Blangkon iku
sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik
utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana
tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka
pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)
Jinis-jinis
blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:
Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:
1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3. Blangkon Kedhu.
4. Blangkon Banyumas.
5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar