Kaya umume dhaerah agraris tradhisional, Dhusun Talpitu, Desa Ngemplak, Kecamatan Karangpandhan, Kabupaten Karanganyar uga nglestarekake Suran Jambaleka. Diarani Suran, amarga, upacara adat iki diadani pendhak sasi Sura. Dene Jambaleka mujudake papan keramat sumarene Pangeran Arya Kusuma Jambuleka, cikal bakal padesan kasebut.
Nganti saiki kena diarani durung ana ahli sejarah sing naliti riwayate bangsawan, kang jarene, isih trah Majapahit mau. Sing ana mung dongeng, lengendha turun-tumurun. Warga ngenggon percaya, tokoh kang dimakamake ing Talpitu kuwi mujudake salah sijine atmajane Prabu Brawijaya V. Arya Kusuma, ya Arya Leka lair saka garwa paminggir Rara Supadi, asal Sapudi, pulo cilik sacedhak Madura. Arya Kusuma kasinungan rupa bagus njenthara, mula uga karan Arya Pekik.
Diwasane Arya Leka kapundhut mantu Jaran Panole I, Adipati Sumenep. Sasurude marasepuhe, Arya Leka nglintir dhampar kadipaten jejuluk Jaran Panole II, alias Jaran Panole Sumenep. Abad 14 Majapahit kabedhah Demak Bintar. Arya Leka utawa Jaran Panole Sumenep dening ramane, Brawijaya V, dipasrahi mandhegani armadha laut Majapahit. Lan, wis dadi karepe sejarah, Majapahit wusanane ambruk.
Suthik dadi telukan, Arya Leka sagarwa pilih linggar saka Madura, mlaku saparan-paran mangulon arahe. Satekane gumuk ing sikile Gunung Lawu sing dituwuhi wit tal cacah pitu, panjenengane lerem arsa dedunung. Jumbuh karo papane, Arya Leka banjur nyebut dhirine Ki Ageng Jabal Leka. Jabal tegese punthuk utawa gumuk. Dene wewengkon panggonane dedunung nganti puput yuswa, nurut rejaning jaman, nuli karan Talpitu.
Ora ditemokake cathetan kapan panjenengane seda. Sing cetha makam utawa pasareyane banget dikramatake dening masyarakat, mlgine Dhusun Talpitu, lan umume Desa Ngemplak. Warga percaya suwargi kasinungan karomah. Kasunyatan nuduhake, jaman gegeran perang kamardikan sakehing warga kono kang keplayu ngungsi neng makame Jabal Leka tansah kalis saka pambujung lan pangamuke serdhadhu Walanda.
Kompleks pasujarahan kuna iki pancen katon singup. Gapura ngarep wangun candhi bentar, dijangkepi gerdhu pejagan sisih kiwane sarta plang kayu kanthi tulisan: Makam Ki Ageng Haryo Kusuma Jambuleka Talpitu, Ngemplak Karangpandan. Kijinge ginawe saka blebekan watu alus werna krem, perangan tengahe divariasi ireng. Cundhuk karo watu bunder ireng sak bal voli minangka maesane.
Jirat kubure Ki Ageng Jambaleka utawa Jambuleka iki tinutup slambu mubeng, mapan jroning cungkup cakrik Joglo Lawakan. Saka gurune migunakake kayu wutuh glondhongan cukupan gedhene. Jejer sisih kiwane ana makam prasaja. Pager cungkup isih wujud bethek pring. Ing lawangan ngarep rinengga dwarapala sepasang sing wis katon lumuten. Sanjaban pager dikebaki sawernane wit-witan, kaya ta aren, keningar, sonokeling, mahoni lan kemuning. Wit-witan mau, mbokmenawa kagawa saking tuwane, tuwuh kliwat gedhe lan ngrembuyung. Sunaring srengenge nganti angel nembus, temahan lemah sangisore ketok ngumes.
Sisih tengene pendapa makam tinemu tugelan kayu cacah loro sing dipayoni wangun payung. Siji, arupa balok silinder saukuran bedhug cilik. Sijine maneh sabrebetan kaya tilas wit-witan garing. Najan wis alum isih cetha dinulu anane sawuran kembang mawar ing sakupenge kayu-kayu kasebut. Persis adhep-adhepan karo joglo pasareyane Ki Ageng Jambuleka, dipisahake plataran rada jembar, didegi wewangunan los cilik minangka papan ngaso kanggo para pejiarah.
Nitik bahan bangunan kang digunakake, pundhene Ki Ageng Haryo Kusumo Jambuleka mujudake asil renovasi anyar. Manut sawetara pendhudhuk kono, pemugaran sepisanan ing taun 1986 dibandhani dening saweneh pejiarah saka Jawa Timur. Sabanjure, taun 2005, para pasujarah liyane ngragadi gawe gapura bentar minangka lawangan mlebu menyang kompleks makam. Dene Pemkab Karanganyar mbiyantu mbangun talud taun 2007.
Durung kinawruhan kepiye mungguh mula bukane adat Suran Jambaleka. Pitakonan ngenani tradhisi iki, mujudake produk budaya tinggalane sawargi Ki Ageng, apa tuwuh saka kalangane masyarakat kanggo memule pundhene sawise panjenengane seda, ora entuk wangsulan gumathok. Mbah Dikromo, saweneh warga sing dipethuki nembe rencek negor pring sanjabane makam mung bisa ngujar, “Suran Jambaleka niku pun enten wiwit jaman ja-mbejuja riyin.”
Saben tanggal 1 Sura masyarakat Dhusun Talpitu, Ngledok, lan Ngablak keriglampit ngadani wilujengan ing Pundhen Jambaleka. Ritual sesaji munjukake suka syukur marang Gusti Allah iki lumaku telung dina suwene nganti 3 Sura. Dina kapisan manjing maghrib upacara diwiwiti kanthi nyanggarake kendhi pitu isi banyu wening ing pasareyane Ki Ageng Haryo Kusumo Jambuleka, lan diterusake donga engga kliwat tengah wengi.
Esuk dina candhake mradat wedhus kendhit, yaiku wedhus sing duwe wulu sleret putih tepung gelang pener wetenge, ing areal makam. Daginge banjur dikela minangka jangkepe sesaji. Sasuwene dimasak ora kena diicipi, lan para wanita sing kapasrahan nandangi olah-olah ora kapinujon lagi nggarapsari. Ngarepake wayah tengange, warga saka telung padhukuhan kasebut melu nggabung ing pundhen karo nggawa tampah isi sawernane ubarampe wilujengan.
Sawise sakabehe rinasa tumata, ngepasi sangate para sesepuh dhusun nuli ngleksanani adicara tumuruning toya wening. Kendhi cacah pitu sing sawengi sadurunge disanggarake dijupuk, lan banyu isine didumake marang sakabehing warga, kalebu pejiarah kang melu ngestreni. Lebar kuwi kenduren. Sanggan ubarampe slametan gawane masyarakat dipangan bareng sarampunge didongani. Dina katelu dianakake udhik-udhik minangka panutupe rerangken tradhisi Suran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar