Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu
Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman
Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake
kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh
mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga
keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik.
Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam
arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih
lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan
Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha
kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe
lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha,
Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi
Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane
mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka
kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim
utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek
sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren.
Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur
ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi
Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja,
Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel
prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu
Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.
Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora
tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure
wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh
kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni
sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake
prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali
atur palapuran marang Sri Ramawijaya.
Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika
diobong dening Anoman kaya sing diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar