Carita Aji Saka iku
nyritakaké Aji Saka saka India sing
mara ing Tanah
Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo
mèngeti rong panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kaloroné mati
amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké
aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Aksara Hanacaraka
jenengé dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka".
Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké
kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
maga bathanga
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa
diwaca dadi ukara-ukara:
"Hana caraka"
tegesé "Ana utusan"
"Data sawala"
tegesé "Padha garejegan"
"Padha
jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga
bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
Sinopsis
Versi sing kapacak ing
ngisor iki miturut vèrsi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939):
Kacarita ing jaman
mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané
ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh
rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining
dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé
Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji
Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo
Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora
olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané,
didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak
karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono
ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh
sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai
Tengger.
Kacarita Aji Saka ana
ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para
siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka
mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai
patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.
Anuju sawijining dina
sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji
Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan
patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah
kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu
Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya
rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora
gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu
sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata
Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji
Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé
déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir
segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara.
Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang
Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong
akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk
prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si
Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung
Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya
sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu
Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang
prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada.
Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si
Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta
manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak
sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng
lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.
Nanging si Dora nékad
arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan
si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur
diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur
sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si
Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng
aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora,
didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem
didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat.
Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki
diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada
ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha
kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur
padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora
lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep
tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi
énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul
si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan
Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu
wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman.
Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur
dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan Prayoga
banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu
Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn
pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti
abdiné loro iku.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Carita_Aji_Saka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar