Sabtu, 20 Desember 2014

RURA BASA


yaiku ukara sing dianggep bener nanging asline salah kaprah
Adang sega = adang beras supayane dadi segaKelan Lodheh = nggodog janganan supaya dadi sayur lodehMbathik Iket = mbathik mori supayane dadi iketMbunteli tempe = mbunteli dhele sing wis di ragi supaya dadi tempeMenek klapa = menek wit klapaNdheplok gethuk = ndheplok tela godhok didadekake gethukNdondomi klambi = dondom kain gawe klambiNdhundhuk sumur = ndhundhuki lemah digawe sumurMikul dhawt = mikul klenthing isi dhawetNegor gedhang = negor wit gedhangNenun sarung = nenun benang digawe sarungNetel jadah = netel ketan supaya dadi jadahNgekum landha = ngekum arenge merang supaya dadi landhaNgenam kepang = ngenam iratan pring digawe kepangNggodog wedang = nggodog banyu arep gawe wedangNglinthing rokok= nglinthing mbako klobot digawe rokokNgulek sambel = ngulek lombok uyah digawe sambelNulis layang = nulis dluwang kanggo kirim layangNunggu manuk = nunggu sawah supaya parine ora di thotholi manukNunggu geni = nunggu kayu supaya genine ora mati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar