Minggu, 14 Desember 2014

BABAD ARUNG BINANGAN


PUPUH I DHANDHANGGULA


1.           Sowan kawula paduka gusti, dinuta ing putra jeng Narendra, gusti ngaturan kundure, mring negari mentarum, jeng sinuwun sanget rudatin, tinilar panembahan, praja harahuru, dhawuh putra padukendra, sakathahing lepat samar miwah lahir, putra nuwun aksama.
2.           Wantos-wantos gusti jeng putra ji, ulun kinen andherek sarenga, menawi boten kadherek sarenga, menawi boten kadherek, sanisdhaya pinugut, cagak kopyah kawula gusti, dhuh gusti kuwelasa, ing kawulanipun, engeta mring putra Nata, tur kawula tumunten kundhura gusti, wisuda among putra.
3.           Paranbaya dresananing runtik,tilar praja manglena mukweng, nepsu temah kelurung, tan wun katempah lalis, prayogi ulatana, kanitya …… seratan kabusak/ical)…… , tama utameng dumadya, taralan muhung rukun lan kulit daging, otot bebalung …… seratan kabusak/ical)……
4.           mugya mulya ningalam dunyeki, ing …… (seratan  abusak/ical) …… raja Nara Nata, pikantuk lahir batine, amranani rahayu, putra wayah sawuri wuri, ruwiya malak mandar, kadarmanya wimbuh, bubuka sangking paduka, pinten pinten kanugrahaning Suksma, sirik yen tinolaka.
5.           kathah kathah aturnya putra di, manohara amrih liliya, ing penggalih sang wirage, jeng pangeran asma wuwus, lah ta uwis menenga kalih, ing reh aja dinawa, temah murung laku, ywa ngucap kang ora ora, luput apa sinuwun dhumateng kami, mandraweng wiwilangan.
6.           balik dhewe kang angrasa sisip, marang ratu keh kapiutangan, ngener aturira kuwe, wit keringan wak ingsun, ya margane sangking Nrepati, kang sun sandhang sun pangan,  pasiyaningratu, during bias amalesa, wong pinanggul enak enak mangan goling, gegolongan duraka.
7.           leh sun lunga sangking praja iki, nora marga serik miwah mrina, mung setya males sih rajeng, mumuji ring yhang agung, rahayune gri Narapati, upama sun mujiya, neng praja tyas bawur, kaurugan mutya boga, mutyasmara brastha prabawaning puji, bonggan gawe linakyan.
8.           becik ngasoa sireku kalih, yen wis aso lah nuli baliyo, matura maring sang rajeng, manira nyuwun bendu, durung bias seba wak mami, iya tapi rang bara, sawetawis taun, pinareng bias sewaka, ora beda ing kana kene pan sami, kagungane Sri Nata.

PUPUH II SINOM

1.           angabehi wirayuda, lan ngabehi wirasari, …… (seratan kabusak/ical) …… kaungkungkulan sabda, tan bangkit amarana malih, cinipta nora bali, jrih pepecuh sanga Prabu, wau sakehing jalma, sakala ngungun ningali, dene datan nyana yen iku Kusuma.
2.           kusuma terah mentaram, amindha mindha wong cilik, samya lumungsur linggihnya, nembah matur angrerintih, kang ngabdi sewu sisip, kasamaran ing pandulu, gusti angapuntena, rila sarira ginitik, langkung awon ingkang ngabdi tiyang karang.
3.           semangke sampun pratela, jeng paduka gusti mami, mangsa purun linggih jajar, rineksaha boten wani, yen mengkaten kang ngabdi, ing karang katiban ndaru, karob samudra kilang, kagunturan wukir sari, …… (seratan kabusak/ical) …… tyas.
4.           ngandika sang mindha sudra, kang …… (seratan kabusak/ical) ……, jer iradating hyang Suksma, lalakone wong ngaurip, sira sak putu mami, kadang mitra wong tuwaku, …… (seratan kabusak/ical) ……, terusna kaya kang nguwis, ngaraha …… (seratan kabusak/ical) …… dunya.
5.           padha asal saking adam, payo kene mrak lan mami, gumrumung matur anembah, gusti nuwun nuwun amrih, ya ta jalma sawiji, prenagati wastanipun, matur apundirangan, dhuh mongsa inggiha gusti, kula ingkang angawisi tiyang kathah.
6.           upami wonten puruna, mendonong jajari gusti, kawula kang amelathas, tertamtu titiyang baring, dhasar tiyang ing ngriki, kathah boten sumrap ngurus, awit rumiyin mila, sampun kawula sanjangi, yen paduka trah Kusuma witaredya.
7.           nanging sami boten gega, malah saami nyenthulani, nuruti bongsa luhamah, plenthing weteng lambe klimis, tan uning tata krami, pratingkah clala calulu, gya sumaur cumlalak, pun jugi lalinggih wuri, jaka tuwa bedhigul punuk trajumas.
8.           si biyang ngameki prang, adol tuwa adol bangkit, wong karang kabeh dicacad, tesmak bathok tan wruh gusti, mung dheweke pribadi, mangerti weruh ing ngurus, kapan nggone wewarah, kiprenasa jege urip, mung angempol amurih den mulenana.
9.           gumampang arep melathas, jajal pelathasen mami, mumpung neng ngarsa bendara, kang kathah samya ngojongi, angilonipun jugil, gumrumung anguwus uwus, prenagati kewedan dhaleleg tan bisa angling, angabehi wirasari lon medun.
10.        sanak aja kekerengan, weleh welehan pakarti, kang nguwis aja kinocap, pan wis karsane jeng gusti, namur mindha wong cilik, rehning samengko wis weruh, jeng Pangeran Bumidirja, iku keng paman sang aji, kangjeng Sunan kang ngedhaton ing mentaram.
11.        padah den becik rumeksa, turuten sakarsaneki, bisuk yen sira kapriksa, ing kangjeng Sri Narapati, kaya uga maringi, panarima mring ngawakmu, umyang matur kikila, sandika temtu nglampahi, siyang dalu cumadhong reh sang bendara.
12.        tan winarna laminira, wau ta gandhek kekalih, saben dina ngela ela, supadi jeng pangran lilih, kersaha anuruti, kundur dhumateng mentarum, ananging jeng pangeran, ing tyas lir prabata wesi, nora kiguh mring atur pamanohara.
13.        putek barubah werdaya, nekad datan sedya mulih, yen wangsula pesthi lena, angur nungku aneng ngriki, ngabehi wirasari, wirayuda tan mamatur, gusti inggih kawula, andherek tumameng ngriki, kalilana mangestu pada paduka.
14.        ulun temah tilar semah, pangran Bumidirja angling, lah iya sakarepira, serayanata kita ki, pira lawasing ngurip, mung sepanguneng dunyeku, senadyan ta muktiya, keringana aneng nagri, nora enak suwita ratu ruhara.
15.        akarya sawening wening, mateni wong tanpa titi, apa ta nora intuka, wawalesing reh durniti, dumeh dadi Nrepati, wasesa ngugung sakayun, wirasari anembah, leres jeng paduka gusti, lir angandika agraning ri tistheng praja.
16.        gusti sepangker paduka, punggawa kekes ngranuhi, rumaos tan darbe gesang, ming memplak memplak ing galih, inggih wetawis mami, mbok menawi boten dangu, rengka nagri mentaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan eca nadhah eca nendra.
17.        angling pangran Bumidirja, kang mengkana wirasari, lah iya wallahuaklam, kawula nora udani, tan lena pamuji mami, rahayune sang ngaprabu, mengku nagri mentaram, ngaubi kawula wargi, ngemungena manira dhewe cintraka.
18.        winurswita jeng pangran, Bumidirja lalu lami, dedalem Kebumen karang, tarak brongta among tani, kasub tinuwi tuwi, wangsul asmanireng dangu, pangran Bumidirja, akathah tiyang babekti, angyaksaken dalem sawetawis gora.
19.        rinenggo ing dutya boga, anging jeng pangeran maksih, karemtiti kariya lat, cinipta tumekeng ngakir, umahyaken waweling, yen tembe praptaning surud, mundhut kinubur desa, ing lundhong lan dhatan apti, cinungkuba setya nutugken riyalat.
20.        angabehi wirayuda, sakaliyan wirasari, anuwun methal tarukah, jeng pangeran anglilani, weragad den paringi, karya sangu yasa dhukuh, ngidul genirta kentar, ngupaya kang den senengi, ri sampuning manggih nulya lineksanan.
21.        yasa dhukuh tuwin pecal, lami dados rengked keksi, kathah lumiring tarukah, tan kirang sandhang bukti, barang tinanem dadi, wang wang katelah ran dhusun, nenggih ing pegandhekan, ewa mangkana gandheki, saben ratri sowan marang desa karang.
22.        ubayanireng wardaya, menawi ing tembe lalis, nuwun kinubur ywa tebah, lawan pasareyan gusti, data tita ginupit, jeng pangeran tedhakipun, kang winarna sajuga, jalu tistheng lundhong, desi anguyuni wong desa lundhong mandhala.
23.        wit parentahing sudarma, pangran Bumidirja nenggih, kang putra datan kalilan, pasebatan lir priyayi, raden tuwin mas aming, kiyahi sebatanipun, kyai bekel namanya, murih ywa ngeget ngegeti, mung ngesthiya tata pakarti wong desa.
24.        saprandene nora kena,tinolak anggeping jalmi, pangabektinya wisuda, mring kyai bekel langkung jrih, angluri linestari, kadya mring kang rama wau, kuneng genti winarna, kanjeng susunan mentawis, sampun mireng, pawartaning sambewara.
25.        yen kang paman tistheng tanah, begelen pasti madesi, karang kebumen tinengran, nglugas raga among tani, nulya utusan dasih, kapedhak kalih lumaku, ngaturi ingkang paman, kundur mring nagri mentawis, kang ing ngagya kapedhak ran udakara.
26.        surakarti kalihira, sarta pinaringan esthi, nem serati lumaksana, kanang matengga kinardi, titihanya lumaris, kang paman ing badhenipun, kapedhak pinitungkas, angrapusa enggal lilih, wanti wanti dhawuh welinge jeng Sunan.
27.        sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas umiyat mirada, ing ngenut datan winarni, meh prapta gyaning desi, dhukuh alit wetanipun,esthi ngentu neng dhakah, demang desa den dhawuhi, karya pathok kayu kang kangge wantilan.
28.        demang desa gurawalan, nulya ngerigaken kuli, akarya pepathok kekah, sinung wis makaduk inggil, rampung esthi winantil, tan kapinten panganipun, wong wong desa kagawokan, aselur sami ningali, ingkang caket tebih warta winartanan.
29.        serati karya pacakan, sarupane wong ningali, tinamtu ambekta klapa, kalih satunggil ing jalmi, artane tigang dhuwit, linarangan yen tan angsun, sangking kadreng umiyat, diradatipun lakoni, yayah pasar wong ningali yel uyelan.
30.        demang desa saprabotnya, kinempale jagi esthi, sarta sudhiya sugata, buktine para serati, sekul megana tuwin, wedang saka puranteku, serati senenging tyas, anyeret sarya memacit, merem melek nglegeweh liyangan bantal.
31.        kapedhak kalih lumampah, sowan mring karang wus prapti, pinanggihan ing jeng pangran, Bumidirja neng pendhapi, sugata sawetawis, pinapantes traping dhusun, wedang lan palawija, ketela uwi kembili, sawusira palastha liring smirana.
32.        udangkara matur nembah, gusti kawula tinuding, putra paduka jeng Sunan, paduka dipun aturi, kundur dhateng mentawis, langkung satistis sinuwun, lan ngaturi titihan, dirada karya lumaris, jeng paduka kering ngalampah kawula.
33.        angling pangran Bumidirja, teka susah nganggo esthi, yen tu wis pinareng seba,pira suwene lumaris, lah baliya wong kalih, manira anuwun bendu, Allah during marengna, gampang masalah ing benjing, naming kita nuwun pangestu Narendra.
34.        kangnek tyas lalih caraka, puguh pangran Bumidirja, pasthi tan arsa lumiring, gandhek kalih lalu jrih, wangsula dhateng mentarum, tertamtu pinatenan, adat siyasat Nrepati, kanang duta nekad tan purun wangsula.
35.        ri sampunya tigang dina, arembag lawan serati, sadaya kinen wangsula, mring mentaram sang ta esthi, ing pangran Bumidirja, samongsa mongsa wus lilih, …… (seratan kabusak/ical) …… kapedhak andherekena.
36.        serati nulya budhalan, wangsul mring nagri mentawis, kapedhak wangsul mring karang, angadhep ngarsaning gusti, winarya kang lumaris, kaunjuk Sri Pamaca, purwa madya ameksi, duk miyarsa jeng Susunan arda klana.
37.        rumaos tiwas ing kirtya, menggah panjenengan aji, binudi budi tan dadya, rinasa saya ngrinuhi, mupus karsanira ji, tembe sawetara taun, den arsa ngutusana, ngaturi kang paman malih, mangke kendel pinerih meneb wardaya.
38.        kocapa kalih kapedhak, udangkara surakarti, anjepeh ngarsa jeng pangran, setya ndherek wakitaki,ing donya prapta akir, jeng pangran ngastuti kayun, among pun udangkara nuwun tarukah pribadi, surakarti sedya angadhep tan pisah.
39.        udangkara ngulat ulat, ngetan ngidul tan tebih, wus manggih papan kinarya, anulya dipun yasani, laminya tan ginupit, ri sampune nadyan dhusun, kathah dhusun kapedhak, de tilas mantilan esthi, amyanging wong katlah dhukuh kepathokan.
40.        wau ta kang winursita, antara lami alami, pangeran Bumidirja, anggung mredi enir, muhung puwareng tumuwuh, cinekak caritanya, kundur ing rahmatullahi, cinarekan desa lundhong ing ngastana.
41.        nora cinungkub sumarma, duk jumeneng wus wewaling, apan naming piniyara, pinacakan juru kunci, dening putra kiyai, bekel kang anyepeng dhusun, rukun tiyang sadaya, pepundhen tineki teki, sumawana gandhek kapedhak mentaram.
42.        ajale kinubur uga, neng desa lundhong lestari, tumus susetyane kala, gesange mene sampun apuputra, anama kyai wuragil, kyai ragil putra kyai honggayuda,
43.        sayasa ing desa kutho, sudarma eyang wus lalis, wau kyai Honggayuda, linulut tinuwi tuwi, marang sakehing jalmi, tan kirang niskaranipun, wit panjurunging kathah, nging kaetang bangsa alit, ing bangsaning kapriyayen sampun sirna.
44.        sinigeg genti winarna, kangjeng susunan mentawis, sayarda angambra ngambra, dera mangugung tyas runtik, worsuh traping widyasthi, sagung punggawa rahuru, wadya lit kaserakat, wimbuh darajating bumi, pra satriya bupatya reh adhedhangkan.
45.        pangran dipati taruna, sudibya putra mentawis, siyang latri binabana, mring sagung mantri bupati, pinintaha murwani, karya prang ngrebat kaprabon, lenggahireng sudarma, ywa tanggel margining pati, lalu rindhu pangran dipati taruna.
46.        rumaos pragyaning kirtya, putra mengsah lan sudarmi, mangu mangoneng nistuda, tandya minta tuduh maring, kang eyang mahamuni, pangran kajoran dupi wus, rembag saeka praya, ing pened ngangge kekelir, pangrat buta murih ywa kawistara.
47.        manggih kelir prang santosa, pan duk pirasat netepi, binatang ngentosi karya, sarta jangkaning negari, rusak nagri mentawis, tarsiwah etanging taun, sang pangeran kajoran, putra mantunya pribadi, Trunajaya sutane demang malaya.
48.        yeka pinangka bebuka, kinen ambedhah mentawis, anging cinekak kewala, mung gancare kang ginupit, pangrat buta andadi, gempuran praja mentarum, jeng pangran purubaya, gula agul gri Bupati, prapteng janji kasambut asmareng laga.
49.        liya punika akathah, para prawira mentawis, kang pralena madyaning prang, Trunajaya jayeng jurit, sampan kedhiri bali, mekasar prajuritipun, pan wus karsaning suksma, bedhah keratin mentawis, kangjeng Sunan mangkurat tilar prasada.
50.        sinengkalan lolosira, sirna ilang rasa jalmi, mangilen arereyongan, garwa atmaja lumiring, jeng pangeran Dipati, anom lan sakadang jalu, pangran arya Singasari, atanapi pangran arya Martasana.
51.        wus tebih sangking mentaram, jeng Sunan ngagya keng siwi, pangran Dipati taruna, kinen wangsul ngrebat nagri, mopo kedah lumiring, sudarma satindakipun, wang wang Sri Nata ngatag, pangran puger lan kang rayi, pangran Singasari pangran martasana.
52.        wangsula ngrebat negara, titiga sandika sami, pangeran puger seksana, pinaringan wasiyat adi, curiga kang satunggil, maesa nular ranipun, waos ingkang satunggal, kyai palered nami, putra katri nembah budhal saha bala.
53.        pangran Dipati taruna, taksih andherek sudarmi, rawuh tanah Ajibarang, jeng Sunan grih prapteng jangji, kundur Rahmatullahi, sinare bumi ganda rum, pratistha tanah tegal, mila katelah sawuri, Sri Mangkurat tegal arum ingkang tengran,
54.        sasedanipun jeng Sunan, wang wang jeng pangran Dipati, madeg Narendra neng tegal, martalaya mugareni, mundhut bantu kumpeni, ing eyang tuwan gurnadur, jendral ing Batawiyah, mangun prang ngrebat negari, mengsah Trunajaya cidra ing ngubaya.
55.        estu panyiptaning driya, pangran Bumidirja nguni, mila pinelaur linggar, tilar wibaweng praja di, yekti sampun kaling ling, lulungid praja ruhara, rahayuning kraton enir, nerak waler sangker lawiyeng Narendra.
56.        wusanane pesthi ana, nahan dharita mangsuli, nenggih kyai Honggayuda, Kuthowinangun winarni, sapta putra winilis, ingkang nenem somah sampun, ranya iwiranana, wismeng jrakah kang pangarsi, nunten jalu ran kyai Honggadiwongsa.
57.        ing bunder sayasanira, malih arine pawestri, ranya linalamijaya, wismeng kutha nunten malih, pawestri nama nyai, wirawongsa kang dinunung, desa ing blimbing nulya, ari jalu nama kyai, sutayuda malih pawestri anama.
58.        Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulate tan kirang bukti, rukun ing tyas tar seling, amung putra kang waruju, jalu jaka tumala, pun Sangkrib namanireki, nandhang papa cintraka umageng brangta.

PUPUH III ASMARADANA

1.           wauta kijaka sangkrib, kyai Honggayuda putra, nenggih ingkang wuragile, pinanjangken dharitanya, sanggya lalakonira, purwa wasana dhinapur, myang nistha madya utama.
2.           cinatur sabilik bilik, kang kelair miwah samar, sanadyan ing sausike, kewala suksa winewar, susatya ring pandriya, mongka darsana tumuwuh, tumuwuh ing dunya.
3.           dening anak putu sami, buyut canggah wareng miwah, dheg udheg gantung siwur, lan sapiturutnya pisan, yogya nguninganana, salir lalakon lulhur, cinatheta kaprayitnan.
4.           pendah ywa lingsem ngalkoni, kodra iradating Suksma, ingkang murciteng dhirine, tumerap papa cintraka, lan away girang girang, yen anggonira kadunung, kaharjan singgih astama.
5.           jer lagi winayar dening, Allah kang murba misesa, mung ywa lali panrimane, ening tyas sabar tawekal, asih sesama sama, kawula wenang nenuwun, kang murih mulyaning jiwa.
6.           krana apsah sangking dalil, subhanahuwatangala, ngudaneni ring titahe, titah kang byakta pamudya, sarta lawan agama, wawajid dawajid dau, sapa temen tinemenan.
7.           kosok balike sabilik, sapa cidra cinidranan, wus mengkona ubayane, lah iki goningsun marna, carita kuna kuna, labete para luluhur, tan kenane idoa.
8.           dupeh ngong nora ngalami, duk jaman semana iya, pesthi kinira yen goroh, nanging sun ajrih doraa, lan dudu pupulasan, jalaran nggoningsun weruh, ngambil seka tetulisan.
9.           wirayat kang swargi swargi, medhar lakone pribadya, ya kang sun gawe wewaton, lamon tan mangkono uga, mangsa kita weruha, mengko sun apus ing tembung, murih padha mangertiya.
10.        lakone ki Jaka Sangkrib, liwat nggone kasangsara, sinikang para kadange, nadyan kang rena sudarma, samatra tan ngopreya, marga anggane sakojur, katrapen meh tanpa sela.
11.        pating palopor kaeks, getih nanah mara wayan, sing amulut jrih amire, linarang malbeng sayasa,andhelik neng kebonan, sahunggyane lawan turu, trekadhang neng ngandhap pisang.
12.        miwah emper kandhang sapi, tanapi emper gedhogan, gumlinting saestha layon, tatkala sinungan boga, binukti aneng britan, jiwa rusak kulu kulu, lirkekere kawistara.
13.        langkung denya kawlasasih, tan jamak sasama sama, kabeh kadang pamuwuse, ngilangken andhana juga, dep idep gawe wadal, nadyan lunga mati sukur, aja cedhak menek tular.
14.        yen tular ambilaeni, pesthi lamon wurung jalma, wong ngurip dadi kekere, cotho tan bangkit ngupaya, sandhang pangan nang dunya, wong siji kewala amung, nglakoni tan dadi ngapa.
15.        datan ta ki jaka sangkrib, siyang dalu monta drasa, tumplek amblek prih atine, limut nora umanon rata, angrasa bosen gesang, mung ngesthi marganing pati, mangunandik wardaya.
16.        ya Allah kang maha Suci, kawula nuwun pralena, sampun jejembat wirage, ngantak antak wonten dunya, angentosi punapa, tan manggih seneng sepangu, enggalmantun sirnakena.
17.        kawula pan boten bangkit, adamel pejah pribadya, kados pundi puwarane, sanadyan awet gesanga, anggung dados gegujengan, sinikang sanak sedulur, yayah rena karuh mitra.
18.        aluwung dinamel mati, sawastu kawula rila, tan wuninga akerate, dados sadhasar neraka, jahanam gih sumongga, mung mangke enggala lampus, payah anandhang cintraka.
19.        mangkana ki jaka Sangkrib, saya kagagas karantaka, cipta ameleng tekade, pan naming marganing pejah, ambirat liring boga, nadyan toya nora nginom kinajat nuliya pejah.
20.        sarta sedya angoncati, sangking wismaning sudarma, murih ilang kuwatire, yayah rena para kadang, lestariya astama, setyaning tyas pribadya mung, kang angangkat lara lena.
21.        ngaler ngilen jaka sangkrib, lingsir ndalu wancinira, tan adoh kendel lampahe, mulat mbeji lir penimpang, toya wening kawuryan, ki jaka nungku neng ngriku, anganyam ayam palastra.
22.        trekadhang kungkum ing warih,bakda kungkum nulya minggah, tapa kur munggeng pinggire, ngantak antak minta pejah, lamon ana wong liwata, anggiwar nutupi irung, lumayu balokekan.
23.        ki jaka tumungkul nangis, dangu wus tan kambon boga, sariragnya sawang layon, lalu angagra usika, nupi lami antara, nenggih kawandasa dalu, murcita pilal hyang Suksma.
24.        ngudaneni kawlasih, wawales tarak subrongta, karaos sarira entheng, perih ngethok linu sirna, ngungun ing tyas ki jaka, mangkana usiking kalbu, iki lah paran sumarma.
25.        abeneh rasaning kulit, otot bebalung kepenak, apa ta waras wak ingong, nanging mokal yen waras, ki jaka gya anggrayang, jasade sakojur alus, katrap wus sirna sadaya.
26.        dupi byar baskara mijil, surat pranawa katingal, estu wus purna katrape, tilase nora ketara, pra galba soteng jiwa, ki jaka mumudya sukur, pitulung hyang kang murbeng rat.
27.        tuwuh nistuda mangesthi, kayatnan sireng dumadya, mangoneng ngeningken panon, menggah rih pambudidaya, kang yowana linakyan, apa kentar apa mantuk, yen malih tanpa paedah.
28.        mongsa wurung den ngis engis, sanak kadang kangastama, ujar tan ana tinolah, ora bandha ora pakra, nadyan ana ngropeya, mung anganggep ala nganggur, uripe prasasat kewan.
29.        amur ta lunga angaji, ngaji angajap akerat, kadonyan pira lawase, amung sagebyaring kilat, tan langgeng ananira, akherat datan paitung, caritane santri wignya.
30.        jan becike ngong angalih, jenenging bocah ngong buwang, salin jeneng tuwa mengko, ki jaka dangu ngupaya, nama ingkang cinarya, binudi tandha wis manggih, peparab surawijaya.
31.        nulya kentar sangking beji, ngaler nekuk ngilen nabrang, pasidhatan jog pepereng, pereng wukir bulu sapta, ngaler katiwang tiwang, nurut sapinggiring gunung, marga lit rungkud sinerang.
32.        rangu rangu gyan lumaris, de kongsi nedyeng wardaya, ing bojong sari pesantren, nguni wus miyarsa warta, guru ngaji kasudra, ran kyai Mukhamad Yusup, anjenengken pariwara.
33.        yeka pinelenging galih, sumuksa ngaji bebadah, Surawijaya tekade, mengo karameyan dunya, angesthi tepet loka, dupi wanci leres bedug, lampahnya tumurun ngetan.
34.        umiyat kali wewening, kendel siram ing narmada, sarya masuh kawacane, sinjang rasukan lan dhestar, wit tilasing ngalara, sedangune tan winasuh, mangkyarsa binersihan.
35.        busana kaepe tegil, tinunggu kungkum narmada, ri sampun aking sinjange, mentas dandan lumaksana, mengaler ngilen minggah, wukir candhi jati purus, kangsi luk rungkud sinerang.
36.        ongga kaborang ri bandhil, kasangsang ing tarulata, salir bebaya tan tinon, darpa ring tyas murwa brangta, riyolat manting raga, sangking kumedah maguru, artine sarak ibadah.
37.        wus angancik igir wukir, tumurun wimbaning arga, nusup nusup ngaler ngilen, kali sruni sinabrangan, wong ngadus tinakenan, sanak pundi dalemipun, kyai guru bojong sekar.
38.        tinedahken gya lumaris, prenahing pesantren prapta, pinuju lingngih neng suroh, kiyai lagya mumulang, santri angaji kitab, Surawijaya andheku, ing latar ngandhap tritikan.
39.        cingak keh santri mangeksi, tiyang ndhodhok ing tritikan, kyai guru lingnya alon, pundi jengandika anak, pun bapa kekilapan, ingkang tinanya lon matur, kawula tiyang ing kitha.
40.        pun Surawijaya name, sedya sowan jeng sampeyan, kiyai guru nulya ge, ngacarani kinen minggah, Surawijaya minggah, kaduk tebih linggihnya, ingawe kinen majenga.
41.        sawusira majeng linggih, neng kering sang muniwara, kyai guru lingnya alon, anak ngapunten andika, kula dereng kacekap, lan andika imbal wuwus, saweg ewed amumulang.
42.        ketanggelan kantun kedhik, anak den sekeca lenggah, umatur sarya ngrerepeh, inggih sumongga sakarsa, nuwun kalajengena, mangkana kiyai guru, nglajengken denya mumulang.
43.        kitab usul nahwu tafsir, takarub mantek jur miyah, lapal maknane tineteh, kinetrek tumeka murad, santri keh gantya gantya, lulurah kalih ambandhung, mangsungka kacaryan kang mulat.
44.        denya pratela marnani, niskara tembaya kitab, ya ta wau sadangune, Surawijaya myar saksa, makna murad ing santri, kasebut parentah Rasul, miwah dalil kang lawiya.
45.        saya sengkud jroning galih, geleng gumolong panyipta, ngibadah pendhenging batos, salir ing reh nora ketang, antara wus palasta, pamulange kyai guru, santri mundur pamondhokan.
46.        kiyai guru manggihi, tatamu Surawijaya, gya mijil pasugatane, wedang saka purantinya, nambrama mangun mitra, wecana kyai guru, anak ngong Surawijaya.
47.        praptanipun wisma mami, punapa ingkang kinarsan, damel gupita tyas ingong, denten tetigas kawuryan, nedha kajawarnana, Surawijaya umatur, pramila kawula sowan.
48.        ngarsa sampeyan sang yogi, rehning kawula punika, angraos kelangkung bodho, dereng pisan sumerapa, lampah sarak ngibadah, kang dados wajib tumuwuh, setyaangaji kawula.
49.        nungku ing pesantren ngriki, anuwun barkah piwucal, kiyai manthuk delinge, lah sukur mengkaten anak, inggih sami sarayan, ya ta wau kyai guru, sadangunira tumingal.
50.        serandunireng tetami, pinanduk sangking pirasat, myang piyapati pasale, lapli maknawi kawangwang, tuhu manungsa tama, mung during mangsaning tuwuh, ing tembe mangsa wurunga.
51.        tansah ngunandikeng galih, iki wong genep petheknya, pinter tur kendel dhasare, pantes mbekakas negara, dudu murwating desa, dungduman santri ya dudu, anulya ris sabdanira.
52.        gih anak langkung prayogi, sumuksa ngaji babadah, nungku tumameng pesantren, napa malih ing ngupaya, ngatase tiyang gesang, gih amung talabul ngilmu, ujar kang sampun mupakat.
53.        mupakate tiyang santri, prelu pinurih ngupaya, ngilmu kang dadi wajibe, nanging temah kekilapan, ngilmune tan pinanggya, mung angaji muluk muluk, anjajah kehing kitab.
54.        lapal makna sehat terkib, yen sampun saged winastan, niku kang wujud ngilmune, sarta sembayange rasa, putus tan malih ngucap, tur niku satemenipun, lan ngilmu dereng benthikan.
55.        anak den sabar ring kapti, barang reh aywa kasesa, sisikune kaupados, yen ugi sampun pratela, mangsa wurung ing karsa, nging mangke kendel rumuwun, angayemana sarira.
56.        anata nata penggalih, neng ngriki wis makawula, binjing ngampil gampil tiyang ngaos, yen sampun tawajuh ing tyas, wau Surawijaya, nut kersane kyai guru, gya sinung pondhok pribadya.
57.        dumunung neng kering panti, ri sampuning tigang dina, sinalinan busanane, kelangkung denira tresna, kyai guru tumingal, wit sangsara semunipun, mila gung winimbasara.
58.        tan winarsa kehing santri, lamon bakdanya mumulang, sekssana lenggah karoron, kalawan Surawijaya, seneng imbal wecana, jalaran kiyai guru, Mukhamad Yusup wus wikan.
59.        surating maya kaeksi, Surawijaya niscaya, beneh jalma pere pere, pesthi terahing ngutama, sarta sampun kawang wang, pan duk tesmanireng semu, kendel kretarta antepan.
60.        ki guru sedyaning kapti, yen pinareng sarta kodrat, yun angurip urip mangke, dhumateng Surawiajaya, alon wijiling sabda, Surawijaya sutengsun, ywa susah kita ngajiya.
61.        sinau caraning santri, kaloreyan tanpa wekas, kasep pengarep arepe, umatur Surawijaya, kula sampun miyarsa, kala sampeyan mumuruk, pratela ungeling sastra.
62.        kocap preluning ngaurip,. Inggih pinardi ngupaya, ngelmu Islam pamurihe, pramila kula kumedah, ngaos ing pesantrenan, margine talabul ngilmu, lan malih sampun kacetha.
63.        salat gangsal wektu wajib, sinten kang tilar duraka, ginanjar bilih linakon, kiyai guru wecana, dhasar mengkaten uga, kitab tan siwah serambut, sangking dalil pasthi apsah.
64.        nanging wau kang den eji, dening tiyang saantri kathah, saweg prategali mawon, upama karya wisma, lakar taksih wadungan, lamon tan bangkit angelus, lan ngadon adoni lakar.
65.        keh bekakas tanpa dadi, pating jalempah kewala, tangeh yen ngadeg wismane, lah semanten malih kitab, lapal anjaluk loat, loat minta muradipun, murad aminta sarasa.
66.        sarasa aminta tretil, tretil punika tatrapan, yen tan bias natrapake, ngajiya kitab sayuta, amung tibeng gilingan, mubeng mubeng temu gathuk, ngibarat bali ngibarat.
67.        pundi kang den ngibarati, dadi anggep ngayawara, mengkaten ing salakone, nanging ta santri wus kaprah, mredi wigyaning kitab, kranten milik asilipun, paitan ngupaya boga.
68.        lire kadi kula niki, tinub sakathahing jalma, awit sangking pinter ngaos, parentah wong tan kewedan, gampil praptaning boga, napa jengandika ayun, madeg dadi kapruitan.
69.        Surawijaya mangsuli, pan inggih kula tan sedya, kepengin dados paguron, cekap kangge piyambak, kyai guru lingira, gih mulane kula tutur, tan susah angaji kitab.
70.        dika dede calon santri, dede cecalon sudagar, calon tani inggih dede, pinasthi calon satriya, kapriyayen utama, lamon kongsiya kebintur, pratengkahe santri nistha.
71.        pinten kadare wong santri, andum bathi dagang tuna, becik tingkah kapriyayen, brekat mupakat tur babar, mleberi kadang mitra, tumeka satedak turun, menawa dadi jalaran.
72.        nanging kangelan sayekti, wong ngurip urip darajat, lara lapa pitukune, sanadyan lara lapaa, yen tumpang sapanyipta, myar pangawruh wowor sumbu, lara lapanira muspra.
73.        wurung mukti sida mati, sida tapa wurung tampa, marmane nak ingsung angel, priyayi angulah praja, lan inggih ngulah badan, sami ugi pajunipun, menggah tatraping sarasa.
74.        anapon sinau santri, puniku reh lalampudan, sangking tan conggah badane, karya miranti darajat, murih away kapiran, wong ngurip kapiranipun, kurang sandhang kurang pangan.
75.        aluwung dadiya santri, dimen pinecraya ing lyan, supaya kandel uripe, lan dadi pangulat ulat, mutawatiri praja, mengakaten sajatinipun, umatur Surawijaya.
76.        lamon mengkatena aming, kirang prelu menggah kula, nungku ngaos neng pesantren, pinten warsa warsa talab, kanggone ming kinaryo, ing ngriki mangertosipun, inggih bangsa ngalam donya.
77.        mangka niyat kula inggih, ngupados amal akherat, mila yun kumedah ngaos, sapinten lamining dunya, langgeng wonten akherat, criyosipun para kaum, ngupados sangu palastra.
78.        kyai guru wecana ris, carita datan pinanggya, angawur awur kimawon, ngaji ngajap ngajap swarga, swarga jaman akherat, akherat bisuk nek lampus, sangking pundi pambidinya.
79.        lah mbok rinasa pribadi, kepripun gone amarna, jaman pati luwih elok, lagi marna jaman gesang, kewala tan kacekap, srsn wong cebol anggayuh, lintang mangsa kaleksanan.
80.        wong lumpuh arsa ngideri, ing jagat mangsa teles, lunga seeking kang angesod, gumujeng Surawijaya, ing galih nora nduga, ring sabda kyai guru, nanging ta ana empernya.
81.        kyai guru angling malih, mungguh babagan akherat, boten kenging cinariyos, pan aming wallahu aklam, Allah kang langkung wikan, dene kang kena rinembug, masalah urip neng dunya.
82.        niku kang kula weruhi, marga becik lawan ala, bener luput ing penggawe, awit tingal tiningalan, rasa risi karasa, sumantan tiru tiniru, sami tiyang ngalam dunya.
83.        saya kerasa jro galih, Surawijaya miyarsa, kyai guru wirayate, kawula nuwun sumangga, iang sakarsa mrediya, nadyan bentusna ing gunung, jegurena ing samudra.
84.        sakit pejah tan gumingsir, lan inggih sampun precaya, ulun lumiring sapangreh, kyai guru wecana, sukur setya ing kula, lah mangke carita ingsun, bongsa gelar myang ngibarat.
85.        milane sun ngibarati, jatining makripatullah, tan kena kawruh ambelok, sangking ing netra kapala, amung sangking sarasa, sarasa pangawruh putus, lan sangking dalil nistura.
86.        krana santri sami ngaji, amrelu makripatullah, ngiket lan jur pakartine, pu8wara kalunta lunta, kayungyun terkib sakhat, kaliwatan ing pangrungu, ruruba gung kang pinanggya.
87.        Surawijaya tur neki, kang mengkaten pariwara, punapa tan nedahake, babaku kang ing ngupaya, temah kalingga nata, wecana kyai guru, yekti guru wus amawas.
88.        jembar rupeke kang lagi, ngupaya bisaning basa, tan kenisi nami kang wong, lamon guru boten nimbi, momotaning wawadhah, angger wong bae jinuju, arane wong siya siya.
89.        pama cindhil den wenehi, pangane padha lan gajah, mangsa kuwata tutuke, sumawana kadi desa, cilik kanggonan raja, nora mulya malah ajur, milane ngangge timbangan.
90.        yen kita yun angawruhi, jejere makripatullah, ingkang samya pinipadon, dunung wiwitan agama, anak langkung prayoga, nanging den awas ing kalbu, sesirikaning makripat.
91.        ati linyok ati sakit, katrine ati palastra, lan makripatullah adoh, wijang wijange sun jarwa, ati linyok adarbya, wong kang munapek sedarum, munapek bangsaning khewan.
92.        dadine manungsa lapli, khewan maknawi tegesnya, nyata manungsa wujude, ananging pambekan khewan, tangeh wruh kira kira, nyerkutu sumingkir ngurus, dene mungguh ati lara.
93.        wong pasek ingkang darbeni, pasek bangsa mina setan, manungsa lapli larane, setan maknawi kawangwang, nyata wujud manungsa, pambekane setan wutuh, karem sasar ambelasar.
94.        anapon ran ati mati, wong kapir ingkang kanggona, khewan lan setan bangsane, insane akis kawistara, nyatu wujud manunga, ambek khewan setan juhut, drengki dakwen panastenan.
95.        ana dene ingkang sidi, ati tawajuh nisthaya, wong mukmin salih kang duwe, iyeku bongsa mukhamad, ingkang kawawa tampa, sasmitanireng Sukmagung, pracihna makripatullah.
96.        yen bisa bengkas ing tyas tri, wruh pembabaring kasidan, lestari trang panuggale, dat kang sumorot ing ngalam, sarta dat kang nistura, ywa andika salah surup, ingngriku kalangkung pragya.
97.        lamon sisip nyekuthoni, sotaning dat kang pratistha, yen tan wruh wijang wijange, akeh madeg kapruitan, wejange tuna dungkap, siswane nora anggayuh, jejering dat kang samep.
98.        edate loatipun urip, tan catinatrap sarasa, yen mengkana uripa ingong, iku sanyatane Allah, lah iya urip kita, anane dumunung wujud, yen mengkona wujud kita.
99.        kanyatahan Maha Suci, mengkoten penganggep salah, sulaya lan pathokane, yekti tan pinanggyeng ngakal, kiyammubin napsiha, Allah jumenenge tamtu, pribadi tan lawan liyan.
100.     mummasalah lilkhawadis, prabeda sakeh kang anyar, eh anak den ngatos atos, kaliwat pakiwuh gawat, doning makripatullah, yen uga kabeh rinengkuh, jejer wong kejaba riyah.
101.     yen datan ngrasa duweni, niku jejer kadariyah, lamon parengan rengkuhe, dumadya wong mutajilah, Surawijaya myarsa, jedheg kewedan jro kalbu, umatur paran kang yogya.
102.     nuwun pamulang kang pasthi, kamantyan limut nistuda, ambebana anggen anggen, kyai guru lon manabda, keh ngibarat trangena, kang tumiba ing pandulu, gandhengen lan budinira.

PUPUH IV MEGATRUH

1.           samantuke bujang nora tutur tutur, sinamar ajrih menawi, kang nglewat tumekeng lampus, mbok dadi seksi prekawis, mengkana ciptaning batos.
2.           nadyan mati jer karepe pribadyeku, inyong mung darma nuruti, angger aja na wong weruh, mongsa ta inyong tinarik, kuneng ingkang winiraos.
3.           wau Surawijaya kang ngajab lampus, tapa ngluwat jroning bumi, pejuritan gyaning dhusun, estu datan malih kapti, tekad anggeleng gumolong.
4.           anglanglangi wilangan lingling wulangun, nguni pariwara sangking, kyai Mukhamad yusup, lan kyai jaiman warsit, tinemen ngluwes suraos.
5.           ya sarasa ngusakara kara murub, kang rumarab ngirib irib, rurupan bang reng pingul, kundhi kuning pinanduk kenapi, tegese brastha tan tinon.
6.           krana rusak mungguh saka kehing luk, amung wajahe ywang widi, langgeng ing kahananipun, iyeka isbat kinesthi, enir paningal pasal ro.
7.           jroning ngurip lir panjutaba swareku, tistheng kundha gedhah rempid, datan kanginan sapangu, sayekti datan maletik, wisuda denya mencorong.
8.           pencoronge amandeng wajibul wujud, byukta pamejang rumiyin, kyai Mukhamad yusuf, atarkumusiwalahi, illalah panuksmaning den.
9.           dupi sampuning sal tri dasa nem dalu, pitulunging ywang mranani, pracihna bawa tumanduk, mring sujalma kang darbeni, pomahan sinasmita non.
10.        swara sidi murcita jroning ngaturu, eh eling eling den eling, nalagati yen sira yun, ilang nggonira asakit, entasen jalma kang ngandon.
11.        nglawat aneng karangmu sasirih kidul, ngingsor bendha ageng inggil, wimba saranen satuhu, dadi serana usadi, purna jiwa anak bojo.
12.        nalagati kaget tangi tyas gegetun, apa ta andara dasih, sajroning turu ngong krungu, swara pitutur dumeling, ing kono kidul ana wong.
13.        tapa ngluwat dak delenge alanganggur, sukur yen temen kang kempi, baya pitulung ywang agung, menawa iya sayekti, ketara sariraning ngong.
14.        ngrasa entheng kyai naladipa gupuh, dandan pacule cinangking, lendhang lendhang kesah ngidul, ngingsor wreksa bendha prapti, ana siti anyar katon.
15.        kang kinaryo ngurugi luwang wus temtu, bungah kyai Nalagati, andara dasih impenku, nulya urug urugan siti, binuwang wonten sayektos.
16.        jalma siki angluwat tinon wus layu, sawang layon wondha putih, Nalagati lon matur, shuh sang mangun tarak brangti, lilanana sarira ngong.
17.        yun mondhonge sampyan kula bekta mantuk, mring wisma kawula inggih, lan boten niyat cipta dur, ming sangking mirma ningali, menawi kelajeng layon.
18.        sawusira matur gya ingangkat mantuk, sinarekaken aririh, ing amben sayana alus, kajang sirahnya rumanti, datan usik sang wirangrong.
19.        nulya kinutugan kukus sekul biru, lathi kinecer jruk bayi, palaling ywang dangu dangu, purneng bayu wus bisa sik, sang tapa gya lenggah alon.
20.        Nalagati sanalika sakitipun, waras lan saanak rabi, samya ngadhep munggeng ngayun, Surawijaya ngling aris, paman lir paran kang wados.
21.        mangke badan neng ngriki dumunung, lan paman sinten kang nami, alon denira umatur, kawula pun Nalagati, pemahan ngriki kang manggon.
22.        nuwun pirsa sampeyan sinten jujuluk, nauri kula tyang miskin, Surawijaya nganingsun, ambelayar tanpa panti, ngupaya marganing layon.
23.        ngasih asih nalagati aturipun, angger sampun ngajap lalis, limrahing titah tumuwuh, nandhang papa sawetawis, menawi karya panyepo.
24.        sinten priksa kamulyan tembe pinangguh, mila sayogya ginalih, kang amurih reh rehayu, pinuwun kawula mangkin, wontena ngriki kimawon.
25.        amulihken sarira ing risakipun, sakadar kula tyang alit, sakuwaos kados gaclug, ngladosi saka puranti, kamirahan ywang sukmanon.
26.        lamon sampun purna sumongga sakayun, kawula jumurung puji, Surawijaya ngling arum, gih paman tarima mami, kawlasan dika maring ngong.
27.        moga Allah paring wales tyas kang tuhu, karahayon ngawal akhir, luwih kapaotangan ingsun, gih pinten bara ing benjing, bisa mangsulken tyas batos.
28.        ya ta lami Surawijaya dumunung, pejuritan ngusadani, risake sariranipun, nalagati jalu estri, sanget nggenira gumatos.
29.        winursita kalih condra pulih sampun, sarira seksana amit, akarsa nutugen laku, nalagati managastuti, sarta ngaturi pisangon.
30.        werni karan winadhahan usus usus, kolor saruwal rumanti, manis jangan tunggilipun, kayu legine sakedhik, saruwal sigra ing nganggo.
31.        nulya mangkat Surawijaya lumaku, mangilen angambah tegil, tindakira kapirangu, yatneng tresna nalagati, ngungut sanget ing gumatos.
32.        nekuk ngidul anjog kisik samudra gung, setya dereng niat mulih, mring kutha sayaseng dangu, kacaryan reh ta kitaki, tumutur telenging batos.
33.        malak mandar wimbuh ardanireng kayun, sumuksa mertapeng wukir, sedene gutho kasamun, mangayu bagyanig budi, dadiya lena linakon.
34.        nurut kisik mangilen lumampah darung, ngemut karag tomba salit, surating baskara mepu, wanci madya lir gesangi, sangsareng jiwa tan tinon.
35.        langkung denya amemati raganipun, wus liwat ing cingcing guling, trus pasthi maminggah gunung, anrang pringga wukir kancik, kathah kapranggul buburon.
36.        sato wana anggiwar tan ana ganggu, sarpa lodra jalu jalu, kapethuk nyimpang lumayu, mong bantheng menjangan kancil, katerak malumpat bekos.
37.        yen kaleson reren sangisor wreksa gung, yen arip turu gumlinting, ngangge karang ngulu watu, jroning tyas cinipta guling, sanengti lampus pakaot.
38.        sota nikmat mahywa panarima mungguh, tangi turu gya lumaris, tan ngangge milih delanggung, nasak wit saparan sikil, mungguh tumurun jurang jro.
39.        murang marga angambah kang siluk siluk, kesangsang sangsang penjalin, tarwiyang tansaya wimbuh, giranging tyas tandu ngancik, laladan ing karang bolong.
40.        kehing guwa guwa den ungak sedarum, tan ana den kasenengi, karya asrama manungku, de guwa ngungkung udadi, dedalane gawat elok.
41.        guwa karangbolong writ angker kelangkung, keh durbiksa mrih durniti, gegodha memurung tuwuh, yen wantah sayekti baring, binabidhung ing gendruwo.
42.        rehayune keneng mala budheg bisu, suwung ati tuna budi, badan kurus weteng busung, bosok kulit daging mamring, kari tulang dadi jrangkong.
43.        nanging mungguh manungsakang ingsi ngelmu, ngelmu makripatullahi, dhasar nistuda tawajuh, binusanan tarak brangti, tarbukeng tyas waskitheng don.
44.        sinung kalis durmalaning setan juhud, sasedyanira lestari, prabawa bakuh tumangguh, was ketir ketir swwuh enir, nerak pringga baya wutoh.
45.        lajeng denya lumaksana alas rungkud, ing blang konang den unggahi, dangu lumingling mangkya wruh, guthoko jro tinon dani, wenimbuken kencana los.

PUPUH V MASKUMAMBANG

1.           aran guwa menganti sinawang edi, wiwara bawera, anulya dipun lebeti, margane rumpil kabina.
2.           pan tinurut ginagap gagap ing sikil, lelumut kumeclap, kadi tan bangkit lumaris, padhas dhedasaring marga.
3.           sanalika Surawijaya manganggit, darpa nrak babaya, yen wania maring gampil, jrih angel wurung panyipta.
4.           esthining reh sngel atanapi gampil, kaantep sajuga, ing purwa punapi, jer kita kang bedakena.
5.           dadya saya sengkud denira lumaris, rarasing pandriya, binudi dadya mranani, malar mimbuhi subadya.
6.           wusing prapta jro guthoka amiyarsi, ywah amara wayan, nanging ta datan kaeksi, sangking limut lamat lamat.
7.           mung pengrasa kang karasa mracihnani, nian sidyanira, Surawijaya mertapi, munggeng sela sumayana.
8.           tapa linggih amadhep karseng suksmadi, asta kering kanan, tumumpang ring pupu kalih, mresing tyas anglebur rasa.
9.           iya rasa kang angraras asma kalih, kang purwita jasad, linebur kinarya urip, uripe linebur mongka.
10.        rasa prelu tandya linebur kinardi, susmaya samepa, susmaya linebur dadi, jisim latip kang lawiya.
11.        ri sampunya geleng gumolong pangesthi, wa gyut ngalad alad, surating dat angebeki, subadya amot wasesa.
12.        jro wisesa amot ing purba sejati, Surawijaya trang, titika sabilik bilik, tarbuka ning matyastama.
13.        kuneng ingkang lagya ngeningken pangeksi, neges karsaning sang, dumunung guwa menganti, mangke mangsuli carita.
14.        duk nalika pangran puger lan kang rayi, pangran Martasana, miwah pangran Singasarri, kairing sawadya bala.
15.        wangsulipun sangking tanah tirta rukmi, tinuduh sudarma, ngrebat negari mentawis, mengsah lawan Trunajaya.
16.        ing pasisir kidul ingkang den margani, saben mesanggrahan, narubken para ngabei, lan patinggi desa desa.
17.        sowan sarta sudhiya kartala jurit, rumojong karya prang, sanggen mesanggrahan gusti, saos saos sanaos wega.
18.        dupi lajeng mangetan wong agung katri, patinggi ing ngagya, binage bage karyeki, ana kalane binekta.
19.        lajeng ngetan kang badhe ing ngaben jurit, saweneh tinilar, kinen sami pacak baris, patinggi desa kerigan.
20.        ya ta wau pangran puger lan kang rayi, kendel mesanggrahan, neng desa wawar pasisir, ing wismane wreganaya.
21.        kang nguyuni wong desa wawar pasisir, demang wreganaya, keringan macapat jalmi, jalaran daya berbudaya.
22.        kanan kering patinggi samya suwiwi, marang desa wawar, sumambita ngarseng gusti, samekta busananing prang.
23.        sapta dina denya mesanggrahan nenggih, ngabei kerigan, tanapi para taruni, kang wanter maju pakaryan.
24.        jeng pangeran puger milihi sujalmi, ingkang winursita, ki Honggayuda semangkin, ing kutho pinuju lagya.
25.        tilik dhateng desa wawar krana dening, Honggayuda dadya, suta mantune pangarsi, kyai demang wreganaya.
26.        jeng pangeran puger uninga langkung sih, andangu mring demang, werganaya sapa iki, kang ngladeni saben dina.
27.        marang ingsun tapsilaning luwih becik, werganaya nembah, gih punika mantu siwi, Honggayuda dhusun kitho.
28.        pangran angling iya mantunira iki, cekel gawe apa, werganaya angot sari, dereng cepeng pendamelan.
29.        wonten kitho aming inggihnya nyepahi, ing mitra wangsanya, jeng pangeran gya nimbali, Honggayuda sowan ngarsa.
30.        ngandika rum eh Honggayuda semangkin, wit parentah ingwang, sira dadia patinggi, anyekela desa kutho.
31.        sarta desa sakiwa tengene ugi, kang nyekel prentahan, sira ingkang mituwani, iki sun paring tondha.
32.        ora susah sira ndherek laku mami, becik bali kutho, ing kana pacak baris, tarubena wong ing desa.
33.        tandya sujud Honggayuda awot sari, pukulun sandika, amundhi sabda jeng gusti, jeng pangran gya budhal ngetan.
34.        Honggayuda wangsul mring kutho wismeki, natrapken parentah, gancanging carita uwis, ambwah disa sadesa.
35.        amung cacad jro jaman dahuru maksih, esuking ngesukan, singa kang rosa pakolih, desa kathah tetukaran.
36.        mene gancaraken terahing mentawis, sang sunan mangkurat, kang madeg prabu ing tegil, ing budhalipun mangetan.
37.        pasisir ler wau ingkang den wiyosi, kedhiri jog ira, anglarag Trunajayeki, reroncene tan winarna.
38.        amung mendhet gancare ingkang kinawi, tempuh ing ngayun, trunajaya wis kajodhi, nagri mentaram kapegat.
39.        jeng susunan mangkurat tandya nglenggahi, prasada mentaram, nguyuni kang rayi rayi, nagri arja karti karta.
40.        wang wang kraton pindhah sangking ing mentawis, nenggih kartasura, semangke prasadanaji, tulus panjenengan Nata.
41.        ri sampune surud kanjeng Sri Bupati, mangkurat ginantyan, ing putra pangran Dipati, juluk Sunan Mangkurat Mas.
42.        datan lama jalaran selir widyasthi, karaton ginantyan, dening kang paman sudarmi, jeng pangran puger sudibya.
43.        jenengipun sae kapraya kumpeni, kasub kaoningrat, jujuluke Narapati, jeng sunan mengku buwana.
44.        pan sinigeg mangke carita mangsuli, kang amanting jiwa, tapa neng guwa menganti, tan kawruhan laminira.
45.        krana sangking peteng tan wruh rina wengi, marmaning ywang suksma, kang ngasipat rahman rakhim, ngudaneni setyaning tyas.
46.        jroning karna yayah lir kadi pinetik, Surawijayenggal, yatna ring sawiji wiji, panaul pan wus luwar.
47.        ngungun astanira anggegem cumethi, tinurut ginrayang, satuhu wonda penjalin, laras sotaning sarkara.


Selasa, 09 Desember 2014

Kebumen


Dening Turiyo Ragilputra

Mung kari tunggak lan balung-balung bungkik
Kapanggang panas kasapu lesu
Watu krakal mili mlebu jroning usus
Tanpa tabet winih guritan sing nate dak dhedher
Nalika tangan iki isih nyekel layang piyandel
O, mitraku
Kapan bakal daksasak alang-alang
Kapan daktemu cangkir teko wadhahe wedang
Awit kabeh wis kipa-kipa marang kidung segara
Marang lembute laras budaya
Mung kari uwuh lan kawat-kawat rongsokan
Plastik-plastik mawa racun jinereng ing sampiran
Uga sliramu
Katungkul lelangen ing banyune kali luk ula
Milih brendhi wiski tinimbang legen gula jawa
Kebumen, bareng gogroge kembang-kembang randhu
Gogrog uga pangarep-arep ing pange kalbu

Unen-unen


A

Adhang-adhang tetese embun : njagakake barang mung sak oleh-olehe.

Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.

Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.

Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

Ana daulate ora ana begjane : arep nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub).

Ana gula ana semut : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.

Anggenthong umos (bocor/rembes) : wong kang ora bisa nyimpen wewadi.

Angon mongso : golek waktu kang prayoga kanggo tumindak.

Angon ulat ngumbar tangan : ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong.

Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane.

Asu rebutan balung : rebutan barang kang sepele.

Asu belang kalung wang : wong asor nanging sugih.

Asu gedhe menang kerahe : wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.

Asu marani gebuk : njarak / sengaja marani bebaya.

Ati bengkong oleh obor : wong kang duwe niyat ala malah oleh dalan.

B

Baladewa ilang gapite (jepit wayang) : ilang kekuwatane / kaluhurane.

Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar) : pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane.

Bathang lelaku : lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani.

Bathok bolu isi madu (bolong telu) : wong asor nanging sugih kepinteran.

Blaba wuda : saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.

Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong kang podho pintere.

Becik ketitik ala ketara : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine.

Belo melu seton (malem minggu) : manut grubyuk ora ngerti karepe (taklid).

Beras wutah arang bali menyang takere : barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

Bidhung api rowang : ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi.

Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho) : wong bodho sering nglakoni, kalah pinter ro wong pinter nanging durung tau nglakoni.

Bubuk oleh leng : wong duwe niyat ala oleh dalan.

Bung pring petung : bocah kang longgor (gelis gedhe).

Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud.

Buru (mburu) uceng kelangan dheleg : golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe.

Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka.

C

Carang canthel : ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.

Car-cor  kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos oran dipikir disik.

Cathok gawel (timangan sabuk) : seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.

Cebol nggayuh lintang : kekarepan kang ora mokal bisa kelakon.

Cecak nguntal cagak (empyak) : gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane.

Cedhak celeng boloten (gupak lendhut) : cedhak karo wong ala bakal katut ala.

Cedhak kebo gupak :  cedhak karo wong ala bakal katut ala.

Ciri wanci lelai ginawa mati : pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.

Cincing-cincing meksa klebus : karepe ngirit nanging malah entek akeh.

Criwis cawis : seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki.

Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake : wong kang njalari ala becike disingkirake.

D

Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut : wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh.

Dahwen ati open (seneng nacad) :  nacad nanging mbenerake wong liya.

Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang : ala dianggep becik, becik dianggep ala.

Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.

Digarokake dilukoke : dikongkon nyambut gawe abot.

Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat :  wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.

Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh.

Dom sumuruping mbanyu : laku sesideman kanggo meruhi wewadi.

Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan : senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani.

Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi : wong kang nesu banget.

Dudutan lan anculan (tali memeden sawah) : padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.

Durung pecus keselak besus : durung sembada nanging kepengin sing ora-ora.

E

Eman-eman ora keduman : karepe eman malah awake dewe ora keduman.

Emban cindhe emban siladan (slendang iratan pring) : pilih kasih / ora adil.

Embat-embat celarat (klarap) :  wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.

Emprit abuntut bedhug : perkara sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.

Endhas gundul dikepeti : wis kepenak ditambahi kepenak maneh.

Endhas pethak ketiban empyak : wong kang bola-bali nemu cilaka.

Enggon welut didoli udhet : panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.

Entek ngamek kurang golek : anggone nyeneni/nguneni sakatoge.

Entek jarake : wis entek kasugihane.

Esuk dhele sore tempe : wong kang ora tetep atine (mencla mencle).

G

Gagak nganggo lar-e  merak : wong asor / wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).

Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.

Gajah (nggajah) elar : sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.

Gajah ngidak rapah (godhong garing) : nerang wewalere dewe.

Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe : wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik sing dadi korbane.

Garang garing : wong semugih nanging sejatine kekurangan.

Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan : golek utang kanggo nyaur utang.

Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.

Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh : senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.

Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik.

Golek-golek ketemu wong luru-luru : karepe arep golek utangan malah dijaluki utang.

Gupak pulute ora mangan nangkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.

I

Idu didilat maneh : murungake janji kang wis diucapake.

Iwak lumebu wuwu : wong kena apus kanthi gampang.

J

(n)Jagakake endhoge si blorok : njagagake barang kang durung mesthi ana lan orane.

(n)Jajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-endi.

Jalma angkara mati murka : nemoni cilaka jalaran saka angkara murkane.

(n)Jalukan ora wewehan : seneng njejaluk ora seneng menehi.

Jati ketlusupan ruyung : kumpulane wong becik kelebon wong ala.

Jaran kerubuhan empyak : wong wis kanji (kapok) banget.

Jarit lawas ing sampire : duwe kapinteran nanging ora digunakake.

Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.

Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi rekasa.

(n)Junjung ngetebake / ngebrukake : ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.

K

Kacang ora ninggal lanjaran : kebiasa-ane anak nirokake wong tuwane.

Kadang konang : gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.

Kala cacak menang cacak : samubarang panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane.

Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega : wong sing ora duwe papan panggonan.

Katepang ngrangsang gunung : kegedhen karep/panjangka sing mokal bisa kelakon.

Katon kaya cempaka sawakul : tansah disenengi wong akeh.

Kaya banyu karo lenga : wong kang ora bisa rukun.

Kakehan gludug kurang udan : akeh omonge ora ana nyatane.

Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget.

Kebat kliwat, gancang pincang : tumindak kesusu mesthi ora kebeneran.

Kebo bule mati setra : wong pinter nanging ora ana kang mbutuhake.

Kebo ilang tombok kandhang : wis kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu.

Kebo kabotan sungu : rekasa kakehan anak / tanggungan.

Kebo lumumput ing palang : ngadili perkara ora nganggo waton.

Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga adoh bali menyang omahe / asale.

Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wulang wong enom.

Kegedhen empyak kurang cagak : kegedhen karep nanging ora sembada.

Kajugrugan gunung menyan : oleh kabegjan kang gedhe banget.

Kekudhung walulang macan : ngapusi nggawa jenenge wong kang diwedeni.

Kelacak kepathak : ora bisa mungkir jalaran wis kebukten.

Kena iwake aja nganti buthek banyune : sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak.

Kencana katon wingko : senajan apik nanging ora disenengi.

Kendel ngringkel, dhadang ora godak : ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho.

Kenes ora ethes : wong sugih amuk nanging bodho.

Keplok ora tombok : wong senengane komentar thok nanging ora gelem tumindak.

Kere munggah mbale : batur dipek bojo karo bendarane.

Kere nemoni malem : wong kang bedigasan / serakah.

Kerot ora duwe untu : duwe kekarepan nanging ora duwe beaya / wragat.

Kerubuhan gunung : wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.

Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : nemoni cilaka kang ora kenyana-nyana.

Ketula-tula ketali : wong kang tansah nandang sengsara.

Kethek saranggon : kumpulane wong kang tindakane ala.

Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadhang : wong kang ora duwe panggonan sing tetep.

Klenthing wadah uyah : angel ninggalake pakulinan tumindak ala.

Kongsi jambul wanen : nganti tumekan tuwa banget.

Krokot ing galeng : wong kang mlarat banget.

Kriwikan dadi grojogan : prakara kang maune cilik dadi gedhe banget.

Kumenthus ora pecus : seneng umuk nanging ora sembada.

Kurung munggah lumbung : wong asor / cilik didadekake wong gedhe.

Kuthuk nggendhong kemiri : manganggo kang sarwo apik/aji liwat dalan kang mbebayani.

Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk : njarag marani bebaya.

Kuncung nganti temekan gelung : suwe banget anggone ngenteni.

L

Ladak kecangklak : wong kang angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe.

Lahang karoban manis : rupane bagus / ayu tur luhur budine.

Lambe satumang kari samerang : dituturi bola-bali meksa ora digugu.

Lanang kemangi : wong lanang kang jireh.

Legan golek momongan : wis kepenak malah golek rekasa.

Lumpuh ngideri jagad : duwe karepan kang mokal bisa keturutan.

M

Maju tatu mundur ajur : perkara kang sarwa pakwuh.

Matang tuna numbak luput : tansah luput kabh panggayuhan.

Mbuang tilas : ethok-ethok ora ngerti marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni.

Meneng widara uleran : katon anteng nanging sejatin ala atine.

Menthung koja kena sembagine : rumangsane ngapusi nanging sejatine malah kena apus.

Merangi tatal : mentahi rembug kang wis mateng.

Mikul dhuwur mendhem jero : bisa njunjung drajate wong tuwa.

Milih-milih tebu oleh boleng : kakehan milih wekasan oleh kang ora becik.

Mrojol selaning garu : wong kang luput saka bebaya.

Mubra-mubra mblabar madu : wong sing sarwa kecukupan.

N

Nabok anyilih tangan : tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya.

Ngagar metu kawul : ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempan.

Ngajari bebek nglangi : panggawean sing ora ana paedahe.

Ngalasake negara : wong sing ora manut pranatane negara.

Ngalem legining gula : ngalembana kepinterane wong kang pancen pinter/sugih.

Ngaturake kidang lumayu : ngaturake barang kang wis ora ana.

Nglungguhi klasa gumelar : nindakake panggawean kang wis tumata.

Ngontragake gunung : wong cilik/asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe gegere wong akeh.

Nguthik-uthik macan dhedhe : njarag wong kang wis lilih nepsune.

Nguyahi segara : weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.

Nucuk ngiberake : wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat.

Nututi layangan pedhot : nggoleki barang sepele sing wis ilang.

Nyangoni kawula minggat : ndandani barang sing tansah rusak.

Nyolong pethek : tansah mleset saka pametheke/pambatange.

O

Obah ngarep kobet mburi : tumindake penggede dadi contone/panutane kawula alit.

Opor bebek mentas awake dhewek : rampung saka rekadayane dhewe.

Ora ana banyu mili menduwur : watake anak biasane niru wong tuwane.

Ora ana kukus tanpa geni : ora ana sbab tanpa akibat.

Ora gonjo ora unus : wong kang ala atine lan rupane.

Ora mambu enthong irus : dudu sanak dudu kadhang.

Ora tembung ora tawung : njupuk barang liyan ora kandha disik.

Ora uwur ora sembur : ora gelem cawe-cawe babar pisan.

Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa.

Othak athik didudut angel : guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel.

P

Palang mangan tandur : diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan.

Pandengan karo srengenge : memungsuhan karo penguwasa.

Pandhitane antake : laire katon suci batine ala.

Pecruk (manuk kag magan iwak) tunggu bara : dipasrahi barang kang dadi kesenengan.

Pitik trondhol diumbar ing padaringan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.

Pupur sadurunge benjut : ngati-ati sadurunge benjut.

R

Rampek-rampek kethek : nyedak-nyedak mung arep gawe kapitunan.

Rawe-rawe rantas malang-malang putung : samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.

Rebut balung tanpa isi : pasulayan merga barang kang sepele.

Rindhik asu digitik : dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.

Rupa nggendhong rega : barang apik regane larang.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha bubrah/rusak.

S

Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil.

Sabaya pati, sabaya mukti : kerukunan kang nganti tekan pati.

Sadumuk bathuk sanyari bumi : pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.

Sandhing kebo gupak : cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.

Satru mungging cangklakan : mungsuh wong kang isih sanak sedulur.

Sadhakep awe-awe : wis ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.

Sembur-sembur adus, siram-siram bayem : bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh.

Sepi ing pamrih, rame ing gawe : nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.

Sing sapa salah bakal seleh : sing sapa salah bakal konangan.

Sluman slumun slamet : senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.

Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh : wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.

T

Tebu tuwuh socane : prakara kang wus apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi.

Tega larane ora tega patine : senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.

Tekek mati ing ulone : nemoni cilaka margo saka guneme dhewe.

Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara : kabar kang durung mesthi salah lan benere.

Timun jinara : prakara gampang banget.

Timun mungsuh duren : wong cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.

Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho kanggone yen kekurangan wae.

Tinggal glanggang colong playu : ninggalake papan pasulayan.

Tulung (nulung) menthung : katone nulungi jebule malah nyilakani.

Tumbak cucukan : wong sing seneng adu-adu.

Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha nanging bathi paseduluran.

Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati : prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik.

U

Ucul saka kudangan : luput saka gegayuhane.

Ulat madhep ati manteb : wis manteb banget kekarepane.

Undaking pawarta, sudaning kiriman : biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.

Ungak-ungak pager arang : ngisin-isini.

W

Welas tanpa lalis : karepe welas nanging malah gawe kapitunan.

Wis kebak sundukane : wis akeh banget kaluputane.

Wiwit kuncung nganti gelung : wiwit cilik nganti gedhe tuwa.

Y

Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.

Yiyidan mungging rampadan : biyene wong durjana/culika saiki dadi wong sing alim.

Yuwana mati lena : wong becik nemoni cilaka marga kurang ngati-ati.

Yuyu rumpung mbarong ronge : omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.

Rabu, 03 Desember 2014

Mitos Ing Dusun Bumiharjo, Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen


            Wonten ing dusun kula, dusun Bumiharjo Rt02/06 Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen wonten mitos ingkang kasebar. Mitos menika kawiwitan saking cariyos panyebaran agami Islam wonten ing dusun Bumiharjo. Panyebaran agami Islam kasebut katindhakake dening tiyang ingkang namanipun Syekh Abdul Awal. Wektu sakmenika Panjenenganipun kaliyan rombongan dumugi dusun Bumihrjo. Lajeng nggoleki papan ingkang trep kagem nyebarake agama Islam.
Sak sampunipun muter-muter sedaya papan wonten ing dusun menika. Syekh Abdul Awal kaliyan rombongan nibakake piliyanipun wonten pekarangan caket kaliyan sabin. Wonten papan menika trep kaliyan kahanan ingkang dikersakake. Lajeng para rombongan nganakake kerja bakti nyiapake menapa kemawon ingkang dipun betahake kagem ngedegake papan kados pondok alit. Pondok menika ingkang badhe dipun ginakake dening Syekh Abdul Awal kagem ngaji lan syiiran.
      Ananging nalika Syek Abdul Awal lan para rombonganipun badhe ndamel papan kagem ngaji, Piyambakipun mireng suwanten gamelan saking sisih kulon. Saking suwanten menika lajeng Syek Abdul Awal mutusaken boten siyos ngadekake pondok wonten mriku. Piyambakipun pitados menawi swanten gamelan kalawau pratanda boten sae utawa awon saking Pangeran menawi siyos ndamel papan ngaji wonten mriku. Lan saget nekakake bala.
            Lajeng Syekh Abdul Awal lan para rombongan mutusaken budhal saking dusun Bumiharjo lan madosi daerah sanesipun ingkang trep kagem ndamel papan ngaji. Ananging,  sakderengipun ninggalaken dusun menika. Piyambakipun  nggadahi wasiat kagem warga, inggih menika, upami warga desa Bumiharjo badhe gadhah damel supados boten ngawontenaken hiburan utawi manapa kemawon ingkang wonten gamelan. Menawi tetep nindakake, bakal pikantuk bencana inggih menika griyanipun kobong

Mitos menika angsal dipun pitados utawa boten. Ananging sampun wonten keluwarga ingkang griyanipun kobong amarga nalika gadhah damel (ngantenan) ngawontenaken hiburan ingkang wonten gamelanipun inggih menika wayangan.

Selasa, 02 Desember 2014

Balada Jaka Gudig


Badan katutup gudhig  ingkang nyemburake mambet amis
Kanthi pernyakit menika, Jaka Sangkrib kaceluk Jaka Gudig
Andadosaken lintang-lintang ikang kedah nglindungi, sakmenika ical
Donya lan seisine mlengos, sedaya mabur tanpa raos welas
Birune lintang ingkang nylimuti sakmenika malih dados peteng ingkang saya ndedhet
Senadjan kanthi nggrogoti nala, aku milih lunga
Nglembana dumugi alas-alas
Nora kepetung maneh mergi ingkang sampun dipunpecaki
Palillahipun Gusti, dumugi sesakit saged ical
Gegodhongan, tirta, dumugi tirta telaga ingkang saged njampeni salira
Ananging, mokal ku bali
Kanthi nama Surawijaya, aku ndelik, supados nora ana ingkang mangertosi
Wit kang ngancani saben wayah menika dados seksi
Den Bagus... tangi...
Tangi Den Bagus.....
Kanthi alus, Nalagti nggugah nyuwun pajampen kanggo sadherek
Pertapan mawi pertapan tak singgahi
Pesantren dumugi ngilmu bela diri tansah dipun goleki
Kabeh kagem mbikak donya ingkang kabanjur peteng
Kademangan Kutowinangun dipun serang Kademangan Pekacangan
Ringkikanipun jaran Surawijaya nyebar hawa ajrih nunjem nala
Hey... Demang Prawiragati majuwa kene !
Mak gedebug... swanten para prjurit gelelengan kena sabetan pedhang
Demang  Pragawati kalah, mlayu mundur
 Surawijaya banjur diangkat dados Demang Kutowinangun
Ananging dumugi sak menika boten wonten ingkang nepangi sejatosipun Surawijaya inggih menika Jaka sangkrib

Senin, 01 Desember 2014

Pacelathon (guru lan murid, murid lan murid)



Ing dinten Senen enjing sakbibaripun upacara, para siswa mlebet kelasipun piyambak-piyambak. Lajeng ndherek pelajaran kados biyasa, boten kajaba Ani, Mira, lan Rosi ugi mlebet ing kelas.

Ani    : “Mir, Mira.”
Mira  : “Dalem, ana apa Ni?”
Ani    : “Dina iki pelajaran pertama apa ta?”
Mira  : “Kuwi lho pelajaran Basa Jawa, Ni.”
Ani    : “Oh iya, kowe wis nggarap tugase durung?”
Mira  : “Wis ta ya, Mira ngono lho! Kowe dhewe wis nggarap durung?”
Ani    : “Iya iya percaya Mir, kowe kan pinter. Ora kaya aku, diomong pinter tapi    ya ora yen diomong bodho, ya aku ora bodho-bodho banget. Haha.”
Rosi   : “Hahaha kowe ki lho Ni, pancen ora cetha.”
Ani    : “Apa ta Ros, ora cetha piye? Wong aku cetha banget ngene kok, Cetha     aku manungsa, duwe tangan, mripat, irung.”
Rosi   : Uwis uwis, ora usah mbok lanjutke.”
Mira   : “Iya uwis uwis, ngono wae diributke. Ni, tugasmu wis digarap durung?     Yen durung ndang digarap, selak Bu Guru mlebu kelas!”
Ani    : “Aku nggarap nembe separo. Aku bingung kok. Silihi tugasmu rene, wis     mumet aku. Hehehe.”
Mira   : ”Wuuu,  ya wis nyah.” (karo nyodorake buku ning Ani)
Ani    : “Hehehe matur nuwun ya”.
Mira   : “Ya, ndang digarap kana!”.
(Ani langsung nggarap tugas)
Rosi   : “Iki bocah wis disilihi tugas langsung meneng, mau geger wae”.
Mira   : “Ya wis ta, mesakne”.
(15 menit saksampunipun, lajeng Bu Guru mlebet kelas)
Rosi    : “Ni, wis rampung durung? Bu Retno wis mlebu kuwi lho.”
Ani     : “Iya, iki wis rampung kok.”
Guru   : “Assalamu’alaikum, sugeng enjang para siswa?”
Siswa  : “Wa’alaikumsalam. Sugeng enjang Bu.”
Guru   : “Para siswa kados pundi kabaripun?”
Siswa  : “Sehat bu, Ibu piyambak kados pundi kabaripun?”
Guru   : “Alhamdulillah Ibu uga sehat, kala wingi sampun dumugi bab punapa       nggih?”
Siswa  : “Kala wingi nggrembag babagan nyerat aksara jawa, Bu.”
Guru   : “Oh nggih, kala wingi Ibu paringi tugas kangge gladhen nyerat aksara      jawa ta? Sampun dipun garap sedaya punapa dereng?”
Siswa  : “Inggih Bu, sampun sedaya.”
Guru : “oh nggih sampun, mangke tugasipun dipun kempalaken wonten mejanipun Ibu nggih!”
Siswa  : “Inggih Bu”.
Guru  : “Lajeng dinten menika kita badhe ngrembag bab geguritan. Sinten   ingkang sampun mangertos punapa geguritan menika?”
Ani     : “Geguritan menika puisi, Bu.”
Guru : “Nggih leres, nanging menika basa Indonesianipun. Sinten malih ingkang mangertos?”
Mira  : “geguritan menika reroncenging tembung ingkang dipun damel endah, Bu.”
Guru  : “Nggih leres. Nanging jangkepipun geguritan menika wohing susastra  ingkang basanipun cekak, menthes lan endah”.
Mira    : “Lajeng ingkang mbentenaken geguritan kaliyan tembang punapa, Bu?   Nggih sami migunakaken basa ingkang endah, Bu?”
Guru   : “Geguritan menika boten kaiket aturan kaya dene tembang, Mir”.
Rosi  : “Bu, menika ingkang dipun maksud cekak, menthes, lan endah punapa?”
Guru : “cekak yaiku boten wujud ukara ingkang nggladrah, menthes yaiku tembungipun gadhah makna ingkang jero, dene endah menika ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa”.
Mira   : “Bu, lajeng kados pundi caranipun maos geguritan supados saged endah lan kepenak diraosaken?”
Guru : “Geguritan menika bakal endah lan kepenak dipun raosaken menawi ingkang maos ngangge irama ingkang becik, tetembunganipun dipun pilih ingkang endah”.
Mira  : “Oh nggih Bu, kula sampun mangertos”.
Guru : “Sampun mangertos kados pundi ndamel geguritan ingkang becik punapa dereng?”
Siswa  : “Dereng Bu, kados pundi caranipun?”
Guru  : “Nggih makaten, ingkang kaping pisan nemtokake tema, kaping loro nemtokake irah-irahan, kaping tiga nemtokake gagasan baku, ingkang pungkasan ngronce tembung. Kados pundi, sampun mangertos?”
Siswa  : “Sampun Bu”.
Rosi  : “Oh nggih Bu, nalika maos geguritan menika wonten ingkang kedah dipun gatekaken punapa boten?”
Guru : “Oh nggih, nalika maos geguritan menika kedah nggatekaken: 1) ngertos isinipun geguritan, 2) pamedhoti[un tembung ingkang leres, 3] irama/ intonasi/lagu dipun gatekaken.”
Rosi   : “Oh ngaten ta, Bu?”
Guru : “Nggih, Rosi. Kados pundi wonten pitakenan malih punapa boten bab geguritan menika?”
Siswa : “Boten wonten bu.”
Guru  : “Nggih sampun, menawi boten pamanggih malih sakmangke mangga para siswa damel geguritan piyambak-piyambak, lajeng menawi sampun dados, diwaos setunggal-setunggal wonten ing ngajeng kelas nggih.”
Siswa : “Nanging mangke paringi tuladha rumiyin nggih, kados pundi maos geguritan ingkang becik lan leres.”
Guru  : “Sakderengipun para siswa damel geguritan, niki ibu paring tuladha  rumiyin nggih, maos geguritan ingkang becik lan leres.”
Siswa  : “Nggih, bu.”
Guru   : (maos geguritan)
“Inggih menika tuladhanipun maos geguritan, sakmangke mangga dipundamel geguritanipun piyambak-piyambak.”
Siswa  : “Nggih bu.” (Kaliyan nggarap geguritan)
(10 menit saksampunipun)
Guru   : “Sampun rampung dereng damel geguritanipun?”
Siswa  : “Sampun bu.”
Guru  : “Yen mekaten, mangga majeng ing ngarep kelas, dipunwaosaken    geguritanipun.”
Siswa  : “Urut absen kemawon nggih bu.”
Guru   : “Nggih, sakmangke absen pertama, Ani mangga majeng.”
Ani      : “Nggih bu.” (majeng kaliyan maosaken geguritanipun)
Guru   : “Lajeng absen kaping loro, Mira mangga majeng.”
Mira    : “Nggih bu.” (majeng kaliyan maosaken geguritanipun)
Guru   : “Kaping pungkasan, Rosi mangga majeng.”
Rosi     : “Nggih bu.” (majeng kaliyan maosaken geguritanipun)
Guru   : “Sampun majeng sedaya nggih.
Siswa  : “Inggih, Bu.”
Guru   : “Ibu seneng muridipun ibu sampun pinter-pinter damel geguritan.            Kados pundi taksih wonten ingkang bingung babagan geguritan menika?
Siswa  : “Boten bu, sampun mangertos sedaya.”
Guru   : “Nggih sampun, yen mekaten cekap semanten mawon nggih pelajaran     dinten menika. Kangge materi minggu ngajeng pelajari bab unggah-          ungguh basa nggih.”

Siswa          : “Inggih, Bu.”