Wedaran Kitab Betaljemur Adammakna
Neptu Dina lan Pasaran Miturut Pitungan
Jawa
Wiwit jaman kuna para leluhur kita wus nate nilari ilmu, kang disusun
anaing Kitab Betaljemur Adammakna. Salah sawijine ilmu mau yaiku petungan neptu
dina lan pasaran. Kagone wong Jawa neptu dina lan pasaran iku duweni wigati
kang gede. Ora mung sadremo kango mengerteni jumlahe pitungan neptu, uga saka
neptu iku wong Jawa bisa mengerteni sifate, rejekine, apse, lan liya-liyane.
Ing Rubrik Bahasa Jawa, redaksi
babareken wedaran Kitab Betaljemur. Kitab punika babon aslinipun kagungan dalem
Kanjeng Pangeran Harya Tjakraningrat, lajeng kaimpun dening R.Soemodidjojo.
Kitab punika ngemu isi ngewrat ilmu-ilmu
Jawi titilaranipun leluhur ing jaman kina. Wajib kita pepetri amargi nyata
bilih ilmu-ilmu ingkang kasebut ing primbon punika dados kabetahaning ngagesang
ing sadinten-dinten.
Ingkang pembuka bade kawedar babagan
neptu dina pasaran miturut petangan Jawi. Inggih punika;
Petangan
dina :
Akad neptu 5, Senin 4, Selasa 3, Rebo 7,
Kamis 8, Jumat 6, Setu 9.
Petangan
pasaran :
Kliwon neptu 8, Legi 5, Pahing 9, Pon 7,
Wage 6.
Petungan
sasi lan taun,
Yen sasi Suro neptu 7, Sapar 2,
Rabinguawal 3, Rabiungakhir 5, Jumadilawal 6, Jumadilakhir 1, Rejeb 2, Ruwah 4,
Pasa 5, Sawal 7, Dulkaidah 1, Besar 3. Taun Alip neptu 1, Ehe 5, Jimawal 3, Je
7, Dal 4, Be 2, Wawu 6, Jimakir 3.
Dina
ala lan ala banget
Dina ala iki ora kena kanggo lelungan lan liya-liyane, yaiku Akad Paing, Setu Pon, Jumuah Wage, Selasa Kliwon, Senin Legi lan Kemis Wage. Dina kang ala banget, Rebo Legi, Akad Paing, Kemis Pon, Selasa Wage lan Setu Kliwon.
Warsa (taun) kang ora kena kanggo mantu
lan sapadhane, pitunge ajeg tiba saben tanggal 29 utawa 30 sasi Besar. Yen tiba
taun Alip ana ing dina Setu Paing, taun Ehe dinane Kemis Paing, Jimawat dinane
Senen Legi, Je dinane Jumuah Legi, taun Dal tiba dina Rebo Kliwon, taun Be tiba
dina Akad Wage, taun wawu dinane Kamis Pon, taun Jimakir tiba dina Slasa Pon.
Sangaring
warsa (taun).
Uga ora kena kanggo mantu lan sapadhane,
pitunge ajeeg tiba tanggaping warsa let 3 dina, (saben sasi Suro tanggal 3).
Yen tiba tahun Alip dinane Jumuah Legi, Ehe tiba Slasa Kliwon, Jimawal dinane
Akad Kliwon, Je dinane Kemis Wage, taun Dal dinane Senin Pon, Be tiba dina Setu
Legi, Wawu Rebo Paing lan Jimakir tiba dina Akad Legi.
Sasi
kang rahayu, becik kanggo samubaranggawe kang perlu.
Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane
Rebo, Kemis. Sasi Mulud, Rabingulakir lan Jumadilawal dinane Jumuah. Sasi
Jumadilakir, Rejeb lan Ruwah dinane Setu, Akad. Sasi Pasa, Sawal, Dulkaidah
dinane Senen lan Slasa.
Sasi Sarju, yaiku sasi kang sedeng
kanggo samubaranggawe. Yen tiba sasi Besar, Sura, Sapar dinane Jumuah. Mulud,
Rabingulakir, Jumadiiilawal dinane Setu, Akad, Jumadiilakir, Rejeb, Ruwah tiba
dina Senen, Slasa.. Sasi Pasa, Sawal lan Dulkaidah diinane Rebo, Kemis. (sis)
Sangaring Tanggal
Sangaring tanggal kang prayoga disirik samubarang gawe kang perlu.
Sasi
|
Tanggal
|
Dina
|
Kadadeyane Taliwangke
|
Sura
|
17,27,11,14
|
Rebo paing
|
Luwih gedhe rubedane
|
Sapar
|
12,22, 1,20
|
Kemis pon
|
Sinung lara kesandung
|
Mulud
|
13,23,10,15
|
Jum’ah wage
|
Sinung lara weteng
|
Bakdamulud
|
15,25,10,20
|
Saptu kliwon
|
Larane lunga teka
|
Jumadilawal
|
16,26,10,11
|
Senen kliwon
|
Sinung lara bebalung
|
Jumadilakir
|
11,21, 3,14
|
Selasa legi
|
Sinung lara owah
|
Rejeb
|
2,22,11,12
|
Rebo paing
|
Sinung klebon wisa
|
Ruwah
|
14,24,19,28
|
Kemis pon
|
Kena wisane dhewe
|
Pasa
|
15,25,10,20
|
Jum’ah wage
|
Sinung lara mata
|
Sawal
|
17,27, 2,20
|
Saptu kliwon
|
Gung kena perkara
|
Dulkangidah
|
11,21, 6,12
|
Senen kliwon
|
Sinung gring kapit
|
Besar
|
13,23, 1,20
|
Selasa legi
|
Gung kasusahan
|
Petung Pasatohan salaki rabi
Petungan panganten lanang lan wadon, neptune dina lan pasaran digunggung
banjur kabagi 9, lanang turah pira wadon turah pira.
yen turah :
yen turah :
Turah
|
Keterangan
|
Turah
|
Keterangan
|
1 lan 1
|
becik kinasih
|
4 lan 4
|
kerep lara
|
1 lan 2
|
becik
|
4 lan 5
|
akeh rencanane
|
1 lan 3
|
kuat,adoh rejekine
|
4 lan 6
|
sugih rejeki
|
1 lan 4
|
akeh bihahine
|
4 lan 7
|
mlarat
|
1 lan 5
|
pegat
|
4 lan 8
|
akeh pangkalane
|
1 lan 6
|
adoh sandhang pangan
|
4 lan 9
|
kalah siji
|
1 lan 7
|
sugih satru
|
5 lan 5
|
tulus begjane
|
1 lan 8
|
kasurang-surang
|
5 lan 6
|
cepak rejekine
|
1 lan 9
|
dadi pangautan
|
5 lan 7
|
tulus sandang pangane
|
2 lan 2
|
slamet, akeh rejekine
|
5 lan 8
|
akeh sambekalane
|
2 lan 3
|
gelis mati siji
|
5 lan 9
|
cepak sandang pangane
|
2 lan 4
|
akeh godang
|
6 lan 6
|
gedhe bilahine
|
2 lan 5
|
akeh bilahine
|
6 lan 7
|
rukun
|
2 lan 6
|
gelis sugih
|
6 lan 8
|
sugih satru
|
2 lan 7
|
anake akeh mati
|
6 lan 9
|
kasurang-surang
|
2 lan 8
|
cepak rejekine
|
7 lan 7
|
ingikum maring rabine
|
2 lan 9
|
akeh rejekine
|
7 lan 8
|
nemu bilahi saka awake dhewe
|
3 lan 3
|
mlarat
|
7 lan 9
|
tulus palakramane
|
3 lan 4
|
akeh bilahine
|
8 lan 8
|
kinasih dening wong
|
3 lan 5
|
gelis pegat
|
8 lan 9
|
akeh bilahine
|
3 lan 6
|
oleh nugraha
|
9 lan 9
|
giras rejekine
|
3 lan 7
|
akeh bilahine
|
|
|
3 lan 8
|
gelis mati siji
|
|
|
3 lan 9
|
sugih rejeki
|
|
|
Keterangan :
Saumpama weton panganten lanang Jumuah Kliwon neptune 6 + 8 = 14 , kabagi
9, turah 5.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.
Weton panganten wadon Jumuah Paing, neptune 6 + 9 = 15, kabagi 9 turah 6.
Dadi 5 lan 6 tiba cepak rejekine, iku becik.
Petung
salaki rabi
Wetone panganten lanang wadon, neptune
dina lan pasaran digunggung, banjur kabagi 4, turah pira.
·
Yen turah 1 tiba Gentho yaiuku larang
anak.
·
Yen turah 2 Gembili, sugih anak,
·
Yen turah 3 Sri, sugih rejeki lan
·
Yen turah 4 tiba Punggel, mati salah
siji
Keterangan :
Saumpama wetone panganten lanang Jumuah
Pon, neptune 6 + 7 = 13.
Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.
Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 + 9 = 17.
Gunggung 13 + 17 = 30, kabagi 4 turah 2 tiba gembili, sugih anak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar