Ing dinten Senen enjing sakbibaripun upacara, para siswa mlebet kelasipun piyambak-piyambak. Lajeng ndherek pelajaran kados biyasa, boten kajaba Ani, Mira, lan Rosi ugi mlebet ing kelas.
Ani :
“Mir, Mira.”
Mira :
“Dalem, ana apa Ni?”
Ani :
“Dina iki pelajaran pertama apa ta?”
Mira : “Kuwi
lho pelajaran Basa Jawa, Ni.”
Ani :
“Oh iya, kowe wis nggarap tugase durung?”
Mira : “Wis
ta ya, Mira ngono lho! Kowe dhewe wis nggarap durung?”
Ani : “Iya iya percaya Mir, kowe kan pinter. Ora
kaya aku, diomong pinter tapi ya ora yen diomong bodho, ya aku ora bodho-bodho
banget. Haha.”
Rosi : “Hahaha kowe ki lho Ni, pancen ora cetha.”
Ani : “Apa ta Ros, ora cetha piye? Wong aku
cetha banget ngene kok, Cetha aku manungsa, duwe tangan, mripat, irung.”
Rosi : Uwis uwis, ora usah mbok lanjutke.”
Mira : “Iya uwis uwis, ngono wae diributke. Ni,
tugasmu wis digarap durung? Yen durung ndang digarap, selak Bu Guru mlebu
kelas!”
Ani : “Aku nggarap nembe separo. Aku bingung
kok. Silihi tugasmu rene, wis mumet aku. Hehehe.”
Mira : ”Wuuu, ya wis nyah.” (karo nyodorake buku ning Ani)
Ani : “Hehehe matur nuwun ya”.
Mira : “Ya, ndang digarap kana!”.
(Ani langsung
nggarap tugas)
Rosi : “Iki
bocah wis disilihi tugas langsung meneng, mau geger wae”.
Mira : “Ya
wis ta, mesakne”.
(15 menit saksampunipun, lajeng Bu Guru mlebet
kelas)
Rosi : “Ni,
wis rampung durung? Bu Retno wis mlebu kuwi lho.”
Ani :
“Iya, iki wis rampung kok.”
Guru : “Assalamu’alaikum, sugeng enjang para
siswa?”
Siswa : “Wa’alaikumsalam.
Sugeng enjang Bu.”
Guru : “Para
siswa kados pundi kabaripun?”
Siswa :
“Sehat bu, Ibu piyambak kados pundi kabaripun?”
Guru : “Alhamdulillah Ibu uga sehat, kala wingi
sampun dumugi bab punapa nggih?”
Siswa : “Kala wingi nggrembag babagan nyerat
aksara jawa, Bu.”
Guru : “Oh nggih, kala wingi Ibu paringi tugas kangge
gladhen nyerat aksara jawa ta? Sampun dipun garap sedaya punapa dereng?”
Siswa :
“Inggih Bu, sampun sedaya.”
Guru : “oh nggih sampun, mangke tugasipun dipun
kempalaken wonten mejanipun Ibu nggih!”
Siswa : “Inggih Bu”.
Guru : “Lajeng dinten menika kita badhe ngrembag
bab geguritan. Sinten ingkang sampun mangertos punapa geguritan menika?”
Ani : “Geguritan menika puisi, Bu.”
Guru : “Nggih leres, nanging menika basa
Indonesianipun. Sinten malih ingkang mangertos?”
Mira : “geguritan menika reroncenging tembung
ingkang dipun damel endah, Bu.”
Guru : “Nggih leres. Nanging jangkepipun geguritan
menika wohing susastra ingkang basanipun cekak, menthes lan endah”.
Mira : “Lajeng ingkang mbentenaken geguritan
kaliyan tembang punapa, Bu? Nggih sami migunakaken basa ingkang endah, Bu?”
Guru : “Geguritan menika boten kaiket aturan kaya
dene tembang, Mir”.
Rosi : “Bu, menika ingkang dipun maksud cekak,
menthes, lan endah punapa?”
Guru : “cekak yaiku boten wujud ukara ingkang
nggladrah, menthes yaiku tembungipun gadhah makna ingkang jero, dene endah
menika ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa”.
Mira : “Bu, lajeng kados pundi caranipun maos
geguritan supados saged endah lan kepenak diraosaken?”
Guru : “Geguritan menika bakal endah lan kepenak
dipun raosaken menawi ingkang maos ngangge irama ingkang becik, tetembunganipun
dipun pilih ingkang endah”.
Mira : “Oh nggih Bu, kula sampun mangertos”.
Guru : “Sampun mangertos kados pundi ndamel
geguritan ingkang becik punapa dereng?”
Siswa : “Dereng Bu, kados pundi caranipun?”
Guru : “Nggih makaten, ingkang kaping pisan
nemtokake tema, kaping loro nemtokake irah-irahan, kaping tiga nemtokake
gagasan baku, ingkang pungkasan ngronce tembung. Kados pundi, sampun
mangertos?”
Siswa : “Sampun Bu”.
Rosi : “Oh nggih Bu, nalika maos geguritan
menika wonten ingkang kedah dipun gatekaken punapa boten?”
Guru : “Oh nggih, nalika maos geguritan menika
kedah nggatekaken: 1) ngertos isinipun geguritan, 2) pamedhoti[un tembung
ingkang leres, 3] irama/ intonasi/lagu dipun gatekaken.”
Rosi : “Oh ngaten ta, Bu?”
Guru : “Nggih, Rosi. Kados pundi wonten pitakenan
malih punapa boten bab geguritan menika?”
Siswa : “Boten wonten bu.”
Guru : “Nggih sampun, menawi boten pamanggih malih
sakmangke mangga para siswa damel geguritan piyambak-piyambak, lajeng menawi
sampun dados, diwaos setunggal-setunggal wonten ing ngajeng kelas nggih.”
Siswa
: “Nanging mangke paringi tuladha rumiyin nggih, kados pundi maos geguritan
ingkang becik lan leres.”
Guru : “Sakderengipun para siswa damel geguritan,
niki ibu paring tuladha rumiyin nggih, maos geguritan ingkang becik lan leres.”
Siswa : “Nggih, bu.”
Guru : (maos geguritan)
“Inggih
menika tuladhanipun maos geguritan, sakmangke mangga dipundamel geguritanipun piyambak-piyambak.”
Siswa : “Nggih bu.” (Kaliyan nggarap geguritan)
(10 menit saksampunipun)
Guru : “Sampun rampung dereng damel
geguritanipun?”
Siswa : “Sampun bu.”
Guru : “Yen mekaten,
mangga majeng ing ngarep kelas, dipunwaosaken geguritanipun.”
Siswa : “Urut absen kemawon nggih bu.”
Guru : “Nggih, sakmangke absen pertama, Ani mangga
majeng.”
Ani : “Nggih bu.” (majeng kaliyan maosaken
geguritanipun)
Guru : “Lajeng absen kaping loro, Mira mangga
majeng.”
Mira : “Nggih bu.” (majeng kaliyan maosaken
geguritanipun)
Guru : “Kaping pungkasan, Rosi mangga majeng.”
Rosi : “Nggih bu.” (majeng kaliyan maosaken
geguritanipun)
Guru : “Sampun majeng sedaya nggih.
Siswa : “Inggih, Bu.”
Guru : “Ibu seneng
muridipun ibu sampun pinter-pinter damel geguritan. Kados pundi taksih wonten
ingkang bingung babagan geguritan menika?
Siswa : “Boten bu, sampun mangertos sedaya.”
Guru : “Nggih sampun,
yen mekaten cekap semanten mawon nggih pelajaran dinten menika. Kangge materi
minggu ngajeng pelajari bab unggah- ungguh basa nggih.”
Siswa :
“Inggih, Bu.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar