Dening Turiyo Ragilputra
Mung
kari tunggak lan balung-balung bungkik
Kapanggang
panas kasapu lesu
Watu
krakal mili mlebu jroning usus
Tanpa
tabet winih guritan sing nate dak dhedher
Nalika
tangan iki isih nyekel layang piyandel
O,
mitraku
Kapan
bakal daksasak alang-alang
Kapan
daktemu cangkir teko wadhahe wedang
Awit
kabeh wis kipa-kipa marang kidung segara
Marang
lembute laras budaya
Mung
kari uwuh lan kawat-kawat rongsokan
Plastik-plastik
mawa racun jinereng ing sampiran
Uga
sliramu
Katungkul
lelangen ing banyune kali luk ula
Milih
brendhi wiski tinimbang legen gula jawa
Kebumen,
bareng gogroge kembang-kembang randhu
Gogrog
uga pangarep-arep ing pange kalbu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar