Rabu, 31 Desember 2014

Suran Jambaleka, Upacara Tradhisi Warga Dhusun Talpitu


Kaya umume dhaerah agraris tra­dhi­sional, Dhusun Talpitu, Desa Ngem­plak, Kecamatan Karangpandhan, Kabu­paten Karanganyar uga nglestarekake Suran Jambaleka. Diarani Suran, amar­ga, upacara adat iki diadani pendhak sasi Sura. Dene Jambaleka mujudake papan keramat sumarene Pangeran Arya Kusu­ma Jambuleka, cikal bakal padesan ka­sebut.


Nganti saiki kena diarani durung ana ahli sejarah sing naliti riwayate bangsa­wan, kang jarene, isih trah Majapahit mau. Sing ana mung dongeng, lengen­dha turun-tumurun. Warga ngenggon per­caya, tokoh kang dimakamake ing Talpitu kuwi mujudake salah sijine atmajane Prabu Brawijaya V. Arya Ku­suma, ya Arya Leka lair saka garwa pa­minggir Rara Supadi, asal Sapudi, pulo cilik sacedhak Madura. Arya Kusuma kasinungan rupa bagus njenthara, mula uga karan Arya Pekik.

Diwasane Arya Leka kapundhut mantu Jaran Panole I, Adipati Sumenep. Sasu­rude marasepuhe, Arya Leka nglintir dhampar kadipaten jejuluk Jaran Panole II, alias Jaran Panole Sumenep. Abad 14 Majapahit kabedhah Demak Bintar. Arya Leka utawa Jaran Panole Sumenep dening ramane, Brawijaya V, dipasrahi mandhegani armadha laut Majapahit. Lan, wis dadi karepe sejarah, Majapahit wusanane ambruk.

Suthik dadi telukan, Arya Leka sagar­wa pilih linggar saka Madura, mlaku sa­paran-paran mangulon arahe. Satekane gumuk ing sikile Gunung Lawu sing ditu­wuhi wit tal cacah pitu, panjenengane lerem arsa dedunung. Jumbuh karo pa­pane, Arya Leka banjur nyebut dhirine Ki Ageng Jabal Leka. Jabal tegese pun­thuk utawa gumuk. Dene wewengkon panggonane dedunung nganti puput yus­wa, nurut rejaning jaman, nuli karan Tal­pitu.

Ora ditemokake cathetan kapan pan­je­nengane seda. Sing cetha makam uta­wa pasareyane banget dikramatake de­ning masyarakat, mlgine Dhusun Talpitu, lan umume Desa Ngemplak. Warga per­caya suwargi kasinungan karomah. Ka­sunyatan nuduhake, jaman gegeran pe­rang kamardikan sakehing warga kono kang keplayu ngungsi neng makame Jabal Leka tansah kalis saka pambujung lan pangamuke serdhadhu Walanda.


Kompleks pasujarahan kuna iki pan­cen katon singup. Gapura ngarep wa­ngun candhi bentar, dijangkepi gerdhu pejagan sisih kiwane sarta plang kayu kanthi tulisan: Makam Ki Ageng Haryo Kusuma Jambuleka Talpitu, Ngemplak Karangpandan. Kijinge ginawe saka ble­bekan watu alus werna krem, perangan tengahe divariasi ireng. Cundhuk karo watu bunder ireng sak bal voli minangka maesane.


Jirat kubure Ki Ageng Jambaleka uta­wa Jambuleka iki tinutup slambu mu­beng, mapan jroning cungkup cakrik Joglo Lawakan. Saka gurune migunak­ake kayu wutuh glondhongan cukupan gedhene. Jejer sisih kiwane ana makam prasaja. Pager cungkup isih wujud be­thek pring. Ing lawangan ngarep rinengga dwarapala sepasang sing wis katon lu­muten. Sanjaban pager dikebaki sawer­nane wit-witan, kaya ta aren, ke­ningar, sonokeling, mahoni lan kemu­ning. Wit-witan mau, mbokmenawa kagawa saking tuwane, tuwuh kliwat ge­dhe lan ngrembuyung. Sunaring srenge­nge nganti angel nembus, temahan lemah sangisore ketok ngumes.

Sisih tengene pendapa makam tine­mu tugelan kayu cacah loro sing dipayoni wangun payung. Siji, arupa balok silin­der saukuran bedhug cilik. Sijine maneh sabrebetan kaya tilas wit-witan garing. Najan wis alum isih cetha dinulu anane sawuran kembang mawar ing sakupe­nge kayu-kayu kasebut. Persis adhep-adhepan karo joglo pasareyane Ki Ageng Jambuleka, dipisahake plataran rada jembar, didegi wewangunan los cilik mi­nangka papan ngaso kanggo para pe­jiarah.


Nitik bahan bangunan kang digunak­ake, pundhene Ki Ageng Haryo Kusumo Jambuleka mujudake asil renovasi anyar. Manut sawetara pendhudhuk kono, pe­mu­garan sepisanan ing taun 1986 di­ban­dhani dening saweneh pejiarah saka Jawa Timur. Sabanjure, taun 2005, para pasujarah liyane ngragadi gawe gapura bentar minangka lawangan mlebu me­nyang kompleks makam. Dene Pemkab Karanganyar mbiyantu mbangun talud taun 2007.

Durung kinawruhan kepiye mungguh mula bukane adat Suran Jambaleka. Pita­konan ngenani tradhisi iki, mujudake pro­duk budaya tinggalane sawargi Ki Ageng, apa tuwuh saka kalangane ma­sya­rakat kanggo memule pundhene sawise pan­jenengane seda, ora entuk wangsulan gu­mathok. Mbah Dikromo, saweneh warga sing dipethuki nembe rencek negor pring sanjabane makam mung bisa ngujar, “Suran Jambaleka niku pun enten wiwit jaman ja-mbejuja riyin.”


Saben tanggal 1 Sura masyarakat Dhusun Talpitu, Ngledok, lan Ngablak keri­glampit ngadani wilujengan ing Pun­dhen Jambaleka. Ritual sesaji munjuk­ake suka syukur marang Gusti Allah iki lumaku telung dina suwene nganti 3 Sura. Dina kapisan manjing maghrib upa­cara diwiwiti kanthi nyanggarake kendhi pitu isi banyu wening ing pasareyane Ki Ageng Haryo Kusumo Jambuleka, lan dite­rusake donga engga kliwat tengah wengi.

Esuk dina candhake mradat wedhus kendhit, yaiku wedhus sing duwe wulu sle­ret putih tepung gelang pener wete­nge, ing areal makam. Daginge banjur di­kela minangka jangkepe sesaji. Sasu­wene di­masak ora kena diicipi, lan para wanita sing kapasrahan nandangi olah-olah ora kapinujon lagi nggarapsari. Ngarepake wayah tengange, warga saka telung pa­dhukuhan kasebut melu nggabung ing pundhen karo nggawa tam­pah isi sawer­nane ubarampe wilu­jengan.


Sawise sakabehe rinasa tumata, nge­pasi sangate para sesepuh dhusun nuli ngleksanani adicara tumuruning toya we­ning. Kendhi cacah pitu sing sawengi sa­durunge disanggarake dijupuk, lan banyu isine didumake marang sakabehing war­ga, kalebu pejiarah kang melu ngestreni. Lebar kuwi kenduren. Sanggan ubarampe slametan gawane masyarakat dipangan bareng sarampunge didongani. Dina katelu dianakake udhik-udhik minangka panutupe rerangken tradhisi Suran.

Selasa, 30 Desember 2014

TULADHA WANGSALAN


1. Ngembang kacang anggawe mbesengut
UK : ngembang kacang
T : mbesengut
B : besengut


2. Yen ora nesu, geneya kowe kok menthil kacang, mrengut terus.
UW : menthol kacang
T : mrengut
B : sungut


3. Kancing gelut munggweng dhadha, titenana.
UW : kancing gelut munggweng dhadha
T : titenana
B : peniti


4. Reca kayu, golek asab darah ayu.
UW : reca kayu
T : golek
B : golekan


5. Bayemarda, dhasar anteng tur jatmika
UW : bayemarda
T : anteng
B : lanteng


6. Witing pari dimen mari nggonku lara iki
UW : witing pari
T : dimen
B : damen


7. Mbalung janur, gelem paring usada
UK : mbalung janur
T : usada
B : sada


8. Klapa mudha, yen keeling paring apura
UK : klapa mudha
T : kelingan
B : degan


9. Uler kambang lakune alon-laonan wae
UK : uler kembang
T : alon- alon
B : lintah


10. Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso
UK : roning mlinjo
T : ngaso
B : so











Serat Riyanta


Wonten Serat Riyanta punika kacarios menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Riyanta. Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan ramanipun. Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta sanget dipuntresnani dening ibunipun.  Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Riyanta di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika raden mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas Riyanta.
 Ngantos umur kalihdasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek pengalaman kangge kauripan punika.
 Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto kangge tindak dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis sarwisa sarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi kata lingsut. Amargi melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos namanipun bocah wau. Raden mas Riyanta tresna kaliyan estri punika. Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur tindak menyang Boyolali.  Menawi sampun radi adhem, raden mas Riyanta banjur wangsul wonten dalemipun.
Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remen sanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwoa kaliyan bab punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.  Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kaliyan raden ajeng Srini mantenan.

Saloka

Saloka iku unèn-unèn kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake iku wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara.
Tuladhané:Kebo nusu gudelKutuk marani sundukUla marani gebugAnak polah bapa kepradahBecik ketitik ala ketaraAna catur mungkur ana bapang sumimpangPalang mangan tanduranSepi ing pamrih rame ing gawe

Yogya swara

Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda pungkasan, duwe teges lanang wadon.1. Tuladha
1. hapsara-hapsari
2. bathara-bathari
3. dewa-dewi
4. gandarwa-gandarwi
5. kedhana-kedhini
6. pemudha-pemudhi
7. putra-putri
8. raseksa-raseksi
9. widadara-widadari
10. yaksa-yaksi


http://hafizhsma1sragen.blogspot.com/2011/08/tembung-yogya-swara.html

Minggu, 28 Desember 2014

Primbon-Betal Djemur

Wedaran Kitab Betaljemur Adammakna
Neptu Dina lan Pasaran Miturut Pitungan Jawa
Wiwit jaman kuna para leluhur kita wus nate nilari ilmu, kang disusun anaing Kitab Betaljemur Adammakna. Salah sawijine ilmu mau yaiku petungan neptu dina lan pasaran. Kagone wong Jawa neptu dina lan pasaran iku duweni wigati kang gede. Ora mung sadremo kango mengerteni jumlahe pitungan neptu, uga saka neptu iku wong Jawa bisa mengerteni sifate, rejekine, apse, lan liya-liyane.
Ing Rubrik Bahasa Jawa, redaksi babareken wedaran Kitab Betaljemur. Kitab punika babon aslinipun kagungan dalem Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat, lajeng kaimpun dening R.Soemodidjojo.
Kitab punika ngemu isi ngewrat ilmu-ilmu Jawi titilaranipun leluhur ing jaman kina. Wajib kita pepetri amargi nyata bilih ilmu-ilmu ingkang kasebut ing primbon punika dados kabetahaning ngagesang ing sadinten-dinten.
Ingkang pembuka bade kawedar babagan neptu dina pasaran miturut petangan Jawi. Inggih punika;
Petangan dina :
Akad neptu 5, Senin 4, Selasa 3, Rebo 7, Kamis 8, Jumat 6, Setu 9.
Petangan pasaran :
Kliwon neptu 8, Legi 5, Pahing 9, Pon 7, Wage 6.
Petungan sasi lan taun,
Yen sasi Suro neptu 7, Sapar 2, Rabinguawal 3, Rabiungakhir 5, Jumadilawal 6, Jumadilakhir 1, Rejeb 2, Ruwah 4, Pasa 5, Sawal 7, Dulkaidah 1, Besar 3. Taun Alip neptu 1, Ehe 5, Jimawal 3, Je 7, Dal 4, Be 2, Wawu 6, Jimakir 3.

Dina ala lan ala banget

Dina ala iki ora kena kanggo lelungan lan liya-liyane, yaiku Akad Paing, Setu Pon, Jumuah Wage, Selasa Kliwon, Senin Legi lan Kemis Wage. Dina kang ala banget, Rebo Legi, Akad Paing, Kemis Pon, Selasa Wage lan Setu Kliwon.
Warsa (taun) kang ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeg tiba saben tanggal 29 utawa 30 sasi Besar. Yen tiba taun Alip ana ing dina Setu Paing, taun Ehe dinane Kemis Paing, Jimawat dinane Senen Legi, Je dinane Jumuah Legi, taun Dal tiba dina Rebo Kliwon, taun Be tiba dina Akad Wage, taun wawu dinane Kamis Pon, taun Jimakir tiba dina Slasa Pon.
Sangaring warsa (taun).
Uga ora kena kanggo mantu lan sapadhane, pitunge ajeeg tiba tanggaping warsa let 3 dina, (saben sasi Suro tanggal 3). Yen tiba tahun Alip dinane Jumuah Legi, Ehe tiba Slasa Kliwon, Jimawal dinane Akad Kliwon, Je dinane Kemis Wage, taun Dal dinane Senin Pon, Be tiba dina Setu Legi, Wawu Rebo Paing lan Jimakir tiba dina Akad Legi.
Sasi kang rahayu, becik kanggo samubaranggawe kang perlu.
Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Rebo, Kemis. Sasi Mulud, Rabingulakir lan Jumadilawal dinane Jumuah. Sasi Jumadilakir, Rejeb lan Ruwah dinane Setu, Akad. Sasi Pasa, Sawal, Dulkaidah dinane Senen lan Slasa.
Sasi Sarju, yaiku sasi kang sedeng kanggo samubaranggawe. Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Jumuah. Mulud, Rabingulakir, Jumadiiilawal dinane Setu, Akad, Jumadiilakir, Rejeb, Ruwah tiba dina Senen, Slasa.. Sasi Pasa, Sawal lan Dulkaidah diinane Rebo, Kemis. (sis)
Sangaring Tanggal
Sangaring tanggal kang prayoga disirik samubarang gawe kang perlu. 
Sasi
Tanggal
Dina
Kadadeyane Taliwangke
Sura
17,27,11,14
Rebo paing
Luwih gedhe rubedane
Sapar
12,22, 1,20
Kemis pon
Sinung lara kesandung
Mulud
13,23,10,15
Jum’ah wage
Sinung lara weteng
Bakdamulud
15,25,10,20
Saptu kliwon
Larane lunga teka
Jumadilawal
16,26,10,11
Senen kliwon
Sinung lara bebalung
Jumadilakir
11,21, 3,14
Selasa legi
Sinung lara owah
Rejeb
2,22,11,12
Rebo paing
Sinung klebon wisa
Ruwah
14,24,19,28
Kemis pon
Kena wisane dhewe
Pasa
15,25,10,20
Jum’ah wage
Sinung lara mata
Sawal
17,27, 2,20
Saptu kliwon
Gung kena perkara
Dulkangidah
11,21, 6,12
Senen kliwon
Sinung gring kapit
Besar
13,23, 1,20
Selasa legi
Gung kasusahan


Petung Pasatohan salaki rabi
Petungan panganten lanang lan wadon, neptune dina lan pasaran digunggung banjur kabagi 9, lanang turah pira wadon turah pira.
yen turah :
Turah
Keterangan
Turah
Keterangan
1 lan 1
becik kinasih
4 lan 4
kerep lara
1 lan 2
becik
4 lan 5
akeh rencanane
1 lan 3
kuat,adoh rejekine
4 lan 6
sugih rejeki 
1 lan 4
akeh bihahine
4 lan 7
mlarat 
1 lan 5
pegat
4 lan 8
akeh pangkalane 
1 lan 6
adoh sandhang pangan
4 lan 9
kalah siji 
1 lan 7
sugih satru
5 lan 5
tulus begjane 
1 lan 8
kasurang-surang
5 lan 6
cepak rejekine 
1 lan 9
dadi pangautan
5 lan 7 
tulus sandang pangane
2 lan 2
slamet, akeh rejekine
5 lan 8
akeh sambekalane
2 lan 3
gelis mati siji
5 lan 9
cepak sandang pangane
2 lan 4
akeh godang
6 lan 6
gedhe bilahine
2 lan 5
akeh bilahine
6 lan 7
rukun
2 lan 6
gelis sugih
6 lan 8
sugih satru
2 lan 7
anake akeh mati
6 lan 9
kasurang-surang
2 lan 8
cepak rejekine
7 lan 7
ingikum maring rabine
2 lan 9
akeh rejekine
7 lan 8
nemu bilahi saka awake dhewe
3 lan 3
mlarat
7 lan 9
tulus palakramane
3 lan 4
akeh bilahine
8 lan 8
kinasih dening wong
3 lan 5
gelis pegat
8 lan 9
akeh bilahine
3 lan 6
oleh nugraha
9 lan 9
giras rejekine
3 lan 7
akeh bilahine


3 lan 8
gelis mati siji


3 lan 9
sugih rejeki


Keterangan :
Saumpama weton panganten lanang Jumuah Kliwon neptune 6 + 8 = 14 , kabagi 9, turah 5.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.
Petung salaki rabi
Wetone panganten lanang wadon, neptune dina lan pasaran digunggung, banjur kabagi 4, turah pira.
·         Yen turah 1 tiba Gentho yaiuku larang anak.
·         Yen turah 2 Gembili, sugih anak,
·         Yen turah 3 Sri, sugih rejeki lan
·         Yen turah 4 tiba Punggel, mati salah siji
Keterangan :
Saumpama wetone panganten lanang Jumuah Pon, neptune 6 + 7 = 13.
Penganten wadon Kemis Paing
 neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.




Bebasan

Bebasan yaiku unen-unen ajek panganggone ngemu surasa pepindan, sing ditidhakake kahanane wong.
Tuladha :
1. Ana daulate ora ono bejane
Tegese : Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida
2. Cuplak andheng-andheng ora prenah panggone
Tegese : Wong tuwa utawa samubarang kang jalari ala, prayoga disingkirake
3. Dipalangana mlumpat,ditalenana medhot
Tegese : Yen wis tinadir (jodoh) kayangapo mesti bakal kelakon
4. Gajah alingan suket teki
Tegese : Lahir karo bathine bedha banget, mesti bae ketara
5. Kegedhen empyak kurang cagak
Tegese : Kegedhen kekarepan nanging ora sembada
6. Adhang-adhang tetesing embun
Tegese : Njagakake barang mung saolahe bae
7. Luput ing sembur
Tegese : wong seng gak mampan karo nasehat
8. Nggutuk elor kena kidul
Teese : Ngarani / dakwah seng orah bener
9. Ngumpulake watu item
Tegese : Nganggep remeh perkara abot
10. Ketiban duren

Tegese : wong seng nduwe masalah ora enthek-enthek

Sabtu, 27 Desember 2014

Tembang Macapat

ASMARADHANA
Duh wong wadon sing dak pikir
Wengi iki lagi nyapa
Aning kutha Ponorogo
Aku pengen nemu tresna
Ka kowe duk wong liya
Karya mukti wong ayu
Pun arimami asmara

KINANTHI
Dina iki aku mujur
Oleh biji apik-apik
Saka pelajaran jawa
Matur suwun Bapak Nadhiv
Pun awehan dhateng kula
Kula inget sampek mati

POCUNG
Bali ngudi ilmu kok langsung turu
Ora ngganceng apa
Gawean mung wira-wiri
Dhuh cah bagus elinga marang wong tua

MIJIL
Penguasa aja mung umbar janji
Ora ngganceng ndonya
Urip mung mikir awake dhewe
Aja mung dolan nang luar negeri
Mbokya padha tangi
Pikirna rakyatmu

GAMBUH
Budhal mancing esuk
Nunggu iwak sing glagepan metu
Nganti semene kok ora mbarokahi
Dhuh Gusti, tibak e kleru
Lali ora mbasang laron

MASKUMAMBANG
Awit biyen lan saiki aku tresna
Nang sliramu siji
Tapi ora ko tanggepi
Malah ninggalake tresna

PANGKUR
Jam pitu budhal sekolah
Kaya ngene rasane dadi murid
Wira-wiri saben esuk
Angudi kapinteran
Durung uwis lamun durung antuk biji
Biji saking Bapak Guru
Yaiku sing dak karepna

SINOM
Cah iku jenenge Ana
Ana anake priyayi
Cae ngerti tata krama
Nang wong tua ngajeni
Marang kanca apik
Yen ketemu uwong ngguyu
Dheweke tresna kanca
Uga ora tau iri
Sabendinane Ana iku semangat

DURMA
Anake Pak Slamet jenenge Arjuna
Sekolah kelas siji
Sipate ra cetha
Gawe Bapa murka
Arjuna ora mbejaji
Gawene nyiksa
Yen cedhek dijaraki

MEGATRUH
Kok kaya ngene abote urip iku
Wis usaha ora kasil
Ndadekne atiku alum
Dhuh, nyapa kok ora kat wingi
Saiki gur plonga-plongo

DHANDHANGGULA
Getih kang wis netes saka Rama
Bebasan rai kang pucat pasi
Sing gedhe pengorbanane
Amung kanggo awakku
Saka Rama sing dak tresnani
Sak dhuwure bantara
Mili kaya banyu
Gedhe sak gedhene arga
Sak lawase dak simpen sajroning ati
Matursuwun dhuh Rama