Amratelakake lakune nitisake wijining dumadi,
nyumurupi wewijangane wiji lan peprincening piranti. Mungguh lakune nitisake
wijining dumadi, iku ana petang prakara, iya iku: lila, narima, temen, utama.
2. Narima, iya iku wong priya kudu narima
marang suka-pirenaning rabine (kang arupa leladi saka rabine), amarga ing atase
laden iku yen katarima, tegese katampa kalayan seneng, mesti bakal gawe legane
kang leladi, ing wusana dadi madhep lan sregep.
3. Temen, iya iku wong priya kudu nuhoni
ing semayan utawa sesanggeman, amarga manawa netepi ing janji, iku bisa
mahanani katresnan, ing wusana dadi kedep.
4. Utama, iya iku wong priya kudu demen
ngapura marang kaluputane rabine, amarga dadi wong priya iku manawa sabar demen
ngapura marang kaluputan kang remeh-remeh, iku bakal mahanani tumemening
rabine, ing wusana dadi gelem labuh.
Ana dene nyumurupi wewijangane wiji, iku kudu ngreti
marang lakuning wektu karon-sih, dene lakune karon-sih iku uga ana petang
prakara, iya iku: eneng, ening, awas, eling.
1. Eneng, iya iku wektu karon-sih atine
kudu eneng (menep), dene paedahe bisa suwe wetuning rahsa, lan gawe kandeling
wiji,. Amarga ati kang menep mau bisa ngenthelake wiji (jiwa), kentheling jiwa
bisa mahanani kandeling wiji, ing wusana dadining anak ing tembe bisa dawa
umure.
2. Ening, iya iku atine kudu ening, dene
paedahe bisa nikmat rasane lan manfaat. Amarga kaweningan mau bisa gawe
weninging wiji (tetep trimurti), wiji kang tetep trimurti mau ing wiji ala apa
becik, dene panengerane wujud cahya kaya kawasa.
3. Awas, iya iku kudu mulat
kedep-liringing rabine, wektu karon-sih, kendho apa mempeng, utawa ngulatake
tumitising wiji ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kang wis
kapratelakake ing dhuwur.
4. Eling, iya iku aja mikir liya-liyane,
kajaba eling yen wektu iku lagi nitisake wiji, mula yen rabine semu kendho ing
karon-sih, wajib eling, manawa durung binuka bakuning rasa, tumuli duweya osik
sumedya mbuka kadatoning rahsa, supaya rabine mau gumregut rasane, lan maneh
yen nyumurupi cahyaning wiji ala kang bakal tumitis, banjur enggal-enggal bisa
nglebur sarana laku nusupake utawa mutahake menyang ing jaba. Dene manawa
uninga wiji becik kang bakal tumitis, iya banjur bisa mrenahake ing papan
samestine.
Mungguh tuwuhing rasa iku jalarane ana loro prakara,
iya iku: marahi lan meruhi.
1. Marahi, iya iku sadurunge tumindak
karon-sih, kang priya miwitana mbuka rasa sarana kekembangan saprayogane, dene
paedahe bisa mempengake atining rabine, yen wis katon mempeng rabine tumuli
tumindaka karon-sih, iku rabine saka katuju karepe dadine banjur lega kanti
suka rena. Mula sadurunge karon-sih luwih dhisik mangsetiya tumuruning wiji
kang becik (teteping trimurti), kapantenga ana ing cipta.
2. Meruhi, iya iku aja nganti nerak
wewalere, nanging malah mbumbonana kang prayoga. Dene wewaler iku: nyumurupi
wewadining wanodya lan wewadining wiji. Kang diarani wadi mau katerangane
mangkene: bab kang diarani tumindak rusuh, iya iku rusuh arep nyumurupi marang
wewadining wanodya. Dene kang diarani elok, iya iku arep nyumurupi wewadining
wiji.
Dene wadining wanodya bakuning rasa, iku
wijang-wijange mangkene: ing sajroning baga iku ana kulite alus sarta
sangisoring batuk baga ing jero uga ana kulite kang diarani daging song, song
mau gedene pada lan batuking baga, mangisoring song ana urate loro (diarani
purana), urat iku lengket ing semu katone mung siji, iya iku kang minangka
let-letan banyu telung warna, iya iku: satengening urat iku dalan banyu sene,
sakiwane urat iku dalan banyu suker (getih), mung tengahing urat loro mau iku
dalaning banyu rahsa pita (kama). Dene urat loro iku ing dhuwur gathuk karo
song, terusane anjog ing lawang kadatoning rahsa, lawang mau ngrukubi Sang
Hyang Kamajaya (uwel), kang diarani uwel iku lawang kekandhanganing jabang bayi,
wujude mung bening kaya kaca.
Mungguh kahanane song mau iya iku poking rasa,
amarga samasa kagosok (kagepok) banjur mekrok, kaya dene kewan kintel saben
kagepok banjur mlembung, mekroking song mau jalaran saka rasa keri, yen wis
krasa keri iku bisa narik rosaning rasa nikmat. Dene lawang yen wis menga
banjur kawawa nduwa, uwel, iya iku narik kekandhanganing bebayi.
Kekandhanganing bayi mau yen nganti nyaut utawa nadhahi kamaning priya, iku
adate tumrap wanodya awake mesti banjur krasa keri, gumriminging rasa temahan
dadi cape (marlupa).
Saiki mratelakake kekandhanganing bebayi, mungguh
wewijangane mangkene: ing sadurunge kaisenan wiji saka wong priya, kekandhangan
mau wujude isih kimpes, sarta mawa urat dumunung ing pucuk minangka gantilan.
Urat mau ana loro, kang siji urat urut-urutane kang anjog ing jantung, dene
sijine urat urut-urutane kang anjog ing wadhuk.
Urat kang anjog ing wadhuk iku kasamadan dening
genining manusa kang arane Yitnamaya. Geni mau gedhene mung samrica, iya iku
kang kawawa matengi pangan sajroning wadhuk, sarta kawawa nyepuhi wiji kang wis
ngumandhang ing kekandhanganing bayi. Kandhang bayi iku manawa panyaute bener
ora luput, nganti bisa ngamedi pucuking pasta-purasa (ngepuh kam), ing mangka
kapinujon kasusupan wiji, iku banjur bisa kalebon mani, dene mani kang wis
kumpul lawan wiji ana sajroning kandhang kono, iku mratandhani yen wiji bakal
dadi, mula wong wanodya banjur ngandheg. Ing sajroning ngandheg, upama
kinaron-sih ing priya liyane iku wis ora bisa kasusulan wiji kang dadi maneh,
kajaba kang nitis sapisan mau. Yen kurang pracaya katerangane kene ginawe kosok
bali, kang minangka tandha seksine iya iku bapa manawa wis mati kajupuka
balunge, anak kang isih urip kairisa wetokna getihe katetesna ing bebalunging
bapa mau, mesti getihing anak banjur amblas (kasesep), manawa dudu getihing
anak dhewe iku mesti ora kasesep (ora ambles ing bebalung).
Ambaleni wiji kang wis ngumandhang ing kekandhangan,
ing kono mani saya suwe saya tambah matimbun-timbun, yen wis kebak banjur
malembung. Yitnamaya urube saya banget, sasuwene kasalad urubing Yitnamaya
wusanane banjur kenthel, samasa wis kenthel banjur kumulit, yen wis kumulit
banjur gana, nanging isih kakum ing banyu. Sajroning gana kakum ing banyu, iku
banjur nurut bolonganing urat kang gandeng karo wadhuk. Mungguh kumambanging
gana iku kaya dene banyu kang dumunung ing godhong lumbu. Sawise mangkono gana
banjur gatra kaya pepukiran ing manusa, gatra mau saya suwe saya mundhak gedhe
lan mundhak kekuwatane, ing kono banyu kang kakuman gana banjur njendhel,
jendhelaning banyu uga banjur mundhak sumaring maneh, ampase pada kelet ing
kuliting bayi, dene sarine dadi kawah. Mula pepelinge wong tuwa-tuwa, tumrap
wong wanodya kang ngandhut lagi masane gana, iku aja sok ngajangake
solah-bawaning raga, awit manawa kepleseting wiji, iku bisa njalari gagar
(kluron).
Samengko genti mratelakake wewadi wadining wiji ing
nalika arep tumitis, sajatine sengseming atining bapa kang ketarik dening
dayaning wiji mau mangkene: Manawa arep nitisake wiji iku kang luwih dhisik
manuksma ana ing utek, lebuning wiji nurut lebuning napas, tumuli nuksma ana
ing panon, banjur manggon ana ing pramana, ing kono wis kawawa narik maya
(sengseming ati sakaloron bapa lan biyung), temahan kelakon karon-sih iku wiji
banjur manuksma ana ing rasa, dene tumibane ing biyung iku mbarengi wetune
rahsaning bapa, kang banjur katampan ing papane. Lakuning wiji mau miturut
wetuning swasana, ing kono banjur tempuk karo metuning rahsa (mani) banjur
kacatok dening kandhangan, sawise mangkono wiji tumuli tumempel, ing kono
kudrating Pangeran wis ora owah maneh, tumrap kadadiyane bocah ing tembe,
lelakone sarta wewatekane, miturut tanceping cipta sarta rasaning karep wektu
pepasihan, ana kang minangka tandha-yektine, iya iku wujuding rupa mesti mirib
(memper) bapa lan biyung, sabab wektu sih-sinihan sisi lan sijien tunggal padha
nancepake katresnan, kaya rahsa narik jiwa, mula anak iku uga kena sinebut
layanganing jiwa, dadi wis tetela tanceping warna kang ana ing cipta iku
mahanani warna, rahsaning karsa lan greneking cipta mahanani wewatekan lan
lelakon, mula iya ana paribasan: Kacang manut lanjaran. Utawa: Ora ana banyu
mili mandhuwur. Kang mesthi banyu mili mangisor. Karepe bebasan iku mangkene:
Rupaning anak iku mesthi mirib wong-tuwane.
Samengko mratelakake wewijangane wiji kang katarik
saka dayaning bapa, ing nalika lebuning wiji mbarengi lebuning napas, nuli
sumimpen ana ing utek, banjur rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu
sari iya sarining utek, pamanggone sajroning manik. Sawise wiji ana ing kono
kawawa manuksma ing pramana sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana ndayani
tunggal karep, yen wis nunggal garepe wiji narik daya surenging karon-sih,
mangkono iku manawa cinegah dadi paedah, yen linantur dadi batur. Tegese: Sing
sapa nuju kasusupan wiji, mangka bisa nanggulangi karepe iku sayekti bakal
tambah muncaring cahyane lan padhanging pamwas, dene yen tinurutan bakal kawawa
mahanani anak, dadi tetela wijining anak iku manut empaning cipta, sarta
urubing pramana minangka bahu (nguled), bumbu yen wis kauled ing bahu banjur
kumpul, dene matenge saka daya Yitnamayaning biyung, dadi matenging panganan
mau jenenge wis mapan, mulane mangkono, amarga urubing pramana iku manut
mapaning cipta.
Terange mangkene. Saupama tanceping cipta welas
asih, urubing pramana sarta wiji mesthi maya-maya, iku mahanani wewatekaning
anak ing tembe linulutan ing sapada-pada, sarta jatmika alus ing budi, nanging
kurang lantip ing panggraita.
Saupama tanceping cipta matutuk rumasa kabeneran ing
sapolah-polahe, urubing pramana sarta wiji mesthi biru muyek marakata, iku
mahanani wewatekane anak ing tembe bodho ing budi, nanging becik atine.
Saupama tanceping cipta kadereng ing kabudayan,
urubing pramana sarta wiji mesthi warna abang mbaranang mblerengi, iku mahanani
wewatekane anak ing tembe landhep ing panggraita sarta berbudi, nanging getapan
sarta panas baranan.
Saupama tanceping cipta drengki, urubing pramana
sarta wiji mesthi warna dadhu bureng marakata, iku mahanani wewatekane anak ing
tembe culika, ndaluya, dora-cara, kang mangkono iku adate sok kataman lara owah
(gingsir).
Saupama tanceping cipta kang lagi nungkul ing puja
brata, mangke katarima, urubing pramana sarta wiji mesthi warna ijo nom mancur
maya-maya, iku mahanani wewatekane anak ing tembe demen ngapura ambek
paramarta, sarta wicaksana, kang mangkono iku adat sok bisa kasinungan darajat
kawiryan.
Mungguh kang kasebut ing dhuwur kabeh mau, tumrap
ala beciking wiji. Dene kandel-tipising wiji iku manut wancining karon-sih,
nalika terangke mangkene: Yen wanci awan, wijine tipis, sabab ing wanci mau
pramana nedhenge amer. Yen wanci bengi, wijine kandel, sabab ing wanci mau
pramana nedhenge kenthel. Mulane sabisa-bisa manawa karon-sih, miliha wanci
lingsir wengi tumekaning bangun esuk, iku wijine mesthi kandel kang njalari
dawa umure.
Kapriye carane nyumurupi wujuding wiji, sarehne wiji
iku bangsaning alus, dadi enggone nyumurupi iya sarana alusing pandulu. Kang
diarani alusing pandulu iku ana limang prakara, iya iku saka beninging ati,
sirnaning kekarepan, sarehing pangganda, lereming pancadriya, jatmikaning solah
bawa. Yen wis bisa netepi laku limang prakara iku, lagi bisa nyumurupi wiji
kang sawantahe.
Bab panengeraning wiji
Tumrap panengeraning wiji, iku kena disumurupi,
mungguh beda-bedaning wiji lanang utawa wiji wadon, bakal dadining anak, wantu
utawa kembar, apa dene dhampit. Terange mangkene: Yen wiwit arep karon-sih
ngawasna lakuning napas, manawa lakuning (metuning) napas santer ing lenging
irung kang tengen, iku mratandhani cumitaking wiji ana ing panon kiwa, iya iku
pratandha wiji lanang. Manawa napas santer ing lenging irung kang kiwa, iku
mratandhani cumitaking wiji ana ing panon tengen, iya iku pratandha wiji wadon.
Manawa napas santer ing lenging irung loro pisan (padha santere), iku
mratandhani cumitaking wiji ana ing tengah-tengahing panon (manon), iya iku
pratandha wiji wandu. Manawa eninging cipta rong pandurat suwene, iku bisa
narik wiji loro, nalika karon-sih greget-santing sakarone tempuk (padha
karepe), iku bakal mahanani anak kembar utawa dhampit. Nanging manawa kembar
wijine cumitaking panon kang sasisih, yen dhampit wijine cumitaking panon kang
kiwa tengen.
Lan maneh kanggo panengeran sawise wiji tumiba ing
biyung, manawa bakal dadi lanang sang bapa katara swatata, anadene yen bakal
dadi dhampit sakarone mempeng (padha andrenge) ing swatata.
Ing dalem layang Pangracutan amratelakake kawruh
kang aran: Sajatining Lanang lan Sajatining Wadon, iku genahe mangkene:
Kang ingaranan roh Idlafi, iku rohing wadon, nanging
dumunung ana ing lanang. Sajatining wadon iku roh Kudus mulya, nanging rohing
lanang, mapan ing wadon, kang mahasucekake ing jinem, padha mapan sajroninng
junup, mula kawasa anuwuhake karkat dhewe-dhewe, amarga rohing wadon kaango
lanang, rohing lanang kaanggo wadon, dadi saka anggone arep narik rohe
dhewe-dhewe, ing wekasan aliru lambang sari padha carane, temah kawasa
anganakake sifat, mula ingaran sanggama, tegese benering sawiji balaka, utawa
saresmi, pikarepe campuring sari wor syuh dadi padha mareme, awit kasamadan
dening Dzat-ing Pangeran Kang Amahasuci, anggone arep cumitak warnaning
bapa-babu, mula kang pancen waskita marang rahsaning karon-sih, yekti bisa
angarani sadurunge kababar.
1. Kaya ta, ing dalem salapan dina,
sakaloron mau kang anduweni kumenyut dhisik sapa, saupama wanodya kang
ngrasakake kangen dhisik marang priyane, tumekaning kalakon anitisake wiji
yekti bakal lair putra priya.
2. Kaya ta, kang anduweni kumenyut
dhisik kang priya, kangen marang rabine, tumekani nitisake wiji, sayektine
bakal lair putra wanita, ananging kudu banjur ditimbangi careme, supaya
sakaro-karone atunggal, awit manawa kurang dhauping cipta, rasane bakal sulaya,
sanadyan bakal tumuwuh ing tembe wijine anduweni cacad, mungguh wujuding cacad
iku warna-warna.
* Manawa ana lelabet cuwaning
panggalih, kurang sarujuking saresmi mau, tembene anumusi wewatekaning putra
kerep kacuwan ati, tarkadhang nandhang susah ing uripe;
* Manawa ing dalem saresmi mau
anduweni ngeres ing panggalih semu duka, nanging ora kawedhar, ing tembe wijine
kalabetan watak sugih napsu hawa, tarkadhang tiwas uripe.
* Manawa salah sawiji ing dalem
arep ngangkat saresmi, ana kang duwe ati sisip sathithik, ing tembe uga tumus wewatekaning
putra, yen kang sisip kang wanodya, tumus marang wiji priya, manawa kang sisip
kang priya, tumus marang wewatekaning wiji wanita, kabeh iku kalebu paniitihan,
ing dalem salapan dina iku wajib katitika titikaning cipta, sarta rasa pangrasa
ing dalem salapan dina mau, mula bayi lair iku angetung salapanan, manawa wis
tumeka sataun aran bocah tawa lare, tegese kuwat, mula banjur angetung taun.
Saka wasiyat dhawuh wewelinge Kangjeng Susuhunan ing
Kalijaga, prakara panitikan ora kena sembrana ngarah apa, malah ing sabisa-bisa
angestiya peta, tegese ing dalem karkat mau bisaa banjur tampa-tinampaning
cipta sasmita, dadi aran sakaroning atunggal, sarta kudu suci supaya becik
tumusane, utawa bisaa pasang gelaring salulut, tegese kang wanodya aja nganti liya
pancipta pangalembana marang priyane, sanadyan priyane iya anyiptaa marang
wanodyane, aja angrasakake liya-liyane, iya iku wiji sajati premati.
Sawenehing wong sajroning saresmi karo bojo, ora
mawa pepantengan sakaroning atunggal, malah anduweni liya panyipta, tarkadhang
anggagas kasenengane dhewe, kang mangkono iku upama bisa dadi wiji, sok
ambilaheni wong tuwa, iya iku kang ingaran anak agawe rusak, yoga karya
rengkaning praja.
Dene prataping wong ajejodon mau, bisaa
cadhang-cinadhang, tegese wajibing wanodya ora kena adreng ing panedya kudu
dianggo wadi, priya iku wewenange angon cipta-sasmitaning wanodya, sakira ing
dalem sadina kono ora ana sebab apa-apa, tanpa labet susah, apa dene sepi
pakewuh, iku tandha yen Pangeran Kang Amahasuci anggone bakal nitahake wiji,
wiji ing sasama, iya iku jatining Trimurti, akeh kang dadi anak anung
angungkuli bapa. Sanadyan para luhur manawa kabeneran pakartining budi, kalayan
nastiti, yekti bisa dadi. Dene kang agawe rusaking nagara, iya saka kurang
saranta, temahane kurang prayoga lelegetaning ngaurip.
Bab pangleburing wiji ala
Sanadyan wis bisa narik wiji, ing mangka wiji kang
sumurup mau wiji ala, iku uga kena dilebur sadurunge dadi wiji kang dumadi.
Dene pratikele mangkene: ing sajrone karon-sih among ulahing swatata, manawa
duwe niyat arep nurunake wiji, lan maneh ilafating wiji kang bakal tumiba
kurang becik, mangka sajroning ulah swatata sem-ing karsa mau, utawa sajroning
karon-sih nalika lagi kadereng kadhesek mempenging karep, iku kasurehna, aja
kabacutake, ora-orane iya kagaweya gela utawa kemba, iya iku saran wudharing
rahsa kasilipna mangisor utawa kawutahna ing sajabaning lawang. Sarana mangkono
adate wiji ora bisa dadi amarga ora bisa katampan ing wadhahe ing wasana gagar
utawa sonya.
Alang Alang Kumitir
Tidak ada komentar:
Posting Komentar