Wonten Serat Riyanta punika kacarios
menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran
Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Riyanta. Wiwit
raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan ramanipun.
Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta sanget
dipuntresnani dening ibunipun. Menawi sampun umur pitung taun, raden mas
Riyanta di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika raden mas Riyanta
ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Riyanta
kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget
menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados
ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas Riyanta.
Ngantos umur kalihdasa, raden
mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipun tansah
was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge golek tiyang estri
kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Riyanta dereng purun, banjur
ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri ingkang
ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin golek pengalaman kangge kauripan
punika.
Kala semanten, nuju ing wanci
serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih mitranipun katemuan.
Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto kangge tindak dateng ngalun-alun
ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebakaran wong-wong pada playon kangge
nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan
lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis sarwisa
sarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi kata lingsut. Amargi melas, raden mas
Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah wau
malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas
Riyanta dereng ngertos namanipun bocah wau. Raden mas Riyanta tresna kaliyan
estri punika. Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun.
Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta. Amargi boten
purun bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur tindak menyang
Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas Riyanta banjur wangsul
wonten dalemipun.
Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu
kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika raden ajeng
Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun
raden mas Riyanta. Raden mas Riyanta remen sanget kaliyan raden ajeng Srini,
nanging raden mas Riyanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe
di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwoa kaliyan bab punika,
raden mas Riyanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.
Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai
Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem
punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden
ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kaliyan raden ajeng
Srini mantenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar