Selasa, 23 Desember 2014

Resensi Novel Pinesthi

PINESTHI DENING R.Ngt. SUISDIYATI SARMO

Judul                           : Pinesthi
Panyerat                      : R.Ngt. Suisdiyati Sarmo
Penerbit                       : Azzagrafika
Taun terbit                   : 2013
Jumlah halaman           : 68

Novel Pinesthi iki nyritakake babagan katresnan ing donyaning pandhidhikan. Kacarita Tanti bocah kang ayu, pawakane kencir dadi kawigatene kanca-kanca lanang. Ing SMA, Tanti disenengi kanca-kancane, guru lan karyawan sekolah amarga dheweke ora tau mbedak-mbedakake. Ing sekolah kono muride pancen akeh sing wis nyambut gawe.
Nalika ujian sekolah, gurune nganakake kelompok belajar. Sak kelompok bocah telu, lanang loro lan wadon siji. Tanti sak kelompok karo Hartono lan Pak Kusna. Sawijinin dina Ibune Tanti krungu kabar saka Pak Maryo yen Tanti anggone kelompokan ora tenanan, namung dolan mrana-mrene ora sinau. Pak Maryo ngwei kabar ora bener kasebut merga ora seneng yen Tanti cedak kaliyan Pak Kusna, merga dheweke duwe rasa marang Tanti.
Bengine Tanti ora bisa turu amerga mikir kedadeyan kang nembe kelakon. Gegambarane Pak Kusna lan Pak Maryo kumlebet ing angen-angene Tanti sak durunge turu.
            Ora krasa anggone turu, dina wis awan. Tanti banjur adus,sarapan diterusake mangkat sekolah kaliyan Pak Kusna. Pak Maryo weruh yen wong loro kui mangkat bareng. Pak Maryo nesu lan genjotane dibanterake ngedohi Tanti lan Pak Kusna.
Raket
Sesrawung Tanti lan Pak Kusna sangsaya raket, sabendina mangkat mulih sekolah bareng. Wektu kui udane ora terang-terang, nganti sue anggone Tanti ngenteni terang banjur Pak Kusri teka lan ngajak Tanti bali bareng. Tekan dalan udane sangsaya gedhe, wong loro mau banjur ngiyub ana pom bensin. Saya  sue saya adhem, mula Pak Kusna mepeti karo nyekel tangane Tanti. Tanti dheg-dhegen ora karuwan.
            Sawijining dina kanca-kancane Tanti dolan menyang Gunung Clereng ing Kabupaten Kulonprogo, ana kana Tanti ora wani nyemplung padusan awit ora bisa nglangi. tekan duwur gunung Tanti awake panas lan mumet. Banjur kanca-kanca mutusake supaya bali merga wis sore. Ing sepur nalika bali, Pak Kusna ngrangkul Tanti. Tanti banjur nduwe tresna, rasa kang tentrem yen ana cedhake Pak Kusna.


Pacangan
Pak Hadi Supadmo, Bapakne Tanti prentah supaya enggal-enggal golek bojo. Bapakne njodohake Tanti karo pengusaha anake priyayi kutha. Dene Tanti tresnane kaliyan Pak Kusna. Ananing bapakne ora seneng kaliyan Pak Kusna merga wong ndesa. Tanti sangsaya bingung, atine trataban krungu Bapakne ngendikan mangkono. Bapakne Tanti ndesek Tanti mbojo merga dheweke nduweni gerah liver karo asma.Pikiran kui banget ngganduli Tanti, dheweke sering mriyang. Ana sekolah sering semaput nganti mlebu rumah sakit.
Kuwur
Limang dina opname, Tanti wis entuk mulih. Telung dina neng omah banjur pindahan, dheweke ngekos cedhak daleme Bapake.
Nalika wengi sakite Pak  Hadi kumat, Bu Kartilah menawi Ibu kewalon Tanti banjur ngundang-undang Tanti perlu prenah supaya Bapakne diurusi. Weruh Bapakne megap-megap, Tanti ora tegel banjur Bapake digawa menyang griya sakit. Ananging Bu Kartilah ora gelem ngancani mriksakake Pak Hadi, sing ngancani Pak Kusna. Pak Hadi banjur dipasangi oksigen karo siinfus barang.
Barang wis limang dina, Pak Hadi wis saya sehat, banjur digawa mulih. Tan kocapa, Pak Hadi kelingan ngenani rembugan bebojoan biyen. Tanti bingung banget arep matur ewuh. Dheweke wedi yen bapak gerah maneh. Atine kesiksa. Sing rembugan karo Ibune ngarep-arep wangsulane Tanti, Tanti dhewek ngarep-arep Pak Kus. Dene Pak Kus durung tau nembung Tanti sanajan tandha-tandha wis cetha.

Bocah lola
Ing wulan Mei, Pak Hadi gerah maneh. Pak Hadi mlebu rumah sakit maneh. sore kuwi Tanti arep crita karo bapake. Alon-alon Bpakne di gugah, di aras wiwis sirah, tangan lan sikil.  Ananging Bapak ora obah, sikile anyep. Tanti bingung, banjur ngundang dokter. Sak wise dipriksa, dokter ngendhika yen Bapak sampun kapundhut dening Gusti. Tanti langsung lemes, balunge krasa dilolosi banjur semaput. Saben sadar, sadhela-sadhela semaput maneh ora kuwat nahan sedhih ditinggal seda Bapakne.

Nglamar
Nganti pirang-pirang minggu Tanti isih sedhih yen kelingan Pak Hadi Bapakne, rasane sepi. Nalika Tanti lagi lungguh ana lawang, banjur Pak Kusna nyedhaki. Tanti dirangkul, eluhe ora bisa diampet, Tanti nangis.
            Ora let swue, Pak Kusna banjur ngomong apa sing saprene suwene dipendhem ning njero atine. Pak Kusna matur yen dheweke tresna marang Tanti. Sanalika tanti gemeter, ndhredheg. Sing dirasakake Pak Kusna padha karo sing dirasakna Tanti. Wong loro kui padha-padha nduweni rasa ayem, tentrem yen lagi ana cedhakan. Pak Kusna banjur matur yen ora suwe dheweke lan Bapakne arep nemoni Ibune Tanti perlu nglamar Tanti. Pak Kusna ora nyana, yen Ibune Tanti bakal maringake Tanti supaya dipek bojo dheweke. Kusna seneng banget.

Dipingit
Tanti wis dadi tunangane Pak Kusna. Ananging sing arep mbojokake Pakdhene, merga Pakdhene ora duwe putra. Dadi kepengin ewuh najan mung sepisan. Sarate Tanti kudu manggon telung wulan ana omahe Pakdhene mau.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar