjur isi. 
Ludruk = gulune gela-gelo, sikile gedrag-gedrug. 
Maling = njupuk amale wong sing ora eling. 
Mantu = dieman-eman meksa metu. 
Perawan = yen pepara (lelungan) kudu wayah awan. 
Saru = kasar tur kleru. 
Sekuter = sambi sedheku mlaku banter. 
Sepuh = sabdane ampuh. 
Simah = isining omah. 
Sirah = isining rah. 
Siti = isi bulu bekti. 
Sopir = yen ngaso mampir (ing warung). 
Sruwal = saru yen nganti uwal. 
Tandur = nata karo mundur. 
Tapa = tatane kaya wong papa. 
Tarub = ditata dimen murub. 
Tebu = antebing kalbu. 
Tepas = titip napas. 
Tuwa = ngenteni metune nyawa ; untune wia rowa. 
Wanita = wani mranata. 
Wedang = dianggo gawe kadang. 
Weteng = ruwet tur peteng.


Sabtu, 03 Januari 2015

Bab Laku Nitisake Wijining Dumadi Murih Tumuruning Wiji Kang Becik



Amratelakake lakune nitisake wijining dumadi, nyumurupi wewijangane wiji lan peprincening piranti. Mungguh lakune nitisake wijining dumadi, iku ana petang prakara, iya iku: lila, narima, temen, utama.
1.   Lila, iya iku wong priya kudu lila yen kelonglongan, ing kene karepe nuruti panjaluke rabine, amarga panjaluk mau, yen kapiturutan, dadine rabine banjur dhemen marang lakine, ing wusana bisa mantep.
2.   Narima, iya iku wong priya kudu narima marang suka-pirenaning rabine (kang arupa leladi saka rabine), amarga ing atase laden iku yen katarima, tegese katampa kalayan seneng, mesti bakal gawe legane kang leladi, ing wusana dadi madhep lan sregep.
3.   Temen, iya iku wong priya kudu nuhoni ing semayan utawa sesanggeman, amarga manawa netepi ing janji, iku bisa mahanani katresnan, ing wusana dadi kedep.
4.   Utama, iya iku wong priya kudu demen ngapura marang kaluputane rabine, amarga dadi wong priya iku manawa sabar demen ngapura marang kaluputan kang remeh-remeh, iku bakal mahanani tumemening rabine, ing wusana dadi gelem labuh.
Ana dene nyumurupi wewijangane wiji, iku kudu ngreti marang lakuning wektu karon-sih, dene lakune karon-sih iku uga ana petang prakara, iya iku: eneng, ening, awas, eling.
1.   Eneng, iya iku wektu karon-sih atine kudu eneng (menep), dene paedahe bisa suwe wetuning rahsa, lan gawe kandeling wiji,. Amarga ati kang menep mau bisa ngenthelake wiji (jiwa), kentheling jiwa bisa mahanani kandeling wiji, ing wusana dadining anak ing tembe bisa dawa umure.
2.   Ening, iya iku atine kudu ening, dene paedahe bisa nikmat rasane lan manfaat. Amarga kaweningan mau bisa gawe weninging wiji (tetep trimurti), wiji kang tetep trimurti mau ing wiji ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kawasa.
3.   Awas, iya iku kudu mulat kedep-liringing rabine, wektu karon-sih, kendho apa mempeng, utawa ngulatake tumitising wiji ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kang wis kapratelakake ing dhuwur.
4.   Eling, iya iku aja mikir liya-liyane, kajaba eling yen wektu iku lagi nitisake wiji, mula yen rabine semu kendho ing karon-sih, wajib eling, manawa durung binuka bakuning rasa, tumuli duweya osik sumedya mbuka kadatoning rahsa, supaya rabine mau gumregut rasane, lan maneh yen nyumurupi cahyaning wiji ala kang bakal tumitis, banjur enggal-enggal bisa nglebur sarana laku nusupake utawa mutahake menyang ing jaba. Dene manawa uninga wiji becik kang bakal tumitis, iya banjur bisa mrenahake ing papan samestine.
Mungguh tuwuhing rasa iku jalarane ana loro prakara, iya iku: marahi lan meruhi.
1.   Marahi, iya iku sadurunge tumindak karon-sih, kang priya miwitana mbuka rasa sarana kekembangan saprayogane, dene paedahe bisa mempengake atining rabine, yen wis katon mempeng rabine tumuli tumindaka karon-sih, iku rabine saka katuju karepe dadine banjur lega kanti suka rena. Mula sadurunge karon-sih luwih dhisik mangsetiya tumuruning wiji kang becik (teteping trimurti), kapantenga ana ing cipta.
2.   Meruhi, iya iku aja nganti nerak wewalere, nanging malah mbumbonana kang prayoga. Dene wewaler iku: nyumurupi wewadining wanodya lan wewadining wiji. Kang diarani wadi mau katerangane mangkene: bab kang diarani tumindak rusuh, iya iku rusuh arep nyumurupi marang wewadining wanodya. Dene kang diarani elok, iya iku arep nyumurupi wewadining wiji.
Dene wadining wanodya bakuning rasa, iku wijang-wijange mangkene: ing sajroning baga iku ana kulite alus sarta sangisoring batuk baga ing jero uga ana kulite kang diarani daging song, song mau gedene pada lan batuking baga, mangisoring song ana urate loro (diarani purana), urat iku lengket ing semu katone mung siji, iya iku kang minangka let-letan banyu telung warna, iya iku: satengening urat iku dalan banyu sene, sakiwane urat iku dalan banyu suker (getih), mung tengahing urat loro mau iku dalaning banyu rahsa pita (kama). Dene urat loro iku ing dhuwur gathuk karo song, terusane anjog ing lawang kadatoning rahsa, lawang mau ngrukubi Sang Hyang Kamajaya (uwel), kang diarani uwel iku lawang kekandhanganing jabang bayi, wujude mung bening kaya kaca.
Mungguh kahanane song mau iya iku poking rasa, amarga samasa kagosok (kagepok) banjur mekrok, kaya dene kewan kintel saben kagepok banjur mlembung, mekroking song mau jalaran saka rasa keri, yen wis krasa keri iku bisa narik rosaning rasa nikmat. Dene lawang yen wis menga banjur kawawa nduwa, uwel, iya iku narik kekandhanganing bebayi. Kekandhanganing bayi mau yen nganti nyaut utawa nadhahi kamaning priya, iku adate tumrap wanodya awake mesti banjur krasa keri, gumriminging rasa temahan dadi cape (marlupa).
Saiki mratelakake kekandhanganing bebayi, mungguh wewijangane mangkene: ing sadurunge kaisenan wiji saka wong priya, kekandhangan mau wujude isih kimpes, sarta mawa urat dumunung ing pucuk minangka gantilan. Urat mau ana loro, kang siji urat urut-urutane kang anjog ing jantung, dene sijine urat urut-urutane kang anjog ing wadhuk.
Urat kang anjog ing wadhuk iku kasamadan dening genining manusa kang arane Yitnamaya. Geni mau gedhene mung samrica, iya iku kang kawawa matengi pangan sajroning wadhuk, sarta kawawa nyepuhi wiji kang wis ngumandhang ing kekandhanganing bayi. Kandhang bayi iku manawa panyaute bener ora luput, nganti bisa ngamedi pucuking pasta-purasa (ngepuh kam), ing mangka kapinujon kasusupan wiji, iku banjur bisa kalebon mani, dene mani kang wis kumpul lawan wiji ana sajroning kandhang kono, iku mratandhani yen wiji bakal dadi, mula wong wanodya banjur ngandheg. Ing sajroning ngandheg, upama kinaron-sih ing priya liyane iku wis ora bisa kasusulan wiji kang dadi maneh, kajaba kang nitis sapisan mau. Yen kurang pracaya katerangane kene ginawe kosok bali, kang minangka tandha seksine iya iku bapa manawa wis mati kajupuka balunge, anak kang isih urip kairisa wetokna getihe katetesna ing bebalunging bapa mau, mesti getihing anak banjur amblas (kasesep), manawa dudu getihing anak dhewe iku mesti ora kasesep (ora ambles ing bebalung).
Ambaleni wiji kang wis ngumandhang ing kekandhangan, ing kono mani saya suwe saya tambah matimbun-timbun, yen wis kebak banjur malembung. Yitnamaya urube saya banget, sasuwene kasalad urubing Yitnamaya wusanane banjur kenthel, samasa wis kenthel banjur kumulit, yen wis kumulit banjur gana, nanging isih kakum ing banyu. Sajroning gana kakum ing banyu, iku banjur nurut bolonganing urat kang gandeng karo wadhuk. Mungguh kumambanging gana iku kaya dene banyu kang dumunung ing godhong lumbu. Sawise mangkono gana banjur gatra kaya pepukiran ing manusa, gatra mau saya suwe saya mundhak gedhe lan mundhak kekuwatane, ing kono banyu kang kakuman gana banjur njendhel, jendhelaning banyu uga banjur mundhak sumaring maneh, ampase pada kelet ing kuliting bayi, dene sarine dadi kawah. Mula pepelinge wong tuwa-tuwa, tumrap wong wanodya kang ngandhut lagi masane gana, iku aja sok ngajangake solah-bawaning raga, awit manawa kepleseting wiji, iku bisa njalari gagar (kluron).
Samengko genti mratelakake wewadi wadining wiji ing nalika arep tumitis, sajatine sengseming atining bapa kang ketarik dening dayaning wiji mau mangkene: Manawa arep nitisake wiji iku kang luwih dhisik manuksma ana ing utek, lebuning wiji nurut lebuning napas, tumuli nuksma ana ing panon, banjur manggon ana ing pramana, ing kono wis kawawa narik maya (sengseming ati sakaloron bapa lan biyung), temahan kelakon karon-sih iku wiji banjur manuksma ana ing rasa, dene tumibane ing biyung iku mbarengi wetune rahsaning bapa, kang banjur katampan ing papane. Lakuning wiji mau miturut wetuning swasana, ing kono banjur tempuk karo metuning rahsa (mani) banjur kacatok dening kandhangan, sawise mangkono wiji tumuli tumempel, ing kono kudrating Pangeran wis ora owah maneh, tumrap kadadiyane bocah ing tembe, lelakone sarta wewatekane, miturut tanceping cipta sarta rasaning karep wektu pepasihan, ana kang minangka tandha-yektine, iya iku wujuding rupa mesti mirib (memper) bapa lan biyung, sabab wektu sih-sinihan sisi lan sijien tunggal padha nancepake katresnan, kaya rahsa narik jiwa, mula anak iku uga kena sinebut layanganing jiwa, dadi wis tetela tanceping warna kang ana ing cipta iku mahanani warna, rahsaning karsa lan greneking cipta mahanani wewatekan lan lelakon, mula iya ana paribasan: Kacang manut lanjaran. Utawa: Ora ana banyu mili mandhuwur. Kang mesthi banyu mili mangisor. Karepe bebasan iku mangkene: Rupaning anak iku mesthi mirib wong-tuwane.
Samengko mratelakake wewijangane wiji kang katarik saka dayaning bapa, ing nalika lebuning wiji mbarengi lebuning napas, nuli sumimpen ana ing utek, banjur rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari iya sarining utek, pamanggone sajroning manik. Sawise wiji ana ing kono kawawa manuksma ing pramana sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana ndayani tunggal karep, yen wis nunggal garepe wiji narik daya surenging karon-sih, mangkono iku manawa cinegah dadi paedah, yen linantur dadi batur. Tegese: Sing sapa nuju kasusupan wiji, mangka bisa nanggulangi karepe iku sayekti bakal tambah muncaring cahyane lan padhanging pamwas, dene yen tinurutan bakal kawawa mahanani anak, dadi tetela wijining anak iku manut empaning cipta, sarta urubing pramana minangka bahu (nguled), bumbu yen wis kauled ing bahu banjur kumpul, dene matenge saka daya Yitnamayaning biyung, dadi matenging panganan mau jenenge wis mapan, mulane mangkono, amarga urubing pramana iku manut mapaning cipta.
Terange mangkene. Saupama tanceping cipta welas asih, urubing pramana sarta wiji mesthi maya-maya, iku mahanani wewatekaning anak ing tembe linulutan ing sapada-pada, sarta jatmika alus ing budi, nanging kurang lantip ing panggraita.
Saupama tanceping cipta matutuk rumasa kabeneran ing sapolah-polahe, urubing pramana sarta wiji mesthi biru muyek marakata, iku mahanani wewatekane anak ing tembe bodho ing budi, nanging becik atine.
Saupama tanceping cipta kadereng ing kabudayan, urubing pramana sarta wiji mesthi warna abang mbaranang mblerengi, iku mahanani wewatekane anak ing tembe landhep ing panggraita sarta berbudi, nanging getapan sarta panas baranan.
Saupama tanceping cipta drengki, urubing pramana sarta wiji mesthi warna dadhu bureng marakata, iku mahanani wewatekane anak ing tembe culika, ndaluya, dora-cara, kang mangkono iku adate sok kataman lara owah (gingsir).
Saupama tanceping cipta kang lagi nungkul ing puja brata, mangke katarima, urubing pramana sarta wiji mesthi warna ijo nom mancur maya-maya, iku mahanani wewatekane anak ing tembe demen ngapura ambek paramarta, sarta wicaksana, kang mangkono iku adat sok bisa kasinungan darajat kawiryan.
Mungguh kang kasebut ing dhuwur kabeh mau, tumrap ala beciking wiji. Dene kandel-tipising wiji iku manut wancining karon-sih, nalika terangke mangkene: Yen wanci awan, wijine tipis, sabab ing wanci mau pramana nedhenge amer. Yen wanci bengi, wijine kandel, sabab ing wanci mau pramana nedhenge kenthel. Mulane sabisa-bisa manawa karon-sih, miliha wanci lingsir wengi tumekaning bangun esuk, iku wijine mesthi kandel kang njalari dawa umure.
Kapriye carane nyumurupi wujuding wiji, sarehne wiji iku bangsaning alus, dadi enggone nyumurupi iya sarana alusing pandulu. Kang diarani alusing pandulu iku ana limang prakara, iya iku saka beninging ati, sirnaning kekarepan, sarehing pangganda, lereming pancadriya, jatmikaning solah bawa. Yen wis bisa netepi laku limang prakara iku, lagi bisa nyumurupi wiji kang sawantahe.
Bab panengeraning wiji
Tumrap panengeraning wiji, iku kena disumurupi, mungguh beda-bedaning wiji lanang utawa wiji wadon, bakal dadining anak, wantu utawa kembar, apa dene dhampit. Terange mangkene: Yen wiwit arep karon-sih ngawasna lakuning napas, manawa lakuning (metuning) napas santer ing lenging irung kang tengen, iku mratandhani cumitaking wiji ana ing panon kiwa, iya iku pratandha wiji lanang. Manawa napas santer ing lenging irung kang kiwa, iku mratandhani cumitaking wiji ana ing panon tengen, iya iku pratandha wiji wadon. Manawa napas santer ing lenging irung loro pisan (padha santere), iku mratandhani cumitaking wiji ana ing tengah-tengahing panon (manon), iya iku pratandha wiji wandu. Manawa eninging cipta rong pandurat suwene, iku bisa narik wiji loro, nalika karon-sih greget-santing sakarone tempuk (padha karepe), iku bakal mahanani anak kembar utawa dhampit. Nanging manawa kembar wijine cumitaking panon kang sasisih, yen dhampit wijine cumitaking panon kang kiwa tengen.
Lan maneh kanggo panengeran sawise wiji tumiba ing biyung, manawa bakal dadi lanang sang bapa katara swatata, anadene yen bakal dadi dhampit sakarone mempeng (padha andrenge) ing swatata.
Ing dalem layang Pangracutan amratelakake kawruh kang aran: Sajatining Lanang lan Sajatining Wadon, iku genahe mangkene:
Kang ingaranan roh Idlafi, iku rohing wadon, nanging dumunung ana ing lanang. Sajatining wadon iku roh Kudus mulya, nanging rohing lanang, mapan ing wadon, kang mahasucekake ing jinem, padha mapan sajroninng junup, mula kawasa anuwuhake karkat dhewe-dhewe, amarga rohing wadon kaango lanang, rohing lanang kaanggo wadon, dadi saka anggone arep narik rohe dhewe-dhewe, ing wekasan aliru lambang sari padha carane, temah kawasa anganakake sifat, mula ingaran sanggama, tegese benering sawiji balaka, utawa saresmi, pikarepe campuring sari wor syuh dadi padha mareme, awit kasamadan dening Dzat-ing Pangeran Kang Amahasuci, anggone arep cumitak warnaning bapa-babu, mula kang pancen waskita marang rahsaning karon-sih, yekti bisa angarani sadurunge kababar.
1.   Kaya ta, ing dalem salapan dina, sakaloron mau kang anduweni kumenyut dhisik sapa, saupama wanodya kang ngrasakake kangen dhisik marang priyane, tumekaning kalakon anitisake wiji yekti bakal lair putra priya.
2.   Kaya ta, kang anduweni kumenyut dhisik kang priya, kangen marang rabine, tumekani nitisake wiji, sayektine bakal lair putra wanita, ananging kudu banjur ditimbangi careme, supaya sakaro-karone atunggal, awit manawa kurang dhauping cipta, rasane bakal sulaya, sanadyan bakal tumuwuh ing tembe wijine anduweni cacad, mungguh wujuding cacad iku warna-warna.
*    Manawa ana lelabet cuwaning panggalih, kurang sarujuking saresmi mau, tembene anumusi wewatekaning putra kerep kacuwan ati, tarkadhang nandhang susah ing uripe;
*    Manawa ing dalem saresmi mau anduweni ngeres ing panggalih semu duka, nanging ora kawedhar, ing tembe wijine kalabetan watak sugih napsu hawa, tarkadhang tiwas uripe.
*    Manawa salah sawiji ing dalem arep ngangkat saresmi, ana kang duwe ati sisip sathithik, ing tembe uga tumus wewatekaning putra, yen kang sisip kang wanodya, tumus marang wiji priya, manawa kang sisip kang priya, tumus marang wewatekaning wiji wanita, kabeh iku kalebu paniitihan, ing dalem salapan dina iku wajib katitika titikaning cipta, sarta rasa pangrasa ing dalem salapan dina mau, mula bayi lair iku angetung salapanan, manawa wis tumeka sataun aran bocah tawa lare, tegese kuwat, mula banjur angetung taun.
Saka wasiyat dhawuh wewelinge Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, prakara panitikan ora kena sembrana ngarah apa, malah ing sabisa-bisa angestiya peta, tegese ing dalem karkat mau bisaa banjur tampa-tinampaning cipta sasmita, dadi aran sakaroning atunggal, sarta kudu suci supaya becik tumusane, utawa bisaa pasang gelaring salulut, tegese kang wanodya aja nganti liya pancipta pangalembana marang priyane, sanadyan priyane iya anyiptaa marang wanodyane, aja angrasakake liya-liyane, iya iku wiji sajati premati.
Sawenehing wong sajroning saresmi karo bojo, ora mawa pepantengan sakaroning atunggal, malah anduweni liya panyipta, tarkadhang anggagas kasenengane dhewe, kang mangkono iku upama bisa dadi wiji, sok ambilaheni wong tuwa, iya iku kang ingaran anak agawe rusak, yoga karya rengkaning praja.
Dene prataping wong ajejodon mau, bisaa cadhang-cinadhang, tegese wajibing wanodya ora kena adreng ing panedya kudu dianggo wadi, priya iku wewenange angon cipta-sasmitaning wanodya, sakira ing dalem sadina kono ora ana sebab apa-apa, tanpa labet susah, apa dene sepi pakewuh, iku tandha yen Pangeran Kang Amahasuci anggone bakal nitahake wiji, wiji ing sasama, iya iku jatining Trimurti, akeh kang dadi anak anung angungkuli bapa. Sanadyan para luhur manawa kabeneran pakartining budi, kalayan nastiti, yekti bisa dadi. Dene kang agawe rusaking nagara, iya saka kurang saranta, temahane kurang prayoga lelegetaning ngaurip.
Bab pangleburing wiji ala
Sanadyan wis bisa narik wiji, ing mangka wiji kang sumurup mau wiji ala, iku uga kena dilebur sadurunge dadi wiji kang dumadi. Dene pratikele mangkene: ing sajrone karon-sih among ulahing swatata, manawa duwe niyat arep nurunake wiji, lan maneh ilafating wiji kang bakal tumiba kurang becik, mangka sajroning ulah swatata sem-ing karsa mau, utawa sajroning karon-sih nalika lagi kadereng kadhesek mempenging karep, iku kasurehna, aja kabacutake, ora-orane iya kagaweya gela utawa kemba, iya iku saran wudharing rahsa kasilipna mangisor utawa kawutahna ing sajabaning lawang. Sarana mangkono adate wiji ora bisa dadi amarga ora bisa katampan ing wadhahe ing wasana gagar utawa sonya.
Alang Alang Kumitir