PUPUH I DHANDHANGGULA
1.
Sowan kawula paduka gusti, dinuta ing putra jeng
Narendra, gusti ngaturan kundure, mring negari mentarum, jeng sinuwun sanget
rudatin, tinilar panembahan, praja harahuru, dhawuh putra padukendra, sakathahing
lepat samar miwah lahir, putra nuwun aksama.
2.
Wantos-wantos gusti jeng putra ji, ulun kinen andherek
sarenga, menawi boten kadherek sarenga, menawi boten kadherek, sanisdhaya pinugut,
cagak kopyah kawula gusti, dhuh gusti kuwelasa, ing kawulanipun, engeta mring
putra Nata, tur kawula tumunten kundhura gusti, wisuda among putra.
3.
Paranbaya dresananing runtik,tilar praja manglena
mukweng, nepsu temah kelurung, tan wun katempah lalis, prayogi ulatana, kanitya
…… seratan kabusak/ical)…… , tama utameng dumadya, taralan muhung rukun lan
kulit daging, otot bebalung …… seratan kabusak/ical)……
4.
mugya mulya ningalam dunyeki, ing …… (seratan abusak/ical) …… raja Nara Nata, pikantuk lahir
batine, amranani rahayu, putra wayah sawuri wuri, ruwiya malak mandar,
kadarmanya wimbuh, bubuka sangking paduka, pinten pinten kanugrahaning Suksma,
sirik yen tinolaka.
5.
kathah kathah aturnya putra di, manohara amrih liliya,
ing penggalih sang wirage, jeng pangeran asma wuwus, lah ta uwis menenga kalih,
ing reh aja dinawa, temah murung laku, ywa ngucap kang ora ora, luput apa
sinuwun dhumateng kami, mandraweng wiwilangan.
6.
balik dhewe kang angrasa sisip, marang ratu keh
kapiutangan, ngener aturira kuwe, wit keringan wak ingsun, ya margane sangking
Nrepati, kang sun sandhang sun pangan, pasiyaningratu,
during bias amalesa, wong pinanggul enak enak mangan goling, gegolongan duraka.
7.
leh sun lunga sangking praja iki, nora marga serik miwah
mrina, mung setya males sih rajeng, mumuji ring yhang agung, rahayune gri
Narapati, upama sun mujiya, neng praja tyas bawur, kaurugan mutya boga,
mutyasmara brastha prabawaning puji, bonggan gawe linakyan.
8.
becik ngasoa sireku kalih, yen wis aso lah nuli baliyo,
matura maring sang rajeng, manira nyuwun bendu, durung bias seba wak mami, iya
tapi rang bara, sawetawis taun, pinareng bias sewaka, ora beda ing kana kene
pan sami, kagungane Sri Nata.
PUPUH II SINOM
1.
angabehi wirayuda, lan ngabehi wirasari, …… (seratan
kabusak/ical) …… kaungkungkulan sabda, tan bangkit amarana malih, cinipta nora
bali, jrih pepecuh sanga Prabu, wau sakehing jalma, sakala ngungun ningali,
dene datan nyana yen iku Kusuma.
2.
kusuma terah mentaram, amindha mindha wong cilik, samya
lumungsur linggihnya, nembah matur angrerintih, kang ngabdi sewu sisip,
kasamaran ing pandulu, gusti angapuntena, rila sarira ginitik, langkung awon
ingkang ngabdi tiyang karang.
3.
semangke sampun pratela, jeng paduka gusti mami, mangsa
purun linggih jajar, rineksaha boten wani, yen mengkaten kang ngabdi, ing
karang katiban ndaru, karob samudra kilang, kagunturan wukir sari, …… (seratan
kabusak/ical) …… tyas.
4.
ngandika sang mindha sudra, kang …… (seratan
kabusak/ical) ……, jer iradating hyang Suksma, lalakone wong ngaurip, sira sak
putu mami, kadang mitra wong tuwaku, …… (seratan kabusak/ical) ……, terusna kaya
kang nguwis, ngaraha …… (seratan kabusak/ical) …… dunya.
5.
padha asal saking adam, payo kene mrak lan mami,
gumrumung matur anembah, gusti nuwun nuwun amrih, ya ta jalma sawiji, prenagati
wastanipun, matur apundirangan, dhuh mongsa inggiha gusti, kula ingkang angawisi
tiyang kathah.
6.
upami wonten puruna, mendonong jajari gusti, kawula kang
amelathas, tertamtu titiyang baring, dhasar tiyang ing ngriki, kathah boten
sumrap ngurus, awit rumiyin mila, sampun kawula sanjangi, yen paduka trah
Kusuma witaredya.
7.
nanging sami boten gega, malah saami nyenthulani, nuruti
bongsa luhamah, plenthing weteng lambe klimis, tan uning tata krami, pratingkah
clala calulu, gya sumaur cumlalak, pun jugi lalinggih wuri, jaka tuwa bedhigul
punuk trajumas.
8.
si biyang ngameki prang, adol tuwa adol bangkit, wong
karang kabeh dicacad, tesmak bathok tan wruh gusti, mung dheweke pribadi,
mangerti weruh ing ngurus, kapan nggone wewarah, kiprenasa jege urip, mung
angempol amurih den mulenana.
9.
gumampang arep melathas, jajal pelathasen mami, mumpung
neng ngarsa bendara, kang kathah samya ngojongi, angilonipun jugil, gumrumung
anguwus uwus, prenagati kewedan dhaleleg tan bisa angling, angabehi wirasari
lon medun.
10.
sanak aja kekerengan, weleh welehan pakarti, kang nguwis
aja kinocap, pan wis karsane jeng gusti, namur mindha wong cilik, rehning
samengko wis weruh, jeng Pangeran Bumidirja, iku keng paman sang aji, kangjeng
Sunan kang ngedhaton ing mentaram.
11.
padah den becik rumeksa, turuten sakarsaneki, bisuk yen
sira kapriksa, ing kangjeng Sri Narapati, kaya uga maringi, panarima mring
ngawakmu, umyang matur kikila, sandika temtu nglampahi, siyang dalu cumadhong
reh sang bendara.
12.
tan winarna laminira, wau ta gandhek kekalih, saben dina
ngela ela, supadi jeng pangran lilih, kersaha anuruti, kundur dhumateng mentarum,
ananging jeng pangeran, ing tyas lir prabata wesi, nora kiguh mring atur
pamanohara.
13.
putek barubah werdaya, nekad datan sedya mulih, yen
wangsula pesthi lena, angur nungku aneng ngriki, ngabehi wirasari, wirayuda tan
mamatur, gusti inggih kawula, andherek tumameng ngriki, kalilana mangestu pada
paduka.
14.
ulun temah tilar semah, pangran Bumidirja angling, lah
iya sakarepira, serayanata kita ki, pira lawasing ngurip, mung sepanguneng
dunyeku, senadyan ta muktiya, keringana aneng nagri, nora enak suwita ratu
ruhara.
15.
akarya sawening wening, mateni wong tanpa titi, apa ta
nora intuka, wawalesing reh durniti, dumeh dadi Nrepati, wasesa ngugung
sakayun, wirasari anembah, leres jeng paduka gusti, lir angandika agraning ri
tistheng praja.
16.
gusti sepangker paduka, punggawa kekes ngranuhi, rumaos
tan darbe gesang, ming memplak memplak ing galih, inggih wetawis mami, mbok
menawi boten dangu, rengka nagri mentaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan
eca nadhah eca nendra.
17.
angling pangran Bumidirja, kang mengkana wirasari, lah
iya wallahuaklam, kawula nora udani, tan lena pamuji mami, rahayune sang
ngaprabu, mengku nagri mentaram, ngaubi kawula wargi, ngemungena manira dhewe
cintraka.
18.
winurswita jeng pangran, Bumidirja lalu lami, dedalem
Kebumen karang, tarak brongta among tani, kasub tinuwi tuwi, wangsul asmanireng
dangu, pangran Bumidirja, akathah tiyang babekti, angyaksaken dalem sawetawis
gora.
19.
rinenggo ing dutya boga, anging jeng pangeran maksih,
karemtiti kariya lat, cinipta tumekeng ngakir, umahyaken waweling, yen tembe
praptaning surud, mundhut kinubur desa, ing lundhong lan dhatan apti,
cinungkuba setya nutugken riyalat.
20.
angabehi wirayuda, sakaliyan wirasari, anuwun methal
tarukah, jeng pangeran anglilani, weragad den paringi, karya sangu yasa dhukuh,
ngidul genirta kentar, ngupaya kang den senengi, ri sampuning manggih nulya
lineksanan.
21.
yasa dhukuh tuwin pecal, lami dados rengked keksi, kathah
lumiring tarukah, tan kirang sandhang bukti, barang tinanem dadi, wang wang
katelah ran dhusun, nenggih ing pegandhekan, ewa mangkana gandheki, saben ratri
sowan marang desa karang.
22.
ubayanireng wardaya, menawi ing tembe lalis, nuwun
kinubur ywa tebah, lawan pasareyan gusti, data tita ginupit, jeng pangeran
tedhakipun, kang winarna sajuga, jalu tistheng lundhong, desi anguyuni wong
desa lundhong mandhala.
23.
wit parentahing sudarma, pangran Bumidirja nenggih, kang
putra datan kalilan, pasebatan lir priyayi, raden tuwin mas aming, kiyahi
sebatanipun, kyai bekel namanya, murih ywa ngeget ngegeti, mung ngesthiya tata
pakarti wong desa.
24.
saprandene nora kena,tinolak anggeping jalmi,
pangabektinya wisuda, mring kyai bekel langkung jrih, angluri linestari, kadya
mring kang rama wau, kuneng genti winarna, kanjeng susunan mentawis, sampun
mireng, pawartaning sambewara.
25.
yen kang paman tistheng tanah, begelen pasti madesi,
karang kebumen tinengran, nglugas raga among tani, nulya utusan dasih, kapedhak
kalih lumaku, ngaturi ingkang paman, kundur mring nagri mentawis, kang ing
ngagya kapedhak ran udakara.
26.
surakarti kalihira, sarta pinaringan esthi, nem serati
lumaksana, kanang matengga kinardi, titihanya lumaris, kang paman ing
badhenipun, kapedhak pinitungkas, angrapusa enggal lilih, wanti wanti dhawuh
welinge jeng Sunan.
27.
sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas
umiyat mirada, ing ngenut datan winarni, meh prapta gyaning desi, dhukuh alit
wetanipun,esthi ngentu neng dhakah, demang desa den dhawuhi, karya pathok kayu
kang kangge wantilan.
28.
demang desa gurawalan, nulya ngerigaken kuli, akarya
pepathok kekah, sinung wis makaduk inggil, rampung esthi winantil, tan kapinten
panganipun, wong wong desa kagawokan, aselur sami ningali, ingkang caket tebih
warta winartanan.
29.
serati karya pacakan, sarupane wong ningali, tinamtu
ambekta klapa, kalih satunggil ing jalmi, artane tigang dhuwit, linarangan yen
tan angsun, sangking kadreng umiyat, diradatipun lakoni, yayah pasar wong
ningali yel uyelan.
30.
demang desa saprabotnya, kinempale jagi esthi, sarta
sudhiya sugata, buktine para serati, sekul megana tuwin, wedang saka puranteku,
serati senenging tyas, anyeret sarya memacit, merem melek nglegeweh liyangan
bantal.
31.
kapedhak kalih lumampah, sowan mring karang wus prapti,
pinanggihan ing jeng pangran, Bumidirja neng pendhapi, sugata sawetawis,
pinapantes traping dhusun, wedang lan palawija, ketela uwi kembili, sawusira
palastha liring smirana.
32.
udangkara matur nembah, gusti kawula tinuding, putra
paduka jeng Sunan, paduka dipun aturi, kundur dhateng mentawis, langkung
satistis sinuwun, lan ngaturi titihan, dirada karya lumaris, jeng paduka kering
ngalampah kawula.
33.
angling pangran Bumidirja, teka susah nganggo esthi, yen
tu wis pinareng seba,pira suwene lumaris, lah baliya wong kalih, manira anuwun
bendu, Allah during marengna, gampang masalah ing benjing, naming kita nuwun
pangestu Narendra.
34.
kangnek tyas lalih caraka, puguh pangran Bumidirja,
pasthi tan arsa lumiring, gandhek kalih lalu jrih, wangsula dhateng mentarum,
tertamtu pinatenan, adat siyasat Nrepati, kanang duta nekad tan purun wangsula.
35.
ri sampunya tigang dina, arembag lawan serati, sadaya
kinen wangsula, mring mentaram sang ta esthi, ing pangran Bumidirja, samongsa
mongsa wus lilih, …… (seratan kabusak/ical) …… kapedhak andherekena.
36.
serati nulya budhalan, wangsul mring nagri mentawis,
kapedhak wangsul mring karang, angadhep ngarsaning gusti, winarya kang lumaris,
kaunjuk Sri Pamaca, purwa madya ameksi, duk miyarsa jeng Susunan arda klana.
37.
rumaos tiwas ing kirtya, menggah panjenengan aji, binudi
budi tan dadya, rinasa saya ngrinuhi, mupus karsanira ji, tembe sawetara taun,
den arsa ngutusana, ngaturi kang paman malih, mangke kendel pinerih meneb
wardaya.
38.
kocapa kalih kapedhak, udangkara surakarti, anjepeh
ngarsa jeng pangran, setya ndherek wakitaki,ing donya prapta akir, jeng pangran
ngastuti kayun, among pun udangkara nuwun tarukah pribadi, surakarti sedya
angadhep tan pisah.
39.
udangkara ngulat ulat, ngetan ngidul tan tebih, wus
manggih papan kinarya, anulya dipun yasani, laminya tan ginupit, ri sampune
nadyan dhusun, kathah dhusun kapedhak, de tilas mantilan esthi, amyanging wong
katlah dhukuh kepathokan.
40.
wau ta kang winursita, antara lami alami, pangeran
Bumidirja, anggung mredi enir, muhung puwareng tumuwuh, cinekak caritanya,
kundur ing rahmatullahi, cinarekan desa lundhong ing ngastana.
41.
nora cinungkub sumarma, duk jumeneng wus wewaling, apan
naming piniyara, pinacakan juru kunci, dening putra kiyai, bekel kang anyepeng
dhusun, rukun tiyang sadaya, pepundhen tineki teki, sumawana gandhek kapedhak
mentaram.
42.
ajale kinubur uga, neng desa lundhong lestari, tumus
susetyane kala, gesange mene sampun apuputra, anama kyai wuragil, kyai ragil
putra kyai honggayuda,
43.
sayasa ing desa kutho, sudarma eyang wus lalis, wau kyai
Honggayuda, linulut tinuwi tuwi, marang sakehing jalmi, tan kirang
niskaranipun, wit panjurunging kathah, nging kaetang bangsa alit, ing bangsaning
kapriyayen sampun sirna.
44.
sinigeg genti winarna, kangjeng susunan mentawis, sayarda
angambra ngambra, dera mangugung tyas runtik, worsuh traping widyasthi, sagung
punggawa rahuru, wadya lit kaserakat, wimbuh darajating bumi, pra satriya
bupatya reh adhedhangkan.
45.
pangran dipati taruna, sudibya putra mentawis, siyang
latri binabana, mring sagung mantri bupati, pinintaha murwani, karya prang
ngrebat kaprabon, lenggahireng sudarma, ywa tanggel margining pati, lalu rindhu
pangran dipati taruna.
46.
rumaos pragyaning kirtya, putra mengsah lan sudarmi,
mangu mangoneng nistuda, tandya minta tuduh maring, kang eyang mahamuni,
pangran kajoran dupi wus, rembag saeka praya, ing pened ngangge kekelir,
pangrat buta murih ywa kawistara.
47.
manggih kelir prang santosa, pan duk pirasat netepi,
binatang ngentosi karya, sarta jangkaning negari, rusak nagri mentawis,
tarsiwah etanging taun, sang pangeran kajoran, putra mantunya pribadi,
Trunajaya sutane demang malaya.
48.
yeka pinangka bebuka, kinen ambedhah mentawis, anging
cinekak kewala, mung gancare kang ginupit, pangrat buta andadi, gempuran praja
mentarum, jeng pangran purubaya, gula agul gri Bupati, prapteng janji kasambut
asmareng laga.
49.
liya punika akathah, para prawira mentawis, kang pralena
madyaning prang, Trunajaya jayeng jurit, sampan kedhiri bali, mekasar
prajuritipun, pan wus karsaning suksma, bedhah keratin mentawis, kangjeng Sunan
mangkurat tilar prasada.
50.
sinengkalan lolosira, sirna ilang rasa jalmi, mangilen
arereyongan, garwa atmaja lumiring, jeng pangeran Dipati, anom lan sakadang
jalu, pangran arya Singasari, atanapi pangran arya Martasana.
51.
wus tebih sangking mentaram, jeng Sunan ngagya keng siwi,
pangran Dipati taruna, kinen wangsul ngrebat nagri, mopo kedah lumiring,
sudarma satindakipun, wang wang Sri Nata ngatag, pangran puger lan kang rayi,
pangran Singasari pangran martasana.
52.
wangsula ngrebat negara, titiga sandika sami, pangeran
puger seksana, pinaringan wasiyat adi, curiga kang satunggil, maesa nular
ranipun, waos ingkang satunggal, kyai palered nami, putra katri nembah budhal
saha bala.
53.
pangran Dipati taruna, taksih andherek sudarmi, rawuh
tanah Ajibarang, jeng Sunan grih prapteng jangji, kundur Rahmatullahi, sinare
bumi ganda rum, pratistha tanah tegal, mila katelah sawuri, Sri Mangkurat tegal
arum ingkang tengran,
54.
sasedanipun jeng Sunan, wang wang jeng pangran Dipati,
madeg Narendra neng tegal, martalaya mugareni, mundhut bantu kumpeni, ing eyang
tuwan gurnadur, jendral ing Batawiyah, mangun prang ngrebat negari, mengsah
Trunajaya cidra ing ngubaya.
55.
estu panyiptaning driya, pangran Bumidirja nguni, mila
pinelaur linggar, tilar wibaweng praja di, yekti sampun kaling ling, lulungid
praja ruhara, rahayuning kraton enir, nerak waler sangker lawiyeng Narendra.
56.
wusanane pesthi ana, nahan dharita mangsuli, nenggih kyai
Honggayuda, Kuthowinangun winarni, sapta putra winilis, ingkang nenem somah
sampun, ranya iwiranana, wismeng jrakah kang pangarsi, nunten jalu ran kyai
Honggadiwongsa.
57.
ing bunder sayasanira, malih arine pawestri, ranya
linalamijaya, wismeng kutha nunten malih, pawestri nama nyai, wirawongsa kang
dinunung, desa ing blimbing nulya, ari jalu nama kyai, sutayuda malih pawestri
anama.
58.
Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulate
tan kirang bukti, rukun ing tyas tar seling, amung putra kang waruju, jalu jaka
tumala, pun Sangkrib namanireki, nandhang papa cintraka umageng brangta.
PUPUH III ASMARADANA
1.
wauta kijaka sangkrib, kyai Honggayuda putra, nenggih
ingkang wuragile, pinanjangken dharitanya, sanggya lalakonira, purwa wasana
dhinapur, myang nistha madya utama.
2.
cinatur sabilik bilik, kang kelair miwah samar, sanadyan
ing sausike, kewala suksa winewar, susatya ring pandriya, mongka darsana
tumuwuh, tumuwuh ing dunya.
3.
dening anak putu sami, buyut canggah wareng miwah, dheg
udheg gantung siwur, lan sapiturutnya pisan, yogya nguninganana, salir lalakon
lulhur, cinatheta kaprayitnan.
4.
pendah ywa lingsem ngalkoni, kodra iradating Suksma,
ingkang murciteng dhirine, tumerap papa cintraka, lan away girang girang, yen
anggonira kadunung, kaharjan singgih astama.
5.
jer lagi winayar dening, Allah kang murba misesa, mung
ywa lali panrimane, ening tyas sabar tawekal, asih sesama sama, kawula wenang
nenuwun, kang murih mulyaning jiwa.
6.
krana apsah sangking dalil, subhanahuwatangala, ngudaneni
ring titahe, titah kang byakta pamudya, sarta lawan agama, wawajid dawajid dau,
sapa temen tinemenan.
7.
kosok balike sabilik, sapa cidra cinidranan, wus mengkona
ubayane, lah iki goningsun marna, carita kuna kuna, labete para luluhur, tan
kenane idoa.
8.
dupeh ngong nora ngalami, duk jaman semana iya, pesthi
kinira yen goroh, nanging sun ajrih doraa, lan dudu pupulasan, jalaran
nggoningsun weruh, ngambil seka tetulisan.
9.
wirayat kang swargi swargi, medhar lakone pribadya, ya
kang sun gawe wewaton, lamon tan mangkono uga, mangsa kita weruha, mengko sun
apus ing tembung, murih padha mangertiya.
10.
lakone ki Jaka Sangkrib, liwat nggone kasangsara,
sinikang para kadange, nadyan kang rena sudarma, samatra tan ngopreya, marga
anggane sakojur, katrapen meh tanpa sela.
11.
pating palopor kaeks, getih nanah mara wayan, sing amulut
jrih amire, linarang malbeng sayasa,andhelik neng kebonan, sahunggyane lawan
turu, trekadhang neng ngandhap pisang.
12.
miwah emper kandhang sapi, tanapi emper gedhogan,
gumlinting saestha layon, tatkala sinungan boga, binukti aneng britan, jiwa
rusak kulu kulu, lirkekere kawistara.
13.
langkung denya kawlasasih, tan jamak sasama sama, kabeh
kadang pamuwuse, ngilangken andhana juga, dep idep gawe wadal, nadyan lunga
mati sukur, aja cedhak menek tular.
14.
yen tular ambilaeni, pesthi lamon wurung jalma, wong
ngurip dadi kekere, cotho tan bangkit ngupaya, sandhang pangan nang dunya, wong
siji kewala amung, nglakoni tan dadi ngapa.
15.
datan ta ki jaka sangkrib, siyang dalu monta drasa,
tumplek amblek prih atine, limut nora umanon rata, angrasa bosen gesang, mung
ngesthi marganing pati, mangunandik wardaya.
16.
ya Allah kang maha Suci, kawula nuwun pralena, sampun
jejembat wirage, ngantak antak wonten dunya, angentosi punapa, tan manggih
seneng sepangu, enggalmantun sirnakena.
17.
kawula pan boten bangkit, adamel pejah pribadya, kados
pundi puwarane, sanadyan awet gesanga, anggung dados gegujengan, sinikang sanak
sedulur, yayah rena karuh mitra.
18.
aluwung dinamel mati, sawastu kawula rila, tan wuninga
akerate, dados sadhasar neraka, jahanam gih sumongga, mung mangke enggala
lampus, payah anandhang cintraka.
19.
mangkana ki jaka Sangkrib, saya kagagas karantaka, cipta
ameleng tekade, pan naming marganing pejah, ambirat liring boga, nadyan toya
nora nginom kinajat nuliya pejah.
20.
sarta sedya angoncati, sangking wismaning sudarma, murih
ilang kuwatire, yayah rena para kadang, lestariya astama, setyaning tyas
pribadya mung, kang angangkat lara lena.
21.
ngaler ngilen jaka sangkrib, lingsir ndalu wancinira, tan
adoh kendel lampahe, mulat mbeji lir penimpang, toya wening kawuryan, ki jaka
nungku neng ngriku, anganyam ayam palastra.
22.
trekadhang kungkum ing warih,bakda kungkum nulya minggah,
tapa kur munggeng pinggire, ngantak antak minta pejah, lamon ana wong liwata,
anggiwar nutupi irung, lumayu balokekan.
23.
ki jaka tumungkul nangis, dangu wus tan kambon boga,
sariragnya sawang layon, lalu angagra usika, nupi lami antara, nenggih
kawandasa dalu, murcita pilal hyang Suksma.
24.
ngudaneni kawlasih, wawales tarak subrongta, karaos
sarira entheng, perih ngethok linu sirna, ngungun ing tyas ki jaka, mangkana
usiking kalbu, iki lah paran sumarma.
25.
abeneh rasaning kulit, otot bebalung kepenak, apa ta
waras wak ingong, nanging mokal yen waras, ki jaka gya anggrayang, jasade
sakojur alus, katrap wus sirna sadaya.
26.
dupi byar baskara mijil, surat pranawa katingal, estu wus
purna katrape, tilase nora ketara, pra galba soteng jiwa, ki jaka mumudya
sukur, pitulung hyang kang murbeng rat.
27.
tuwuh nistuda mangesthi, kayatnan sireng dumadya,
mangoneng ngeningken panon, menggah rih pambudidaya, kang yowana linakyan, apa
kentar apa mantuk, yen malih tanpa paedah.
28.
mongsa wurung den ngis engis, sanak kadang kangastama,
ujar tan ana tinolah, ora bandha ora pakra, nadyan ana ngropeya, mung anganggep
ala nganggur, uripe prasasat kewan.
29.
amur ta lunga angaji, ngaji angajap akerat, kadonyan pira
lawase, amung sagebyaring kilat, tan langgeng ananira, akherat datan paitung,
caritane santri wignya.
30.
jan becike ngong angalih, jenenging bocah ngong buwang,
salin jeneng tuwa mengko, ki jaka dangu ngupaya, nama ingkang cinarya, binudi
tandha wis manggih, peparab surawijaya.
31.
nulya kentar sangking beji, ngaler nekuk ngilen nabrang,
pasidhatan jog pepereng, pereng wukir bulu sapta, ngaler katiwang tiwang, nurut
sapinggiring gunung, marga lit rungkud sinerang.
32.
rangu rangu gyan lumaris, de kongsi nedyeng wardaya, ing
bojong sari pesantren, nguni wus miyarsa warta, guru ngaji kasudra, ran kyai
Mukhamad Yusup, anjenengken pariwara.
33.
yeka pinelenging galih, sumuksa ngaji bebadah, Surawijaya
tekade, mengo karameyan dunya, angesthi tepet loka, dupi wanci leres bedug,
lampahnya tumurun ngetan.
34.
umiyat kali wewening, kendel siram ing narmada, sarya
masuh kawacane, sinjang rasukan lan dhestar, wit tilasing ngalara, sedangune
tan winasuh, mangkyarsa binersihan.
35.
busana kaepe tegil, tinunggu kungkum narmada, ri sampun
aking sinjange, mentas dandan lumaksana, mengaler ngilen minggah, wukir candhi
jati purus, kangsi luk rungkud sinerang.
36.
ongga kaborang ri bandhil, kasangsang ing tarulata, salir
bebaya tan tinon, darpa ring tyas murwa brangta, riyolat manting raga, sangking
kumedah maguru, artine sarak ibadah.
37.
wus angancik igir wukir, tumurun wimbaning arga, nusup
nusup ngaler ngilen, kali sruni sinabrangan, wong ngadus tinakenan, sanak pundi
dalemipun, kyai guru bojong sekar.
38.
tinedahken gya lumaris, prenahing pesantren prapta,
pinuju lingngih neng suroh, kiyai lagya mumulang, santri angaji kitab,
Surawijaya andheku, ing latar ngandhap tritikan.
39.
cingak keh santri mangeksi, tiyang ndhodhok ing tritikan,
kyai guru lingnya alon, pundi jengandika anak, pun bapa kekilapan, ingkang
tinanya lon matur, kawula tiyang ing kitha.
40.
pun Surawijaya name, sedya sowan jeng sampeyan, kiyai
guru nulya ge, ngacarani kinen minggah, Surawijaya minggah, kaduk tebih
linggihnya, ingawe kinen majenga.
41.
sawusira majeng linggih, neng kering sang muniwara, kyai
guru lingnya alon, anak ngapunten andika, kula dereng kacekap, lan andika imbal
wuwus, saweg ewed amumulang.
42.
ketanggelan kantun kedhik, anak den sekeca lenggah,
umatur sarya ngrerepeh, inggih sumongga sakarsa, nuwun kalajengena, mangkana
kiyai guru, nglajengken denya mumulang.
43.
kitab usul nahwu tafsir, takarub mantek jur miyah, lapal
maknane tineteh, kinetrek tumeka murad, santri keh gantya gantya, lulurah kalih
ambandhung, mangsungka kacaryan kang mulat.
44.
denya pratela marnani, niskara tembaya kitab, ya ta wau
sadangune, Surawijaya myar saksa, makna murad ing santri, kasebut parentah
Rasul, miwah dalil kang lawiya.
45.
saya sengkud jroning galih, geleng gumolong panyipta,
ngibadah pendhenging batos, salir ing reh nora ketang, antara wus palasta,
pamulange kyai guru, santri mundur pamondhokan.
46.
kiyai guru manggihi, tatamu Surawijaya, gya mijil
pasugatane, wedang saka purantinya, nambrama mangun mitra, wecana kyai guru,
anak ngong Surawijaya.
47.
praptanipun wisma mami, punapa ingkang kinarsan, damel
gupita tyas ingong, denten tetigas kawuryan, nedha kajawarnana, Surawijaya
umatur, pramila kawula sowan.
48.
ngarsa sampeyan sang yogi, rehning kawula punika, angraos
kelangkung bodho, dereng pisan sumerapa, lampah sarak ngibadah, kang dados
wajib tumuwuh, setyaangaji kawula.
49.
nungku ing pesantren ngriki, anuwun barkah piwucal, kiyai
manthuk delinge, lah sukur mengkaten anak, inggih sami sarayan, ya ta wau kyai
guru, sadangunira tumingal.
50.
serandunireng tetami, pinanduk sangking pirasat, myang
piyapati pasale, lapli maknawi kawangwang, tuhu manungsa tama, mung during
mangsaning tuwuh, ing tembe mangsa wurunga.
51.
tansah ngunandikeng galih, iki wong genep petheknya,
pinter tur kendel dhasare, pantes mbekakas negara, dudu murwating desa,
dungduman santri ya dudu, anulya ris sabdanira.
52.
gih anak langkung prayogi, sumuksa ngaji babadah, nungku
tumameng pesantren, napa malih ing ngupaya, ngatase tiyang gesang, gih amung
talabul ngilmu, ujar kang sampun mupakat.
53.
mupakate tiyang santri, prelu pinurih ngupaya, ngilmu
kang dadi wajibe, nanging temah kekilapan, ngilmune tan pinanggya, mung angaji
muluk muluk, anjajah kehing kitab.
54.
lapal makna sehat terkib, yen sampun saged winastan, niku
kang wujud ngilmune, sarta sembayange rasa, putus tan malih ngucap, tur niku
satemenipun, lan ngilmu dereng benthikan.
55.
anak den sabar ring kapti, barang reh aywa kasesa,
sisikune kaupados, yen ugi sampun pratela, mangsa wurung ing karsa, nging
mangke kendel rumuwun, angayemana sarira.
56.
anata nata penggalih, neng ngriki wis makawula, binjing
ngampil gampil tiyang ngaos, yen sampun tawajuh ing tyas, wau Surawijaya, nut
kersane kyai guru, gya sinung pondhok pribadya.
57.
dumunung neng kering panti, ri sampuning tigang dina,
sinalinan busanane, kelangkung denira tresna, kyai guru tumingal, wit sangsara
semunipun, mila gung winimbasara.
58.
tan winarsa kehing santri, lamon bakdanya mumulang,
sekssana lenggah karoron, kalawan Surawijaya, seneng imbal wecana, jalaran
kiyai guru, Mukhamad Yusup wus wikan.
59.
surating maya kaeksi, Surawijaya niscaya, beneh jalma pere
pere, pesthi terahing ngutama, sarta sampun kawang wang, pan duk tesmanireng
semu, kendel kretarta antepan.
60.
ki guru sedyaning kapti, yen pinareng sarta kodrat, yun
angurip urip mangke, dhumateng Surawiajaya, alon wijiling sabda, Surawijaya
sutengsun, ywa susah kita ngajiya.
61.
sinau caraning santri, kaloreyan tanpa wekas, kasep
pengarep arepe, umatur Surawijaya, kula sampun miyarsa, kala sampeyan mumuruk,
pratela ungeling sastra.
62.
kocap preluning ngaurip,. Inggih pinardi ngupaya, ngelmu
Islam pamurihe, pramila kula kumedah, ngaos ing pesantrenan, margine talabul
ngilmu, lan malih sampun kacetha.
63.
salat gangsal wektu wajib, sinten kang tilar duraka,
ginanjar bilih linakon, kiyai guru wecana, dhasar mengkaten uga, kitab tan
siwah serambut, sangking dalil pasthi apsah.
64.
nanging wau kang den eji, dening tiyang saantri kathah,
saweg prategali mawon, upama karya wisma, lakar taksih wadungan, lamon tan
bangkit angelus, lan ngadon adoni lakar.
65.
keh bekakas tanpa dadi, pating jalempah kewala, tangeh
yen ngadeg wismane, lah semanten malih kitab, lapal anjaluk loat, loat minta
muradipun, murad aminta sarasa.
66.
sarasa aminta tretil, tretil punika tatrapan, yen tan
bias natrapake, ngajiya kitab sayuta, amung tibeng gilingan, mubeng mubeng temu
gathuk, ngibarat bali ngibarat.
67.
pundi kang den ngibarati, dadi anggep ngayawara,
mengkaten ing salakone, nanging ta santri wus kaprah, mredi wigyaning kitab,
kranten milik asilipun, paitan ngupaya boga.
68.
lire kadi kula niki, tinub sakathahing jalma, awit
sangking pinter ngaos, parentah wong tan kewedan, gampil praptaning boga, napa
jengandika ayun, madeg dadi kapruitan.
69.
Surawijaya mangsuli, pan inggih kula tan sedya, kepengin
dados paguron, cekap kangge piyambak, kyai guru lingira, gih mulane kula tutur,
tan susah angaji kitab.
70.
dika dede calon santri, dede cecalon sudagar, calon tani
inggih dede, pinasthi calon satriya, kapriyayen utama, lamon kongsiya kebintur,
pratengkahe santri nistha.
71.
pinten kadare wong santri, andum bathi dagang tuna, becik
tingkah kapriyayen, brekat mupakat tur babar, mleberi kadang mitra, tumeka
satedak turun, menawa dadi jalaran.
72.
nanging kangelan sayekti, wong ngurip urip darajat, lara
lapa pitukune, sanadyan lara lapaa, yen tumpang sapanyipta, myar pangawruh
wowor sumbu, lara lapanira muspra.
73.
wurung mukti sida mati, sida tapa wurung tampa, marmane
nak ingsung angel, priyayi angulah praja, lan inggih ngulah badan, sami ugi
pajunipun, menggah tatraping sarasa.
74.
anapon sinau santri, puniku reh lalampudan, sangking tan
conggah badane, karya miranti darajat, murih away kapiran, wong ngurip
kapiranipun, kurang sandhang kurang pangan.
75.
aluwung dadiya santri, dimen pinecraya ing lyan, supaya
kandel uripe, lan dadi pangulat ulat, mutawatiri praja, mengakaten sajatinipun,
umatur Surawijaya.
76.
lamon mengkatena aming, kirang prelu menggah kula, nungku
ngaos neng pesantren, pinten warsa warsa talab, kanggone ming kinaryo, ing
ngriki mangertosipun, inggih bangsa ngalam donya.
77.
mangka niyat kula inggih, ngupados amal akherat, mila yun
kumedah ngaos, sapinten lamining dunya, langgeng wonten akherat, criyosipun
para kaum, ngupados sangu palastra.
78.
kyai guru wecana ris, carita datan pinanggya, angawur
awur kimawon, ngaji ngajap ngajap swarga, swarga jaman akherat, akherat bisuk
nek lampus, sangking pundi pambidinya.
79.
lah mbok rinasa pribadi, kepripun gone amarna, jaman pati
luwih elok, lagi marna jaman gesang, kewala tan kacekap, srsn wong cebol
anggayuh, lintang mangsa kaleksanan.
80.
wong lumpuh arsa ngideri, ing jagat mangsa teles, lunga
seeking kang angesod, gumujeng Surawijaya, ing galih nora nduga, ring sabda
kyai guru, nanging ta ana empernya.
81.
kyai guru angling malih, mungguh babagan akherat, boten
kenging cinariyos, pan aming wallahu aklam, Allah kang langkung wikan, dene
kang kena rinembug, masalah urip neng dunya.
82.
niku kang kula weruhi, marga becik lawan ala, bener luput
ing penggawe, awit tingal tiningalan, rasa risi karasa, sumantan tiru tiniru,
sami tiyang ngalam dunya.
83.
saya kerasa jro galih, Surawijaya miyarsa, kyai guru
wirayate, kawula nuwun sumangga, iang sakarsa mrediya, nadyan bentusna ing
gunung, jegurena ing samudra.
84.
sakit pejah tan gumingsir, lan inggih sampun precaya,
ulun lumiring sapangreh, kyai guru wecana, sukur setya ing kula, lah mangke
carita ingsun, bongsa gelar myang ngibarat.
85.
milane sun ngibarati, jatining makripatullah, tan kena
kawruh ambelok, sangking ing netra kapala, amung sangking sarasa, sarasa
pangawruh putus, lan sangking dalil nistura.
86.
krana santri sami ngaji, amrelu makripatullah, ngiket lan
jur pakartine, pu8wara kalunta lunta, kayungyun terkib sakhat, kaliwatan ing
pangrungu, ruruba gung kang pinanggya.
87.
Surawijaya tur neki, kang mengkaten pariwara, punapa tan
nedahake, babaku kang ing ngupaya, temah kalingga nata, wecana kyai guru, yekti
guru wus amawas.
88.
jembar rupeke kang lagi, ngupaya bisaning basa, tan
kenisi nami kang wong, lamon guru boten nimbi, momotaning wawadhah, angger wong
bae jinuju, arane wong siya siya.
89.
pama cindhil den wenehi, pangane padha lan gajah, mangsa
kuwata tutuke, sumawana kadi desa, cilik kanggonan raja, nora mulya malah ajur,
milane ngangge timbangan.
90.
yen kita yun angawruhi, jejere makripatullah, ingkang
samya pinipadon, dunung wiwitan agama, anak langkung prayoga, nanging den awas
ing kalbu, sesirikaning makripat.
91.
ati linyok ati sakit, katrine ati palastra, lan
makripatullah adoh, wijang wijange sun jarwa, ati linyok adarbya, wong kang
munapek sedarum, munapek bangsaning khewan.
92.
dadine manungsa lapli, khewan maknawi tegesnya, nyata
manungsa wujude, ananging pambekan khewan, tangeh wruh kira kira, nyerkutu
sumingkir ngurus, dene mungguh ati lara.
93.
wong pasek ingkang darbeni, pasek bangsa mina setan,
manungsa lapli larane, setan maknawi kawangwang, nyata wujud manungsa,
pambekane setan wutuh, karem sasar ambelasar.
94.
anapon ran ati mati, wong kapir ingkang kanggona, khewan
lan setan bangsane, insane akis kawistara, nyatu wujud manunga, ambek khewan
setan juhut, drengki dakwen panastenan.
95.
ana dene ingkang sidi, ati tawajuh nisthaya, wong mukmin
salih kang duwe, iyeku bongsa mukhamad, ingkang kawawa tampa, sasmitanireng
Sukmagung, pracihna makripatullah.
96.
yen bisa bengkas ing tyas tri, wruh pembabaring kasidan,
lestari trang panuggale, dat kang sumorot ing ngalam, sarta dat kang nistura,
ywa andika salah surup, ingngriku kalangkung pragya.
97.
lamon sisip nyekuthoni, sotaning dat kang pratistha, yen
tan wruh wijang wijange, akeh madeg kapruitan, wejange tuna dungkap, siswane
nora anggayuh, jejering dat kang samep.
98.
edate loatipun urip, tan catinatrap sarasa, yen mengkana
uripa ingong, iku sanyatane Allah, lah iya urip kita, anane dumunung wujud, yen
mengkona wujud kita.
99.
kanyatahan Maha Suci, mengkoten penganggep salah, sulaya
lan pathokane, yekti tan pinanggyeng ngakal, kiyammubin napsiha, Allah
jumenenge tamtu, pribadi tan lawan liyan.
100.
mummasalah lilkhawadis, prabeda sakeh kang anyar, eh anak
den ngatos atos, kaliwat pakiwuh gawat, doning makripatullah, yen uga kabeh
rinengkuh, jejer wong kejaba riyah.
101.
yen datan ngrasa duweni, niku jejer kadariyah, lamon
parengan rengkuhe, dumadya wong mutajilah, Surawijaya myarsa, jedheg kewedan
jro kalbu, umatur paran kang yogya.
102.
nuwun pamulang kang pasthi, kamantyan limut nistuda,
ambebana anggen anggen, kyai guru lon manabda, keh ngibarat trangena, kang
tumiba ing pandulu, gandhengen lan budinira.
PUPUH IV MEGATRUH
1.
samantuke bujang nora tutur tutur, sinamar ajrih menawi,
kang nglewat tumekeng lampus, mbok dadi seksi prekawis, mengkana ciptaning
batos.
2.
nadyan mati jer karepe pribadyeku, inyong mung darma
nuruti, angger aja na wong weruh, mongsa ta inyong tinarik, kuneng ingkang
winiraos.
3.
wau Surawijaya kang ngajab lampus, tapa ngluwat jroning
bumi, pejuritan gyaning dhusun, estu datan malih kapti, tekad anggeleng
gumolong.
4.
anglanglangi wilangan lingling wulangun, nguni pariwara
sangking, kyai Mukhamad yusup, lan kyai jaiman warsit, tinemen ngluwes suraos.
5.
ya sarasa ngusakara kara murub, kang rumarab ngirib irib,
rurupan bang reng pingul, kundhi kuning pinanduk kenapi, tegese brastha tan
tinon.
6.
krana rusak mungguh saka kehing luk, amung wajahe ywang
widi, langgeng ing kahananipun, iyeka isbat kinesthi, enir paningal pasal ro.
7.
jroning ngurip lir panjutaba swareku, tistheng kundha
gedhah rempid, datan kanginan sapangu, sayekti datan maletik, wisuda denya
mencorong.
8.
pencoronge amandeng wajibul wujud, byukta pamejang
rumiyin, kyai Mukhamad yusuf, atarkumusiwalahi, illalah panuksmaning den.
9.
dupi sampuning sal tri dasa nem dalu, pitulunging ywang
mranani, pracihna bawa tumanduk, mring sujalma kang darbeni, pomahan sinasmita
non.
10.
swara sidi murcita jroning ngaturu, eh eling eling den
eling, nalagati yen sira yun, ilang nggonira asakit, entasen jalma kang
ngandon.
11.
nglawat aneng karangmu sasirih kidul, ngingsor bendha
ageng inggil, wimba saranen satuhu, dadi serana usadi, purna jiwa anak bojo.
12.
nalagati kaget tangi tyas gegetun, apa ta andara dasih,
sajroning turu ngong krungu, swara pitutur dumeling, ing kono kidul ana wong.
13.
tapa ngluwat dak delenge alanganggur, sukur yen temen
kang kempi, baya pitulung ywang agung, menawa iya sayekti, ketara sariraning
ngong.
14.
ngrasa entheng kyai naladipa gupuh, dandan pacule
cinangking, lendhang lendhang kesah ngidul, ngingsor wreksa bendha prapti, ana
siti anyar katon.
15.
kang kinaryo ngurugi luwang wus temtu, bungah kyai
Nalagati, andara dasih impenku, nulya urug urugan siti, binuwang wonten
sayektos.
16.
jalma siki angluwat tinon wus layu, sawang layon wondha
putih, Nalagati lon matur, shuh sang mangun tarak brangti, lilanana sarira
ngong.
17.
yun mondhonge sampyan kula bekta mantuk, mring wisma
kawula inggih, lan boten niyat cipta dur, ming sangking mirma ningali, menawi
kelajeng layon.
18.
sawusira matur gya ingangkat mantuk, sinarekaken aririh,
ing amben sayana alus, kajang sirahnya rumanti, datan usik sang wirangrong.
19.
nulya kinutugan kukus sekul biru, lathi kinecer jruk
bayi, palaling ywang dangu dangu, purneng bayu wus bisa sik, sang tapa gya
lenggah alon.
20.
Nalagati sanalika sakitipun, waras lan saanak rabi, samya
ngadhep munggeng ngayun, Surawijaya ngling aris, paman lir paran kang wados.
21.
mangke badan neng ngriki dumunung, lan paman sinten kang
nami, alon denira umatur, kawula pun Nalagati, pemahan ngriki kang manggon.
22.
nuwun pirsa sampeyan sinten jujuluk, nauri kula tyang
miskin, Surawijaya nganingsun, ambelayar tanpa panti, ngupaya marganing layon.
23.
ngasih asih nalagati aturipun, angger sampun ngajap
lalis, limrahing titah tumuwuh, nandhang papa sawetawis, menawi karya panyepo.
24.
sinten priksa kamulyan tembe pinangguh, mila sayogya
ginalih, kang amurih reh rehayu, pinuwun kawula mangkin, wontena ngriki
kimawon.
25.
amulihken sarira ing risakipun, sakadar kula tyang alit,
sakuwaos kados gaclug, ngladosi saka puranti, kamirahan ywang sukmanon.
26.
lamon sampun purna sumongga sakayun, kawula jumurung
puji, Surawijaya ngling arum, gih paman tarima mami, kawlasan dika maring
ngong.
27.
moga Allah paring wales tyas kang tuhu, karahayon ngawal
akhir, luwih kapaotangan ingsun, gih pinten bara ing benjing, bisa mangsulken
tyas batos.
28.
ya ta lami Surawijaya dumunung, pejuritan ngusadani,
risake sariranipun, nalagati jalu estri, sanget nggenira gumatos.
29.
winursita kalih condra pulih sampun, sarira seksana amit,
akarsa nutugen laku, nalagati managastuti, sarta ngaturi pisangon.
30.
werni karan winadhahan usus usus, kolor saruwal rumanti,
manis jangan tunggilipun, kayu legine sakedhik, saruwal sigra ing nganggo.
31.
nulya mangkat Surawijaya lumaku, mangilen angambah tegil,
tindakira kapirangu, yatneng tresna nalagati, ngungut sanget ing gumatos.
32.
nekuk ngidul anjog kisik samudra gung, setya dereng niat
mulih, mring kutha sayaseng dangu, kacaryan reh ta kitaki, tumutur telenging
batos.
33.
malak mandar wimbuh ardanireng kayun, sumuksa mertapeng
wukir, sedene gutho kasamun, mangayu bagyanig budi, dadiya lena linakon.
34.
nurut kisik mangilen lumampah darung, ngemut karag tomba
salit, surating baskara mepu, wanci madya lir gesangi, sangsareng jiwa tan
tinon.
35.
langkung denya amemati raganipun, wus liwat ing cingcing
guling, trus pasthi maminggah gunung, anrang pringga wukir kancik, kathah
kapranggul buburon.
36.
sato wana anggiwar tan ana ganggu, sarpa lodra jalu jalu,
kapethuk nyimpang lumayu, mong bantheng menjangan kancil, katerak malumpat
bekos.
37.
yen kaleson reren sangisor wreksa gung, yen arip turu
gumlinting, ngangge karang ngulu watu, jroning tyas cinipta guling, sanengti
lampus pakaot.
38.
sota nikmat mahywa panarima mungguh, tangi turu gya
lumaris, tan ngangge milih delanggung, nasak wit saparan sikil, mungguh tumurun
jurang jro.
39.
murang marga angambah kang siluk siluk, kesangsang
sangsang penjalin, tarwiyang tansaya wimbuh, giranging tyas tandu ngancik,
laladan ing karang bolong.
40.
kehing guwa guwa den ungak sedarum, tan ana den
kasenengi, karya asrama manungku, de guwa ngungkung udadi, dedalane gawat elok.
41.
guwa karangbolong writ angker kelangkung, keh durbiksa
mrih durniti, gegodha memurung tuwuh, yen wantah sayekti baring, binabidhung
ing gendruwo.
42.
rehayune keneng mala budheg bisu, suwung ati tuna budi,
badan kurus weteng busung, bosok kulit daging mamring, kari tulang dadi
jrangkong.
43.
nanging mungguh manungsakang ingsi ngelmu, ngelmu
makripatullahi, dhasar nistuda tawajuh, binusanan tarak brangti, tarbukeng tyas
waskitheng don.
44.
sinung kalis durmalaning setan juhud, sasedyanira
lestari, prabawa bakuh tumangguh, was ketir ketir swwuh enir, nerak pringga
baya wutoh.
45.
lajeng denya lumaksana alas rungkud, ing blang konang den
unggahi, dangu lumingling mangkya wruh, guthoko jro tinon dani, wenimbuken
kencana los.
PUPUH V MASKUMAMBANG
1.
aran guwa menganti sinawang edi, wiwara bawera, anulya
dipun lebeti, margane rumpil kabina.
2.
pan tinurut ginagap gagap ing sikil, lelumut kumeclap,
kadi tan bangkit lumaris, padhas dhedasaring marga.
3.
sanalika Surawijaya manganggit, darpa nrak babaya, yen wania
maring gampil, jrih angel wurung panyipta.
4.
esthining reh sngel atanapi gampil, kaantep sajuga, ing
purwa punapi, jer kita kang bedakena.
5.
dadya saya sengkud denira lumaris, rarasing pandriya,
binudi dadya mranani, malar mimbuhi subadya.
6.
wusing prapta jro guthoka amiyarsi, ywah amara wayan,
nanging ta datan kaeksi, sangking limut lamat lamat.
7.
mung pengrasa kang karasa mracihnani, nian sidyanira,
Surawijaya mertapi, munggeng sela sumayana.
8.
tapa linggih amadhep karseng suksmadi, asta kering kanan,
tumumpang ring pupu kalih, mresing tyas anglebur rasa.
9.
iya rasa kang angraras asma kalih, kang purwita jasad,
linebur kinarya urip, uripe linebur mongka.
10.
rasa prelu tandya linebur kinardi, susmaya samepa,
susmaya linebur dadi, jisim latip kang lawiya.
11.
ri sampunya geleng gumolong pangesthi, wa gyut ngalad
alad, surating dat angebeki, subadya amot wasesa.
12.
jro wisesa amot ing purba sejati, Surawijaya trang,
titika sabilik bilik, tarbuka ning matyastama.
13.
kuneng ingkang lagya ngeningken pangeksi, neges karsaning
sang, dumunung guwa menganti, mangke mangsuli carita.
14.
duk nalika pangran puger lan kang rayi, pangran
Martasana, miwah pangran Singasarri, kairing sawadya bala.
15.
wangsulipun sangking tanah tirta rukmi, tinuduh sudarma,
ngrebat negari mentawis, mengsah lawan Trunajaya.
16.
ing pasisir kidul ingkang den margani, saben
mesanggrahan, narubken para ngabei, lan patinggi desa desa.
17.
sowan sarta sudhiya kartala jurit, rumojong karya prang,
sanggen mesanggrahan gusti, saos saos sanaos wega.
18.
dupi lajeng mangetan wong agung katri, patinggi ing
ngagya, binage bage karyeki, ana kalane binekta.
19.
lajeng ngetan kang badhe ing ngaben jurit, saweneh
tinilar, kinen sami pacak baris, patinggi desa kerigan.
20.
ya ta wau pangran puger lan kang rayi, kendel
mesanggrahan, neng desa wawar pasisir, ing wismane wreganaya.
21.
kang nguyuni wong desa wawar pasisir, demang wreganaya,
keringan macapat jalmi, jalaran daya berbudaya.
22.
kanan kering patinggi samya suwiwi, marang desa wawar,
sumambita ngarseng gusti, samekta busananing prang.
23.
sapta dina denya mesanggrahan nenggih, ngabei kerigan,
tanapi para taruni, kang wanter maju pakaryan.
24.
jeng pangeran puger milihi sujalmi, ingkang winursita, ki
Honggayuda semangkin, ing kutho pinuju lagya.
25.
tilik dhateng desa wawar krana dening, Honggayuda dadya,
suta mantune pangarsi, kyai demang wreganaya.
26.
jeng pangeran puger uninga langkung sih, andangu mring
demang, werganaya sapa iki, kang ngladeni saben dina.
27.
marang ingsun tapsilaning luwih becik, werganaya nembah,
gih punika mantu siwi, Honggayuda dhusun kitho.
28.
pangran angling iya mantunira iki, cekel gawe apa,
werganaya angot sari, dereng cepeng pendamelan.
29.
wonten kitho aming inggihnya nyepahi, ing mitra
wangsanya, jeng pangeran gya nimbali, Honggayuda sowan ngarsa.
30.
ngandika rum eh Honggayuda semangkin, wit parentah
ingwang, sira dadia patinggi, anyekela desa kutho.
31.
sarta desa sakiwa tengene ugi, kang nyekel prentahan,
sira ingkang mituwani, iki sun paring tondha.
32.
ora susah sira ndherek laku mami, becik bali kutho, ing
kana pacak baris, tarubena wong ing desa.
33.
tandya sujud Honggayuda awot sari, pukulun sandika,
amundhi sabda jeng gusti, jeng pangran gya budhal ngetan.
34.
Honggayuda wangsul mring kutho wismeki, natrapken
parentah, gancanging carita uwis, ambwah disa sadesa.
35.
amung cacad jro jaman dahuru maksih, esuking ngesukan, singa
kang rosa pakolih, desa kathah tetukaran.
36.
mene gancaraken terahing mentawis, sang sunan mangkurat,
kang madeg prabu ing tegil, ing budhalipun mangetan.
37.
pasisir ler wau ingkang den wiyosi, kedhiri jog ira,
anglarag Trunajayeki, reroncene tan winarna.
38.
amung mendhet gancare ingkang kinawi, tempuh ing ngayun,
trunajaya wis kajodhi, nagri mentaram kapegat.
39.
jeng susunan mangkurat tandya nglenggahi, prasada
mentaram, nguyuni kang rayi rayi, nagri arja karti karta.
40.
wang wang kraton pindhah sangking ing mentawis, nenggih
kartasura, semangke prasadanaji, tulus panjenengan Nata.
41.
ri sampune surud kanjeng Sri Bupati, mangkurat ginantyan,
ing putra pangran Dipati, juluk Sunan Mangkurat Mas.
42.
datan lama jalaran selir widyasthi, karaton ginantyan,
dening kang paman sudarmi, jeng pangran puger sudibya.
43.
jenengipun sae kapraya kumpeni, kasub kaoningrat,
jujuluke Narapati, jeng sunan mengku buwana.
44.
pan sinigeg mangke carita mangsuli, kang amanting jiwa,
tapa neng guwa menganti, tan kawruhan laminira.
45.
krana sangking peteng tan wruh rina wengi, marmaning
ywang suksma, kang ngasipat rahman rakhim, ngudaneni setyaning tyas.
46.
jroning karna yayah lir kadi pinetik, Surawijayenggal,
yatna ring sawiji wiji, panaul pan wus luwar.
47.
ngungun astanira anggegem cumethi, tinurut ginrayang, satuhu
wonda penjalin, laras sotaning sarkara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar