Tema : Tata cara ngguwang slilit
“Man... Man....
Sutarman.... wis kana cepet bali mumpung durung udan! Wis petheng banget
kae lho.”
“Nggih, Pak. Sekedap
malih. Menika sampun meh rampung anggenipun macul.” Wangsulane Sutarman karo
cepet-cepet anggone macul.
Banjur Sutarman
nerusake anggone ngrewangi Bapake maculi sawah supaya cepet rampung. Bocah
kelas siji SMP iki pancen sregep banget. Apa maneh yen ngrewangi Bapak lan
Ibune, sangsaya luwih sregep. Saben
minggu utawa yen prei anggone sekolah, dheweke mesthi ngrewangi Bapake ning
sawah. Wong tuwane Sutarman pancen wong ora nduwe.
Dina iki langite pancen katon peteng, nandhakake yen arep
udan gedhe. Mula kawit mau esuk srengenge sing biyasane ngancani Sutarman lan
Bapake nang sawah ora katon. Ilang dipangan mendhung kae. Nanging kabeh kuwi
ora ndadekake Sutarman lan Bapake nglokro. Wong loro kuwi tetep semangat
anggone nyambut gawe ana sawah.
“Pak, Sutarman sampun
rampung. Kula wangsul rumiyin nggih Pak.” Sutarman pamit sak wise rampunge
anggone macul.
“Ohh, ya.. sing
ngati-ati ya Nang. Bapak iki durung rampung. Tinggal wae, mengko Bapak nyusul
bali yen wis rampung kabeh.”
“Nggih, Pak.”
Sutarman banjur
mlaku cepet-cepet nglewati tegalan. Nembe wae tekan ratan,udane lagsung makbres
wae. Sutarman banjur mlayu. Swarane pating kcepak kcepok amarga banyu udane ngebeki dalan sing pada
bolong. Dalan ana desane pancen durung didandani amarga durung ulih bantuwan saka
pamrentah.
Ananging sanajan
udane gedhe banget, ora ndadekake alam desane Sutarman ilang asrine. Desane
tetep endah tur hawane seger. Sakiwa tengene dalan akeh witwitan. Witwitane jejogedan
kena udan lan kadamu angin kang gedhe sangsaya katon endah. Sanajan atine
Sutarman wedi mbok-mbok wiwitane rubuh.
Sak wise tekan
omah, Sutarman banjur adus, resik-resik awak.
“Man.. Man...
Sutarman... “ Ibune Sutarman celuk-celuk saka pawon.
“Nggih Bu,
dalem...” Sutarman nyauti karo klambenan.
“Kene lho Man kene...
iki ana Pak dhe lan Bu dhe Tuti saka Surabaya.”
“Nggih Bu.” Sutarman
cepet-cepet metu saka kamar langsung nemoni Pak dhe lan Bu dhe Tuti ana mbale
banjur salaman.
“Walah iki Sutarman tho, kowe wis gedhe ya
saiki. Biyen tesih cilik durung bisa mlaku. Saiki malah wis SMP.” Bu Tuti
pangling amarga Sutarman sing saiki wis
gedhe.
Karo bingung, Sutarman
mangsuli “Inggih Bu dhe menika Sutarman.”
Saka lawang antarane mbale lan ruwang mburi, Ibune
Sutarman metu nggawa sega, jangan, lan lawuh kanggo maem. “Mangga Pak dhe, Bu
dhe Tuti sami dhahar!” Ibune Sutarman nyuguhake maeman ana meja.
Sutarman, Ibune Sutarman, Pak dhe lan Bu dhe Tuti banjur
maem bareng. Bapake Sutarman ora dienteni anggone maem, amarga bali saka sawah
mesthi yen wis sore. Yen lagi udan gedhe kaya ngene, Bapake Sutarman ngaso ana
gubug pinggir sawah karo ngenteni udane rada terang. Banjur nerusake gaweyan
sing mau lagi digarap.
Rampung angone maem, banjur padha gendu-gendu rasa.
Ngomongake yen padha-padha kangen amarga saking suwene ora ketemu. Awit adohe
Surabaya-Kebumen ndadekake Pak dhe lan Bu dhe Tuti ora bali-bali kampung.
Lagi
omong-omongan, Sutarman ora sengaja weruh ana slilit ing untune Pak dhene.
“Aduh, piye ya anggonku ngelingake marang Pak dhe yen ana slilit. Perkewuh yen
diomongke mengko Pak dhe dadi isin. Halah wis pokoke aku kudu ngomongake, sing
penting niyatku apik.” Sutarman mbatin.
“Ngapunten Pak
dhe.” Karo mesem, Sutarman nyelani.
“Ya, piye Man.
Ana apa?” Pak dhe mangsuli.
“Ngapunten sak
derengipun, Pak dhe. Menika wonten slilit ing
wajanipun Pak dhe.” Sutarman kanthi kisinan ngacungake tangan nunjuk
marang panggonan slilite Pak dhene.
“Walah,
ngapunten niki, Pak dhe ora ngerti.” Pipine Pak dhene Sutarman katon abang,
nandakake yen nahan isin. Banjur piyambake nutupi tutuke nganggo tangan, rada
nunduk karo ngguwang slilite. Sutarman sanajan durung tau omong-omongan karo
Pak dhene nanging, dheweke ora isin. Dheweke pancen kendel tur pinter srawung
sanajan karo wong sing nembe dikenal. Dene Ibu lan Bu dhene Sutarman nahan
guyune karo ngalihake gunemane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar