Selasa, 09 Desember 2014

Unen-unen


A

Adhang-adhang tetese embun : njagakake barang mung sak oleh-olehe.

Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.

Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.

Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.

Ana daulate ora ana begjane : arep nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub).

Ana gula ana semut : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.

Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.

Anggenthong umos (bocor/rembes) : wong kang ora bisa nyimpen wewadi.

Angon mongso : golek waktu kang prayoga kanggo tumindak.

Angon ulat ngumbar tangan : ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong.

Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane.

Asu rebutan balung : rebutan barang kang sepele.

Asu belang kalung wang : wong asor nanging sugih.

Asu gedhe menang kerahe : wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.

Asu marani gebuk : njarak / sengaja marani bebaya.

Ati bengkong oleh obor : wong kang duwe niyat ala malah oleh dalan.

B

Baladewa ilang gapite (jepit wayang) : ilang kekuwatane / kaluhurane.

Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar) : pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane.

Bathang lelaku : lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani.

Bathok bolu isi madu (bolong telu) : wong asor nanging sugih kepinteran.

Blaba wuda : saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.

Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong kang podho pintere.

Becik ketitik ala ketara : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine.

Belo melu seton (malem minggu) : manut grubyuk ora ngerti karepe (taklid).

Beras wutah arang bali menyang takere : barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

Bidhung api rowang : ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi.

Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho) : wong bodho sering nglakoni, kalah pinter ro wong pinter nanging durung tau nglakoni.

Bubuk oleh leng : wong duwe niyat ala oleh dalan.

Bung pring petung : bocah kang longgor (gelis gedhe).

Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud.

Buru (mburu) uceng kelangan dheleg : golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe.

Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka.

C

Carang canthel : ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.

Car-cor  kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos oran dipikir disik.

Cathok gawel (timangan sabuk) : seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.

Cebol nggayuh lintang : kekarepan kang ora mokal bisa kelakon.

Cecak nguntal cagak (empyak) : gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane.

Cedhak celeng boloten (gupak lendhut) : cedhak karo wong ala bakal katut ala.

Cedhak kebo gupak :  cedhak karo wong ala bakal katut ala.

Ciri wanci lelai ginawa mati : pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.

Cincing-cincing meksa klebus : karepe ngirit nanging malah entek akeh.

Criwis cawis : seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki.

Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake : wong kang njalari ala becike disingkirake.

D

Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut : wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh.

Dahwen ati open (seneng nacad) :  nacad nanging mbenerake wong liya.

Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang : ala dianggep becik, becik dianggep ala.

Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.

Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.

Digarokake dilukoke : dikongkon nyambut gawe abot.

Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat :  wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.

Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh.

Dom sumuruping mbanyu : laku sesideman kanggo meruhi wewadi.

Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan : senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani.

Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi : wong kang nesu banget.

Dudutan lan anculan (tali memeden sawah) : padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.

Durung pecus keselak besus : durung sembada nanging kepengin sing ora-ora.

E

Eman-eman ora keduman : karepe eman malah awake dewe ora keduman.

Emban cindhe emban siladan (slendang iratan pring) : pilih kasih / ora adil.

Embat-embat celarat (klarap) :  wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.

Emprit abuntut bedhug : perkara sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.

Endhas gundul dikepeti : wis kepenak ditambahi kepenak maneh.

Endhas pethak ketiban empyak : wong kang bola-bali nemu cilaka.

Enggon welut didoli udhet : panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.

Entek ngamek kurang golek : anggone nyeneni/nguneni sakatoge.

Entek jarake : wis entek kasugihane.

Esuk dhele sore tempe : wong kang ora tetep atine (mencla mencle).

G

Gagak nganggo lar-e  merak : wong asor / wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).

Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.

Gajah (nggajah) elar : sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.

Gajah ngidak rapah (godhong garing) : nerang wewalere dewe.

Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe : wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik sing dadi korbane.

Garang garing : wong semugih nanging sejatine kekurangan.

Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan : golek utang kanggo nyaur utang.

Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.

Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh : senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.

Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik.

Golek-golek ketemu wong luru-luru : karepe arep golek utangan malah dijaluki utang.

Gupak pulute ora mangan nangkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.

I

Idu didilat maneh : murungake janji kang wis diucapake.

Iwak lumebu wuwu : wong kena apus kanthi gampang.

J

(n)Jagakake endhoge si blorok : njagagake barang kang durung mesthi ana lan orane.

(n)Jajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-endi.

Jalma angkara mati murka : nemoni cilaka jalaran saka angkara murkane.

(n)Jalukan ora wewehan : seneng njejaluk ora seneng menehi.

Jati ketlusupan ruyung : kumpulane wong becik kelebon wong ala.

Jaran kerubuhan empyak : wong wis kanji (kapok) banget.

Jarit lawas ing sampire : duwe kapinteran nanging ora digunakake.

Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.

Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi rekasa.

(n)Junjung ngetebake / ngebrukake : ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.

K

Kacang ora ninggal lanjaran : kebiasa-ane anak nirokake wong tuwane.

Kadang konang : gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.

Kala cacak menang cacak : samubarang panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane.

Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega : wong sing ora duwe papan panggonan.

Katepang ngrangsang gunung : kegedhen karep/panjangka sing mokal bisa kelakon.

Katon kaya cempaka sawakul : tansah disenengi wong akeh.

Kaya banyu karo lenga : wong kang ora bisa rukun.

Kakehan gludug kurang udan : akeh omonge ora ana nyatane.

Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget.

Kebat kliwat, gancang pincang : tumindak kesusu mesthi ora kebeneran.

Kebo bule mati setra : wong pinter nanging ora ana kang mbutuhake.

Kebo ilang tombok kandhang : wis kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu.

Kebo kabotan sungu : rekasa kakehan anak / tanggungan.

Kebo lumumput ing palang : ngadili perkara ora nganggo waton.

Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga adoh bali menyang omahe / asale.

Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wulang wong enom.

Kegedhen empyak kurang cagak : kegedhen karep nanging ora sembada.

Kajugrugan gunung menyan : oleh kabegjan kang gedhe banget.

Kekudhung walulang macan : ngapusi nggawa jenenge wong kang diwedeni.

Kelacak kepathak : ora bisa mungkir jalaran wis kebukten.

Kena iwake aja nganti buthek banyune : sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak.

Kencana katon wingko : senajan apik nanging ora disenengi.

Kendel ngringkel, dhadang ora godak : ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho.

Kenes ora ethes : wong sugih amuk nanging bodho.

Keplok ora tombok : wong senengane komentar thok nanging ora gelem tumindak.

Kere munggah mbale : batur dipek bojo karo bendarane.

Kere nemoni malem : wong kang bedigasan / serakah.

Kerot ora duwe untu : duwe kekarepan nanging ora duwe beaya / wragat.

Kerubuhan gunung : wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.

Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : nemoni cilaka kang ora kenyana-nyana.

Ketula-tula ketali : wong kang tansah nandang sengsara.

Kethek saranggon : kumpulane wong kang tindakane ala.

Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadhang : wong kang ora duwe panggonan sing tetep.

Klenthing wadah uyah : angel ninggalake pakulinan tumindak ala.

Kongsi jambul wanen : nganti tumekan tuwa banget.

Krokot ing galeng : wong kang mlarat banget.

Kriwikan dadi grojogan : prakara kang maune cilik dadi gedhe banget.

Kumenthus ora pecus : seneng umuk nanging ora sembada.

Kurung munggah lumbung : wong asor / cilik didadekake wong gedhe.

Kuthuk nggendhong kemiri : manganggo kang sarwo apik/aji liwat dalan kang mbebayani.

Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk : njarag marani bebaya.

Kuncung nganti temekan gelung : suwe banget anggone ngenteni.

L

Ladak kecangklak : wong kang angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe.

Lahang karoban manis : rupane bagus / ayu tur luhur budine.

Lambe satumang kari samerang : dituturi bola-bali meksa ora digugu.

Lanang kemangi : wong lanang kang jireh.

Legan golek momongan : wis kepenak malah golek rekasa.

Lumpuh ngideri jagad : duwe karepan kang mokal bisa keturutan.

M

Maju tatu mundur ajur : perkara kang sarwa pakwuh.

Matang tuna numbak luput : tansah luput kabh panggayuhan.

Mbuang tilas : ethok-ethok ora ngerti marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni.

Meneng widara uleran : katon anteng nanging sejatin ala atine.

Menthung koja kena sembagine : rumangsane ngapusi nanging sejatine malah kena apus.

Merangi tatal : mentahi rembug kang wis mateng.

Mikul dhuwur mendhem jero : bisa njunjung drajate wong tuwa.

Milih-milih tebu oleh boleng : kakehan milih wekasan oleh kang ora becik.

Mrojol selaning garu : wong kang luput saka bebaya.

Mubra-mubra mblabar madu : wong sing sarwa kecukupan.

N

Nabok anyilih tangan : tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya.

Ngagar metu kawul : ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempan.

Ngajari bebek nglangi : panggawean sing ora ana paedahe.

Ngalasake negara : wong sing ora manut pranatane negara.

Ngalem legining gula : ngalembana kepinterane wong kang pancen pinter/sugih.

Ngaturake kidang lumayu : ngaturake barang kang wis ora ana.

Nglungguhi klasa gumelar : nindakake panggawean kang wis tumata.

Ngontragake gunung : wong cilik/asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe gegere wong akeh.

Nguthik-uthik macan dhedhe : njarag wong kang wis lilih nepsune.

Nguyahi segara : weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.

Nucuk ngiberake : wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat.

Nututi layangan pedhot : nggoleki barang sepele sing wis ilang.

Nyangoni kawula minggat : ndandani barang sing tansah rusak.

Nyolong pethek : tansah mleset saka pametheke/pambatange.

O

Obah ngarep kobet mburi : tumindake penggede dadi contone/panutane kawula alit.

Opor bebek mentas awake dhewek : rampung saka rekadayane dhewe.

Ora ana banyu mili menduwur : watake anak biasane niru wong tuwane.

Ora ana kukus tanpa geni : ora ana sbab tanpa akibat.

Ora gonjo ora unus : wong kang ala atine lan rupane.

Ora mambu enthong irus : dudu sanak dudu kadhang.

Ora tembung ora tawung : njupuk barang liyan ora kandha disik.

Ora uwur ora sembur : ora gelem cawe-cawe babar pisan.

Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa.

Othak athik didudut angel : guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel.

P

Palang mangan tandur : diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan.

Pandengan karo srengenge : memungsuhan karo penguwasa.

Pandhitane antake : laire katon suci batine ala.

Pecruk (manuk kag magan iwak) tunggu bara : dipasrahi barang kang dadi kesenengan.

Pitik trondhol diumbar ing padaringan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.

Pupur sadurunge benjut : ngati-ati sadurunge benjut.

R

Rampek-rampek kethek : nyedak-nyedak mung arep gawe kapitunan.

Rawe-rawe rantas malang-malang putung : samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.

Rebut balung tanpa isi : pasulayan merga barang kang sepele.

Rindhik asu digitik : dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.

Rupa nggendhong rega : barang apik regane larang.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha bubrah/rusak.

S

Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil.

Sabaya pati, sabaya mukti : kerukunan kang nganti tekan pati.

Sadumuk bathuk sanyari bumi : pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.

Sandhing kebo gupak : cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.

Satru mungging cangklakan : mungsuh wong kang isih sanak sedulur.

Sadhakep awe-awe : wis ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.

Sembur-sembur adus, siram-siram bayem : bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh.

Sepi ing pamrih, rame ing gawe : nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.

Sing sapa salah bakal seleh : sing sapa salah bakal konangan.

Sluman slumun slamet : senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.

Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh : wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.

T

Tebu tuwuh socane : prakara kang wus apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi.

Tega larane ora tega patine : senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.

Tekek mati ing ulone : nemoni cilaka margo saka guneme dhewe.

Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara : kabar kang durung mesthi salah lan benere.

Timun jinara : prakara gampang banget.

Timun mungsuh duren : wong cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.

Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho kanggone yen kekurangan wae.

Tinggal glanggang colong playu : ninggalake papan pasulayan.

Tulung (nulung) menthung : katone nulungi jebule malah nyilakani.

Tumbak cucukan : wong sing seneng adu-adu.

Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha nanging bathi paseduluran.

Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati : prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik.

U

Ucul saka kudangan : luput saka gegayuhane.

Ulat madhep ati manteb : wis manteb banget kekarepane.

Undaking pawarta, sudaning kiriman : biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.

Ungak-ungak pager arang : ngisin-isini.

W

Welas tanpa lalis : karepe welas nanging malah gawe kapitunan.

Wis kebak sundukane : wis akeh banget kaluputane.

Wiwit kuncung nganti gelung : wiwit cilik nganti gedhe tuwa.

Y

Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.

Yiyidan mungging rampadan : biyene wong durjana/culika saiki dadi wong sing alim.

Yuwana mati lena : wong becik nemoni cilaka marga kurang ngati-ati.

Yuyu rumpung mbarong ronge : omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar