Kamis, 18 Desember 2014

Wataking Bayi Miturut Dina lan Pasaran




kanthi dedasar ngewrat rupi-rupi ilmu ingkang taksih ginaib tuturutan saking kalempakaning primbon rupi-rupi titilaran jaman kina,Miturut katrangan Kitab Primbon Betaljemur Adammakna,Yen ana bayi kang lahire ing dina lan pasaran :

1) Jumat Kliwon : Yen lanang mung sedhengan micoro ne. yen wadon lanas,lan ngewani marang wong lanang
2) Setu Legi : Cukeng,pinter golek milik,wasis lan sugih
3) Ahad Pahing : Wegig,pikire prayitno,nanging semu diri lan piyangkuh koyo-koyo amutero jagad
4) Senen Pon : manis wicarane,biso ngenaki pikir sesamaning wong lan akeh rejekine
5) Slasa Wage : Lumuh wuruk ora micoro. Yen wadon becik prayoga,bisa nyimpen arta

6) Rebo Kliwon : Wegig micoro,yen rusuh watak pandhita
7) Kemis Legi : lantip pikire,lumuh kaungkulan. nanging yen wadon ngewani padu mring wong lanang
8) Jumuah Pahing : Meneng,yen busuk babar pisan,yen pinter dadi panutan wong akeh
9) Setu Pon : Biso kriya gawene,biso golek melik
10) Ahad Wage : Gedhe karepe,yen duwe pikir koyo dene ura keno dipalangi

11) Senen Kliwon : anteng pikire,yen isih enom bandhel sedelo,yen wus tuwo alus pikire
12) Slasa Legi : kurang micara,ning yen juweh wegig,becik pikire
13) Rebo Pahing : kapara diri,lumuh kungkulan,banter pikire
14) Kemis Pon : anteng pikire,meneng,besus sembarang ura ketara,piyangkuh nanging piyangkuh gemi tegese
15) Jumuah Wage : micoro,juweh patitis,cetho ning cengkiling,lilan ning kerep kesandung

16) Setu Kliwon : pinter ning satemene bodho,lalen nanging temen,lumuh maju gawe
17) Ahad Legi : Lalen merga kurang wegig kapinterane,karemane madon kang padha laku ala panggawe ngiwa
18) Senen Pahing : Murko marang pagaweyane,sakabehe sedhengan,yen wadon pikire luwih prayoga
19) Slasa Pon : Kurang pikir,lumuh ing prakara. Yen wadon sae,prayoga sinelir ing priyayi
20) Rebo Wage : Sedengan Pikire,maju ing gawe. Yen wadon ngewani marang wong lanang

21) Kemis Kliwon : Kurang pikire ing gawe. Yen wadon sedhengan pamikirane
22) Jumuah Legi : Ela-elu ora duwe pikir dhewe,yen kalah gela njero batine banjur susah atine
23) Setu Pahing : Biso golek melik,lan bisa simpen wicara alus
24) Ahad Pon : Kurang pikir,percoyo ing liyan. Yen wadon prayoga,bisa simpen kayane wong lanang
25) Senen Wage : Kurang pikire,bregundung atine,wani pakewuh,wani mati. Yen wadon becik

26) Slasa Kliwon : Yen busuk babar pisan,yen pinter dadi pujangga/ngulama
27) Rebo Legi : Lumrah Prasaja,gelem njaluk gelem weweh
28) Kemis Pahing : Tentrem anteng,tan amikir,maju gawe temen,sedhengan sembarang gawene
29) Jumuah Pon : Wegig sajroning pikir,ning yen ora kaduga mlengos,ewa atine kang ala
30) Setu Wage : Lalen panggrahitane,pikire sajroning ati kaku,lengus sedhela banjur mari

31) Ahad Kliwon : Murka sugih karep. Yen wadon boros ing darbeke
32) Senen Legi : Anteng nora dhemen micara,welu karepe. Yen wadon becik sabarang gawene
33) Slasa Pahing : Isinan kaku pikire andhap patrape,lumuh mring pagaweyan.Yen wadon remen mengku kakunge
34) Rebo Pon : Kuat pikire sregep ing gawe,temen sedyane. Yen wadon gemi ning kaku pikire
35) Kemis Wage : Banter budine,saguh ing gawe,kuwat sabarang pakewuh. Yen wadon pikire ora lilan

http://burqi.mywapblog.com/wataking-bayi-miturut-dina-lan-pasaran-n.xhtml

Tidak ada komentar:

Posting Komentar