Wonten
ing dusun kula, dusun Bumiharjo Rt02/06 Kecamatan Klirong, Kabupaten Kebumen
wonten mitos ingkang kasebar. Mitos menika kawiwitan saking cariyos panyebaran
agami Islam wonten ing dusun Bumiharjo. Panyebaran agami Islam kasebut katindhakake
dening tiyang ingkang namanipun Syekh Abdul Awal. Wektu sakmenika Panjenenganipun
kaliyan rombongan dumugi dusun Bumihrjo. Lajeng nggoleki papan ingkang trep
kagem nyebarake agama Islam.
Sak sampunipun muter-muter sedaya papan
wonten ing dusun menika. Syekh Abdul Awal kaliyan rombongan nibakake
piliyanipun wonten pekarangan caket kaliyan sabin. Wonten papan menika trep
kaliyan kahanan ingkang dikersakake. Lajeng para rombongan nganakake kerja
bakti nyiapake menapa kemawon ingkang dipun betahake kagem ngedegake papan
kados pondok alit. Pondok menika ingkang badhe dipun ginakake dening Syekh
Abdul Awal kagem ngaji lan syiiran.
Ananging
nalika Syek Abdul Awal lan para rombonganipun badhe ndamel papan kagem ngaji,
Piyambakipun mireng suwanten gamelan saking sisih kulon. Saking suwanten menika
lajeng Syek Abdul Awal mutusaken boten siyos ngadekake pondok wonten mriku.
Piyambakipun pitados menawi swanten gamelan kalawau pratanda boten sae utawa awon
saking Pangeran menawi siyos ndamel papan ngaji wonten mriku. Lan saget
nekakake bala.
Lajeng
Syekh Abdul Awal lan para rombongan mutusaken budhal saking dusun Bumiharjo lan
madosi daerah sanesipun ingkang trep kagem ndamel papan ngaji. Ananging, sakderengipun ninggalaken dusun menika.
Piyambakipun nggadahi wasiat kagem
warga, inggih menika, upami warga desa Bumiharjo badhe gadhah damel supados
boten ngawontenaken hiburan utawi manapa kemawon ingkang wonten gamelan. Menawi
tetep nindakake, bakal pikantuk bencana inggih menika griyanipun kobong
Mitos menika angsal dipun pitados utawa
boten. Ananging sampun wonten keluwarga ingkang griyanipun kobong amarga nalika
gadhah damel (ngantenan) ngawontenaken hiburan ingkang wonten gamelanipun
inggih menika wayangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar